5 Komentar

BABAD – TANAH – JAWA

Wishnu Wahyu Muria and http://www.facebook.com/browse/participants/?q=AeLbpHoPz4PTXe2svX0FjbXIXnbwM5gpRScdQsEB898QaZ8JutDfmiXae0g7q_gAIdtVE0bCCgTJeIMPfrDaY9-YWwdq-Qo6h_XsVNsSjBcpJddCsEU8emTI7cPn25SSL6Xw8jNFDqN4IHy6HiRhMTOkEJ7JNDYEtC38FCNdZi-FMG2eiwzq0WdcRuq9uN-kU4jgOEsFCOSmWi2Fy-u8CXW5r5wtIzT08wxKEmxcQXw917D8SYk9p-NaP1lInjbFHpnTQaX2dckAQBVr4eCCQAU1″ rel=”dialog”>5 other people were tagged in Trah Limansantoso‘sphoto from last month. — with Lukito Okto and http://www.facebook.com/browse/participants/?q=AeLYwvRbFhOrPX27znTKZaGphU_lOah_i_9ssLojNYFIuWKfubPKSsGhMgmg0pmLgMZyFr0u1nUfq-6A4TxhApD0fPUFzcped7Jsq33tZ7MwW0W4OTjl6NENp9-TI0wIMv3ZT0QprJXqToR25rDx2cNrJq-3F1HigOHzj79HPltsZXAxec1QTPI01ahWNxz7eOEF8HdaNbVfZMDEPAxuFBYMjGgYZhDVjyGu1EYS4F4mpM4l_IIwQtYD0Zc7nZ-dZ2dKzkScXy4OCWtFVplFb6S4D22KehB2MCrIbgzPkSazCg6ZS1jjkYtNCCMC-YaybDw_5dl-r6_FiIF9kL_cY7Y50E8eu4cQcy5EyAf6DVCoAEeQO8227WMk1wkZjWSL2XnraJaAZhIu7MlIJuLRAeXHUUKHbVCjl1_QJJoKdf25rr_cImIkKc7G7seq-n6D7IKfnLG6H6mf0rNEFCqf7S0m2IC2PiBwzocP-LZ7FKWcq4UYR-ElbA4RwCni6UgjPrD98RJKRPRhkshlTwM-KKzaagaHNUK7PxNfftsgfvRNpc6kHDnap4-TGNQe_oAKwMGjZh4ZEjUCkKnShLpjkLfQlmoK1QEdyXGu-lXgSKPj3SEMJdzFmeHXxKFaJnbxsXldvWw9aZjTJ5Y2lEcmgqadSYl6aT7_6RKkXPSPnsbMcUpnAMKk1bS-jwLxdGlSWCFvbMV0Aaxp-rk4Vb84avWRDXqoWNOBP8uMXrtpeLfORGA4GVzRrwrmxP7urpsJgJOMKbmT-Mp0mYwqtu2p2umLqmiinDYCHB0f0tYbj0Cc4Ln-skZC3gDQ9TNz_TGakDJOCEpV9Xdwj09L9X5CTEpg” rel=”dialog”>36 others.

BABAD – TANAH – JAWA
Diposkan oleh Nyi Mas Sekar Kencana Larang (-1-)
Punika Sêrat Babad Tanah Jawi Wiwit Saking Nabi Adam Dumugi ing taun 1647 Kaêcap wontên ing tanah Nèdêrlan, ing taun Wêlandi 1874 — 2 — Punika sajarahipun para ratu ing tanah Jawi, wiwit saking Nabi Adam apêputra Sis, Êsis apêputra Nur Cahya,Nur Cahya apêputra Nur Rasa, Nur Rasa apêputra Sang Hyang Wêning, Sang Hyang Wêning apêputra Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang Tunggal apêputra Bathara Guru, Bathara Guru apêputra gangsal, anama Bathara Sambo, Bathara Brama, Bathara Mahadewa, Bathara Wisnu, Dèwi Sri, Bathara Wisnu wau jumênêng ratu wontên ing pulo Jawi ajêjuluk Prabu Sèt, Kadhatonipun Bathara Guru anama ing Suralaya. Bathara Guru wau kagungan sêngkêran putri ayu ing nagari Mêndhang, karsanipun badhe kainggahakên ing swarga sarta kadamêl garwa.
Anuntên Bathara Wisnu panuju sawêk pêpara, kapencut aningali putri ing Mêndhang wau, botên sumêrêp bilih sampun kasêngkêr dhatêng ingkang rama, lajêng kapêndhêt garwa, punika sangêt andadosakên dukanipun Bathara Guru. Sang Hyang Narada lajêng kautus andhawahakên dêduka dhatêng Bathara Wisnu sarta anglungsur karatonipun, Bathara Wisnu anuntên kesah saking ing nagari, atapa dhatêng ing wana wontên sangandhaping uwit wringin jèjèr pitu, ingkang garwa putri ing Mêndhang wau dipun tilar. Kacariyos nagari ing Gilingwêsi, wontên ingkang jumênêng ratu ajêjuluk Watugunung, garwanipun kêkalih,[1] — 3 — satunggil nama Dèwi Sinta, kalih Dèwi Landêp, putranipun pitu likur, sami kakung sadaya, anama Wukir, Kurantil, Tolu, Gumbrêg, Warigalit, Warigagung, Julungwangi, Sungsang, Galungan, Kuningan, Langkir, Môndhasiya, Julungpujut, Pahang, Kuruwêlut, Marakèh, Tambir, Madhangkungan, Maktal, Wuye, Manahil, Prangbakat, Bala, Wugu, Wayang, Kulawu, Dhukut, sami patutan saking Dèwi Sinta. Kala sêmantên nagari ing Gilingwêsi kadhatêngan gêgêring agêng, kathah tiyang alit ingkang sami risak, sarta awis têdha, asring wontên grahana srêngenge utawi grahana rêmbulan, jawah salah môngsa, lindhu kaping pitu sadintên, punika sadaya anjalajati, yèn nagari ing Gilingwêsi badhe risak. Prabu Watugunung sakalangkung susah ing galih, aningali risakipun ingkang abdi, sang nata sarean wontên ing kathil gadhing, garwanipun ingkang nama Dèwi Sinta angulik, aningali yèn sang nata ciri mastakanipun buthak, matur pitakèn ingkang dados sababipun, sang prabu anyêrêpakên, yèn kalanipun taksih lare, ingkang ibu sawêg angi, sang nata mothah, lajêng dipun gitik ing enthong, ngantos mêdal rahipun, lajêng kesah sapurug-purug. Dèwi Sinta kagèt sangêt, botên sagêd ngandika amiyarsakakên pangandikanipun sang prabu, kèngêtan putranipun ingkang kesah lajêng botên mantuk-mantuk [mantuk-mantu...] — 4 — [...k] amargi dipun gitik ing enthong, tètès kalihan cariyosipun sang nata, sangêt susahing galihipun, awit kagarwa dhatêng ingkang putra piyambak, ambudi marginipun sagêd uwal saking sang nata, sarèhning dangu kèndêl kemawon kadangu ingkang dados sababipun, Dèwi Sinta matur, yèn sadangunipun kèndêl anggalih jangkêping kaluhuranipun sang nata, namung kirang saprakawis, kirangipun punika dene sang nata dèrèng krama widadari ing Suralaya. Ciptanipun Dèwi Sinta, bilih sang nata anglamar widadari ing Suralaya, amêsthi dados pêrang, sang nata anêmahi seda, punika marginipun badhe uwal saking ingkang raka. Prabu Watugunung sarêng dipun aturi mêkatên, lajêng sumêja nginggahi ing Suralaya anglamar widadari, enggal andhawuhakên parentah dhatêng para punggawa sarta dhatêng anakipun pitu likur wau, angêrig prajuritipun, sang nata bidhal dhatêng ing Suralaya. Sarêng Bathara Guru mirêng yèn ratu ing Gilingwêsi badhe nginggahi ing Suralaya, lajêng animbali ing para dewa, sami dipun tantun purun akalihan botênipun amêthukakên Prabu Watugunung, sadaya aturipun ajrih. Anuntên Sang Hyang Narada asuka rêmbag dhatêng Bathara Guru, animbalana ingkang putra Bathara Wisnu, mawi dipun sagahana, bilih kadugi angawonakên ratu ing Gilingwêsi, kaapuntên [kaa...] — 5 — [...puntên] sadosanipun, awit liyanipun Bathara Wisnu kadugi botên wontên ingkang kuwawi mêngsah Prabu Watugunung. Bathara Guru parêng, Sang Hyang Narada lajêng tumurun saking Suralaya, badhe angupadosi Bathara Wisnu. Sang Hyang Narada sampun kêpanggih kalih Bathara Wisnu, ingkang sawêk tapa wontên sangandhapipun wringin pitu, sarta andhawahakên timbalanipun Bathara Guru, kados ingkang kasêbut ing ngajêng wau. Bathara Wisnu sagah angundurakên Ratu Gilingwêsi, nanging kalilana mantuk rumiyin, badhe pamitan dhatêng ingkang garwa. Sang Hyang Narada dipun aturi angêntosi wontên sangandhaping wit wringin pitu wau. Bathara Wisnu lajêng mangkat, badhe amanggihi ingkang garwa, kalanipun katilar rumiyin ingkang garwa wawrat, Bathara Wisnu amêling, bilih ambabar mêdal jalêr kanamanana Srigati. Sarêng ambabar mêdal jalêr, inggih kaparingan nama kados wêwêlingipun ingkang raka, wancinipun sampun diwasa, abagus warninipun. Anuntên Bathara Wisnu dhatêng kêpanggih kalih ingkang garwa saha putra, ingkang garwa dipun wartosi, bilih katimbalan ing Bathara Guru minggah dhatêng Suralaya, kakarsakakên mêthukakên ratu ing Gilingwêsi. Ingkang putra kêdah tumut, nanging Bathara Wisnu botên parêng. Sarêng sampun pamitan dhatêng ingkang garwa lajêng mangkat, sampun kêpanggih kalih Sang Hyang Narada — 6 — wontên sangandhaping wringin pitu. Radèn Srigati ingkang katilar wau anututi lampahipun ikang rama, dumugi ing wringin pitu alênggah wingkingipun, Sang Hyang Narada sarêng sumêrêp yèn punika putranipun Bathara Wisnu kêdah andhèrèk dhumatêng Suralaya, asuka pirêmbag dhatêng Bathara Wisnu, sampun ngantos ambêkta ingkang putra, bokmanawi amêmungu dukanipun Bathara Guru. Ingkang putra lajêng kadhawahan mantuk. Sang Hyang Narada kalih Bathara Wisnu enggal mangkat dhatêng Suralaya, Radèn Srigati katilar wontên sangandhaping wringin pitu. Lampahipun Sang Hyang Narada kalih Bathara Wisnu sampun dumugi ing Suralaya, sami sowan ing Bathara Guru, sawêk eca sami gunêman, botên antawis dangu Radèn Srigati ingkang katilar wau anusul lampahipun ingkang rama, dumugi ing kadewatan, alênggah wingkingipun ingkang rama, Bathara Guru sarêng aningali wontên tiyang neneman bagus warninipun, alênggah wingkingipun Bathara Wisnu, andangu dhatêng Sang Hyang Narada, mênggah tiyang neneman punika sintên. Narada nyêrêpakên yèn punika putranipun Bathara Wisnu, patutan kalih putri ing Mêndhang. Bathara Guru sarêng miyarsakakên atur mêkatên sangêt dukanipun jumênêng saking pinarakanipun malêbêt ing dalêm, Narada anututi, sumêrêp yèn Bathara [Ba...] — 7 — [...thara] Guru duka. Bathara Guru lajêng andhawahakên parentah dhatêng Sang Hyang Narada, andikakakên mundhut putranipun Bathara Wisnu badhe kapêjahan, kadamêl tawuring swarga, sarta Bathara Wisnu andikakakên mêthukakên mêngsah tumuntên. Sarêng Bathara Wisnu tampi dhawah mêkatên. Atur wangsulanipun. Bilih ingkang putra kapundhut badhe kapêjahan, botên purun amêthukakên mêngsah. Sang Hyang Narada lajêng munjuk dhumatêng Bathara Guru, mênggah ingkang dados wangsulanipun Bathara Wisnu. Botên dangu ing jawi gègèr, alok mêngsah dhatêng, Bathara Guru sangêt ajrihipun sarta gumêtêr, amundhut rèh dhatêng Sang Hyang Narada. Aturipun Sang Hyang Narada, bilih botên kasandèkakên karsanipun, anggènipun badhe amêjahi pun Srigati, Bathara Wisnu mopo amêdali pêrang, amêsthi botên sande risakipun ing Suralaya, Bathara Guru miturut rèhipun Sang Hyang Narada, botên èstu karsanipun badhe amêjahi wau, anuntên Bathara Wisnu kadhawahan amêthukakên mêngsah. Bathara Wisnu akalihan ingkang putra sami mêdal saking kadewatan. Badhe amêthukakên Ratu Gilingwêsi, sarêng kêpanggih ajêng-ajêngan kalih[2] Prabu Watugunung, sang nata anantun dhatêng Bathara Wisnu, botên susah pêrangan, manawi sagêd ambadhe cangkrimanipun. Sang nata ngawon. [ngawo...] — 8 — [...n.] Suka lila dipun pêjahana, nanging bilih botên sagêd ambadhe, para dewa ing Suralaya sami nungkula, amasrahna sakathahing widadari, badhe kadamêl garwa, Bathara Wisnu amarêngi ingkang dados panantun punika. Sang nata lajêng mangandikakakên cangkrimanipun. Ana wit adhikih adhakah wohe, ana wit adhakah adhikih wohe. Cangkriman punika kajawab dening Bathara Wisnu, wit adhikih adhakah wohe, punika samôngka, wit adhakah woh adhikih wringin. Sang nata botên sagêd ngandika, rumaos kajawab cangkrimanipun. Lajêng dipun cakra dhatêng Bathara Wisnu, pêgat jangganipun. Sakathahing balanipun sami ngisis. Bibar mantuk sadaya. Sasedanipun Prabu Watugunung Dèwi Sinta sangêt amuwun. Andhatêngakên gara-gara, ngantos dumugi ing Suralaya, andadosakên susahipun para dewa. Bathara Guru andangu dhatêng Sang Hyang Narada, ingkang dados sababing gara-gara, Sang Hyang Narada anyêrêpakên, yèn wontênipun ing gara-gara awit saking pamuwunipun Dèwi Sinta, prihatos amargi pêjahipun Prabu Watugunung. Bathara Guru lajêng dhawah dhatêng Sang Hyang Narada, anuruni Dèwi Sinta, amuriha kèndêlipun muwun. Sarta anyagahana, yèn ing dalêm tigang dintên Sang Prabu Watugunung badhe dipun gêsangakên malih, katurunakên [katuruna...] — 9 — [...kên] sarta jumênêng ratu wontên ing nagari Gilingwêsi malih. Sang Hyang Narada lajêng andhawahakên pangandikanipun Bathara Guru dhatêng Dèwi Sinta, Dèwi Sinta lajêng kèndêl muwun. Gara-gara agêng wau inggih tumuntên ical. Sarêng dumugi ing tigang dintên Prabu Watugunung botên katingal rawuh, Dèwi Sinta lajêng muwun malih, andhatêngakên gara-gara, sangêtipun angungkuli ingkang sampun kalampahan. Bathara Guru andangu malih dhatêng Sang Hyang Narada, ingkang dados sababing gara-gara. Sang Hyang Narada matur, yèn ingkang adamêl gara-gara punika inggih Dèwi Sinta ugi, awit sampun dumugi ing wêwatêsan tigang dintên. Prabu Watugunung dèrèng wangsul dhatêng ing nagari ing Gilingwêsi. Bathara Guru lajêng andhawahakên parentah dhatêng Sang Hyang Narada, anggêsangakên Prabu Watugunung, sarta angantukakên dhatêng nagari ing Gilingwêsi. Sarêng Prabu Watugunung sampun dipun gêsangakên dhatêng Sang Hyang Narada, kadhawahan wangsul dhatêng nagari ing Gilingwêsi, botên purun. Awit sampun karaos wontên ing swarga, panyuwunipun, ingkang garwa sakalihan, kalih ingkang putra sadaya mugi kainggahna dhatêng swarga, nunggila kalih sang nata. Bathara Guru amarêngi panyuwun punika, lajêng andhawahakên parentah, anginggahakên dhatêng swarga garwa akalihan para putranipun. Pamêndhêtipun [Pamê...] — 10 — [...ndhêtipun] saking satunggil-satunggil sabên Ngahad. Punika wiwitanipun wontên wuku tigang dasa. Saking aturipun Sang Hyang Narada dhatêng Bathara Guru, Bathara Wisnu katurunakên dhatêng marcapada; dados ratunipun ing lêlêmbat. Angêrèhakên wolung panggenan. Ing rêdi Marapi, ing Pamantingan, ing Kabareyan, ing Lodaya, ing Kuwu, ing Wringin pitu, ing Kayu Landheyan, ing Roban. Bathara Brama katurunakên dhatêng marcapada jumênêng ratu wontên ing nagari ing Gilingwêsi, anggêntosi Prabu Watugunung. Pulo Jawi sampun nungkul. Lami-lami Bathara Brama apêputra èstri, anama Bramani, Bramani apêputra Tri Trustha, Tri Trustha apêputra Parikênan. Parikênan apêputra Manumanasa, Manumanasa apêputra Sakutrêm. Sakutrêm apêputra Sakri, Sakri apêputra Palasara, Palasara apêputra Bagawan Abiyasa, Bagawan Abiyasa apêputra Pandhu Dewanata jumênêng ratu wontên ing Ngastina, Pandhu Dewanata apêputra Arjuna, Arjuna apêputra Abimanyu, Abimanyu seda wontên ing paprangan, atilar garwa wawrat sêpuh, ambabar miyos kakung, anama Parikêsit, jumênêng ratu wontên nagari ing Ngastina ugi, Prabu Parikêsit apêputra Yudayana, Yudayana apêputra Gêndrayana, Gêndrayana apêputra Jayabaya, anuntên sirna nagarinipun. [na...] — 11 — [...garinipun.] Jayabaya ing Kadhiri apêputra Jayamijaya, Jayamijaya apêputra Jayamisena, Jayamisena apêputra Kusumawicitra, Kusumawicitra apêputra Citrasoma, Citrasoma apêputra Pôncadriya, Pôncadriya pêputra Anglingdriya, Anglingdriya pêputra Prabu Sawelacala, angratoni ing tanah Jawi nagarinipun ing Purwacarita, Prabu Sawelacala apêputra Sri Mahapunggung, pêpatihipun anama Jugulmudha, Sri Mahapunggung apêputra Kandhihawan. Pêpatihipun anama Konthara, Kandhihawan apêputra gangsal. Ingkang pambayun anama Panuhun. Dados ratunipun tiyang tani, adêdalêm wontên ing Pagêlèn. Panggulunipun anama Sandhang Garba, dados ratunipun tiyang dagang, adalêm wontên ing Jêpara, panêngahipun anama Karungkala, karêmênanipun saba wana, dados ratunipun tuwaburu, adalêm wontên ing Prambanan, ajêjuluk Ratu Baka, sundhulanipun anama Tunggul Mêtung, karêmanipun andèrès, dados ratunipun tiyang anggaota, wuragilipun anama Rêsi Gathayu, anggêntosi ingkang rama, jumênêng ratu wontên ing Koripan. Sadhèrèk sakawan wau sami kalèrèh. Rêsi Gathayu apêputra gangsal. Pambajêngipun èstri, anama Rara Suciyan. Panggulunipun anama Lêmbu Amiluhur, jumênêng ratu ing Jênggala, panêngahipun Lêmbu Pêtêng, jumênêng — 12 — ratu ing Kadhiri, sundhulanipun anama Lêmbu Pangarang, jumênêng ratu ing Gêgêlang, wuragilipun èstri, anama Ni Mrêgiwôngsa, krama angsal Lêmbu Amijaya, ingkang jumênêng ratu ing Singasari. Lêmbu Amiluhur apêputra Panji krama angsal putri ing Kadhiri, anama Dèwi Côndrakirana utawi Dèwi Galuh, Panji apêputra Kudalaleyan, jumênêng ratu ing Pajajaran. Prabu Laleyan apêputra Banjaransari, Banjaransari apêputra Mundhingsari, Mundhingsari apêputra Mundhingwangi, Mundhingwangi apêputra Sri Pamêkas. Sri Pamêkas apêputra Arya Bangah, kalih Radèn Sêsuruh, Arya Bangah jumênêng ratu wontên ing Galuh, Radèn Sêsuruh punika ingkang dipun gadhang jumênêng ratu ing nagari Pajajaran. Anuntên kacariyos wontên ajar, atapa ing rêdi Pajajaran, anama Ajar Cêpaka, misuwur yèn tasdik, sumêrêp samukawis kang dèrèng kalampahan. Wartos punika sampun katur ing sang nata, sang prabu karsa angayoni kasagêdanipun kyai ajar, adhawah dhumatêng pêpatihipun, andikakakên dhatêng rêdi, kêpanggih kalihan ki ajar, sarta ambêkta kalangênan sêlir, prênahing wêtêngipun kinandhutan bokor, sampun kados tiyang wawrat mêkatên. Supados dipun batanga dhatêng kyai ajar, jalêr èstrining wawratanipun. Ki patih lajêng [la...] — 13 — [...jêng] lumampah dhatêng ing rêdi, andhawahakên timbalanipun sang nata dhatêng ki ajar, kyai ajar sumêrêp yèn dipun ayoni kasagêdanipun dhatêng sang nata, wawratan wau dipun badhe jalêr. Ki patih sampun munjuk dhatêng sang prabu, sang nata sangêt suka ing galih, awit ki ajar wau kagalih dora, sarêng sêlir dipun rucati tapihipun. Bokor botên wontên. Èstu ing wawratipun. Sang nata sangêt duka, lajêng andhawahakên parentah amêjahi ajar, sapêjahipun ki ajar wontên swara kapirêngan ing sang nata, ujaring swara, hèh Sang Ratu ing Pajajaran, aku kopatèni tanpa dosa, besuk aku malês mênyang kowe, yèn ana wong aran Siyung Wanara, ing kono ênggonku malês. Anuntên nagari ing Pajajaran kenging wêwêlak agêng, kathah têtiyang kang sami pêjah, andadosakên prihatosipun sang nata. Lajêng animbali para nujum andangu têtulaking pagêring, aturipun para nujum, sang nata kapurih suka-suka adhahar eca, sabibaring dhahar lajêng anyarenana tiyang èstri, punika ingkang minôngka têtulaking pagêring, nanging sang nata ing benjing badhe amanggih bilai, dipun sedani dhatêng putranipun piyambak, ingkang mêdal saking garwa sêlir. Sang prabu inggih anglampahi ing pitêdahipun para nujum. [nu...] — 14 — [...jum.] Sabibaring kasukan dhahar eca, sang nata wuru sangêt, lajêng anyarèni sêlir, pinuju ingkang dipun batang wawrat dhatêng ki ajar wau. sarêng sampun andungkap ing môngsa wawratanipun mêdal jalêr, sang nata kèngêtan pambatangipun para nujum, jabang bayi lajêng dipun têdhani wisa, nanging botên pasah, anuntên badhe dipun suwèk-suwèk, nanging para inya amambêngi, rêmbagipun, bilih sang nata kêkah ing karsa, badhe amêjahi jabang bayi, prayogi kalêbêtna ing tabêla, kabucal ing lèpèn Karawang, sang nata inggih sampun marêngi, jabang bayi kalêbêtakên ing tabêla, lajêng dipun kèlèkakên ing lèpèn Karawang. Tabêla ingkang dipun kèlèkakên wau kapêndhêt ing tiyang mancing, anama Kyai Buyut ing Karawang, sarêng dipun bikak ing lêbêt isi jabang bayi, abagus warninipun. Kyai Buyut saklangkung suka ing manah, lajêng kabêkta mantuk, kapasrahakên dhatêng semahipun. Nyai Buyut sarèhning botên gadhah anak dados sangêt ing bingahipun. Jabang bayi dipun pulasara, sarêng sampun diwasa botên pitajêng yèn Kyai Buyut bapakipun sayêktos. Sangêt ênggènipun ngudi anêdha dipun jatènana, Kyai Buyut saking ênggènipun badhe anglêgani pitakènipun dados adamêl dora, asanjang yèn gadhah sadherekan, atapa wontên satêngahing [satê...] — 15 — [...ngahing] wana, sumêrêp sadèrèng winarah, amêsthi sagêd anglêgani ingkang dados pitakèn wau, punika prayogi yèn dipun pitakènana. Ciptanipun Kyai Buyut, môngsa kalampahan Ki Jaka purun dhatêng wana, awit saking têbihipun. Ananging lêpat panyiptanipun. Ki Jaka anêdha dipun atêrêna dhatêng wana. Sarêng sami lumampah Ki Jaka aningali kêthèk, kalihan pêksi siyung, lajêng pitakèn dhatêng Kyai Buyut mênggahing wastanipun. Kyai Buyut inggih anyêrêpakên namaning bêbujêngan kalihan pêksi wau, lajêng kapêndhêt dados namanipun piyambak. Ki Jaka dados anama Siyung Wanara. Sarêng sampun dangu ênggènipun sami lumampah, Siyung Wanara pitakèn griyanipun sadherekan[3] wau. Kyai Buyut kèwêdan ing manah, anyalimpangakên, asanjang yèn sadherekanipun[4] sampun ngalih dhatêng nagari ing Pajajaran, padamêlanipun pandhe, Siyung Wanara sakalangkung bingahipun, cipta badhe sumêrêp ing nagari, anêdha dipun atêrêna dhatêng griyanipun pandhe, Kyai Buyut anuruti, sadhatênge ing griyanipun pandhe, Siyung Wanara kapasrahakên, lajêng katilar mantuk. Salamine wontên griyanipun pandhe, Siyung Wanara sinau pandhe, botên antawis lami sampun sagêd [sagê...] — 16 — [...d] aparon dhêngkul, apalu asta, asupit dariji, kathah tiyang ingkang sami dhatêng griyanipun, aningali kasêktènipun Jaka Siyung Wanara. Anuju Jaka Siyung Wanara kesah dhatêng pêkên kalih Kyai Pandhe, gajahipun ratu ing Pajajaran sawêk dipun guyang, sarêng aningali dhatêng Siyung Wanara lajêng amurugi, mêndhak wontên ing ngajênganipun, yèn sagêda wicantên sêmunipun mêkatên. Gusti, suwawi kula sampeyan titihi, kula bêkta sowan dhatêng rama jêngandika sang prabu, gajah dipun usap gadhingipun. Sakathahipun ingkang aningali sami eram. Kacariyos Sang Prabu ing Pajajaran miyos sineba ing balanipun, sawêk kalangênan ngabên prang tandhing, Jaka Siyung Wanara anonton, dipun ampah dhatêng Kyai Pandhe botên kenging. Sadhatêngipun ing pasowanan lajêng jajar lênggah kalihan sang nata, botên wontên ingkang sumêrêp, anuntên lumêbêt ing kadhaton, kandhêg wontên ing bale sawo, wondene bale sawo punika bilih dipun gêpok mungêl kados gôngsa sarancak. Bale lajêng dipun lênggahi dhatêng Jaka Siyung Wanara, mungêl swaranipun umyung, adamêl kagètipun sang nata, dukanipun inglangkungi[5] lajêng andhawahakên parentah, anyêpêng ingkang purun-purun anggêpok bale, para abdi mantri sami lumampah, Siyung Wanara pinanggih [pinang...] — 17 — [...gih] tilêm wontên ing bale sawo, lajêng dipun tubruk. Siyung Wanara akêkirig, para mantri sami malêsat. Kathah ingkang katiwasan. Sakantunipun ingkang katiwasan sami lumajêng, angunjuki uninga ing sang prabu. Sang nata kadugi ing galih, sumêrêp kasêktènipun Siyung Wanara, lajêng kaabdèkakên, sarta asring dipun utus angirid prajurit ambêdhah nagari, sabên-sabên angsal damêl. Saking sangêt sihipun sang nata Siyung Wanara kajunjung lênggahipun, kaparingan nama Arya Banyak Widhe, sarta alênggah siti karya salêksa, kajawi saking punika kaakên putra, kawênangakên angêtrapakên paukuman badan, sarta paukuman pêjah. Arya Banyak Widhe anglampahakên sakathahing pandhe, dipun dhawahi damêl kanthil wêsi mawi kori, sarêng sampun dados sarta sampun karêngga, kaprênahakên wontên ing dalêmipun. Kala sêmantên nêgari Pajajaran kadhatêngan mêngsah, sang prabu unggul pêrangipun. Arya Banyak Widhe munjuk ing sang nata, yèn gadhah nadar bilih sang nata unggul ing pêrang, dipun aturi kasukan dhahar eca wontên ing dalêmipun. Sang nata inggih amarêngi, lajêng têdhak dhatêng dalêmipun Arya Banyak Widhe, badhe kasukan dhahar eca. Sabibaring dhahar sang nata aningali kanthil wêsi, andangu dhatêng Arya Banyak Widhe, mênggah pikantukipun adamêl kanthil kados mêkatên punika, — 18 — Arya Banyak Widhe matur, kanthil punika bilih tiyang lêsu tilêm wontên ing ngriku dados sêgêr, yèn gêrah dados asrêp, yèn asrêp dados gêrah, tiyang sakit dados waluya, sang nata karsa angayoni, nuntên asarean wontên ing kanthil wêsi, sarêng Banyak Widhe aningali sang nata sarean, korining kanthil lajêng dipun kancing, rencangipun dipun kèn anjunjung, badhe dipun labuh dhatêng lèpèn Karawang. Sang nata sangêt ing dukanipun, andangu dosanipun. Wangsulanipun Banyak Widhe, sarèhning kala taksih alit kalabuh ing lèpèn Karawang, ing mangke walês[6] dhatêng sang nata, kanthil wêsi lajêng siyos kalabuh. Anuntên kauningan dhatêng putranipun sang nata, kang nama Radèn Sêsuruh, lajêng amêpak damêl, badhe anyêpêng Arya Banyak Widhe, botên antawis dangu nuntên pêrang rame, balanipun Arya Banyak Widhe kathah kang pêjah, amargi dipun amuk dhatêng Radèn Sêsuruh, Banyak Widhe amêdali, amêthukakên Radèn Sêsuruh, kêpanggih ajêng-ajêngan. Radèn Sêsuruh dipun lêpasi jêmparing, kenging paningsêtipun tatas, radèn kawirangan sarta giris, mundur lajêng lolos. Lampahipun ngetan lêrês, kandhêg wontên ing dhusun Kaligunting ing griyanipun rôndha, Radèn Sêsuruh lajêng kapêndhêt anak. Salolosipun Radèn Sêsuruh, Arya Banyak Widhe [Wi...] — 19 — [...dhe] sampun jumênêng ratu ing Pajajaran, lajêng andhawahakên parentah dhatêng para abdi bawahipun sadaya, botên kalilan yèn kanggenan Radèn Sêsuruh, sintên ingkang nêrak pêpacak punika amêsthi badhe manggih bilai agêng. Sarèhning dhusun ing Kaligunting wau kalêbêt talatah ing Pajajaran, nyai rôndha sasadhèrèkipun jalêr têtiga, anama Ki Wiro, kalih Ki Nambi, tiga Ki Bandar, sami sangêt ing ajrihipun, sumêrêp pêpacakipun sang prabu, lajêng sami rêmbagan kalih Radèn Sêsuruh mênggah prayogine ingkang badhe linampahan. Pangandikanipun Radèn Sêsuruh karsa kesah ing sapurug-purug, sampun ngantos nyai rôndha amanggih rêribêd. Nyai rôndha sasadhèrèkipun kêdah tumut ing salampahipun. Anuntên sami kesah saking dhusun ing Kaligunting, brayanipun[7] nyai rôndha ingkang sami andhèrèk watawis tiyang satus, ingkang dipun jujug ing rêdi Kombang, ing ngriku wontên ingkang mara tapa, anama Ajar Camara Tunggal, misuwur tasdik sarta sumêrêp sadèrèngipun winarah, angêrèhakên sakathahing lêlêmbat ing tanah Jawi. Ajar Camara Tunggal sarêng tamian Radèn Sêsuruh, sampun sumêrêp ikang dados karsanipun. Kyai ajar asuka pitêdah, Radèn Sêsuruh kapurih lumampah ngetan lêrês. Mênawi manggih wit maja satunggil, ingkang awoh [a...] — 20 — [...woh] namung satunggil, isinipun pait. Adhêdhepoka wontên ing ngriku, panggenan punika ing benjing badhe dados nagari agêng, Radèn Sêsuruh ingkang badhe angratoni, anêdhakakên para ratu ing tanah Jawi, sarta badhe malês dhatêng ratu ing Pajajaran. Wondene Ajar Camara Tunggal wau dede ajar ingkang sayêktosipun. Kala waunipun putri ing Pajajaran, ingkang rayi tumuntên ing eyangipun Radèn Sêsuruh, mila kalampahan lolos saking nagari dados ajar, awit saking lumuhipun krama, pintên-pintên ratu ingkang sami nglamar dipun tampik. Salolosipun saking nagari Pajajaran anjujug ing rêdi Kombang, ing ngriku wontên kajêngipun camara namung satunggil. Mila anama Ajar Camara Tunggal. Radèn Sêsuruh inggih dipun sêrêpakên mênggah punika, anuntên ajar malih warninipun lami, dados èstri anglangkungi ayunipun. Radèn kedanan sangêt, amarêpêki badhe nyêpêng, tiyang èstri lajêng musna, botên antawis dangu katingal malih, nanging sampun warni ajar, Radèn Sêsuruh lajêng nyungkêmi sukunipun, sarta nyuwun pangapuntên. Ajar Camara Tunggal pitutur malih, yèn ing benjing badhe kapanggih malih kalih Radèn Sêsuruh, bilih radèn sampun jumênêng ratu, angrèhakên ing tanah Jawi sadaya, sarta kyai ajar badhe ngalih dhatêng ing sagantên [sa...] — 21 — [...gantên] wêdhi, wontên ing ngriku jumênêng ratu, angrèhakên sakathahing lêlêmbat. Anuntên badhe ngalih ngadhaton ing Pamantingan, kalèrèh dhatêng Radèn Sêsuruh, wondene têdhak-têdhakipun Radèn Sêsuruh badhe ngadhaton salèripun ing Pamantingan, sakidulipun ing rêdi Marapi, sarta sintên-sintêna ingkang jumênêng ratu ing tanah Jawi, badhe anggarwa dhatêng Ajar Camara Tunggal. Ing wusananipun Radèn Sêsuruh dipun wêling, manawi ing benjing manggih pakèwêd, kapurih animbalana Ajar Camara Tunggal, amêsthi sakêdhap dhatêng, ambiyantoni sabalanipun lêlêmbat. Satêlasing pitutur radèn dipun aturi mangkat, anjujug nagari ing Singasari. Radèn Sêsuruh sasampuning pamit lajêng mangkat sarencangipun tiyang satus. Wontên ing wana kèndêl sangandhapipun wit maja, wohipun namung satunggal. Radèn èngêt wêwêlingipun Ajar Camara Tunggal, wohing maja andikakakên mêthik. Sarêng dipun dhahar raosipun pait. Radèn adhêdhêkah wontên ing ngriku, kawastanan dhusun ing Majapait. Anuntên kathah têtiyang dhatêng, tumut agriya wontên ing ngriku, saha sami anênanêm. Lami-lami dados nagari agêng, misiwur ing pundi-pundi. Kacariyos Arya Bangah, sadhêrekipun Radèn Sêsuruh, ingkang jumênêng wontên ing Galuh, nagarinipun kabêdhah [ka...] — 22 — [...bêdhah] dhatêng ratu ing Pajajaran, lolos saking ing nagari, kêpanggih kalih ingkang rayi wontên dhusun ing Majapait wau, sarêng sampun mratelakakên ing tiwasipun, lajêng sami ngrêmbag anglurugi ing nagari Pajajaran, inggih lajêng linampahan. Sabêdhahipun nagari ing Pajajaran, Radèn Sêsuruh jumênêng ratu wontên ing Majapait. Têtiyang sapulo Jawi suyud sadaya, Arya Bangah ngalih nama Arya Panular, Ki Wiro kajunjung lênggahipun, anama Patih Wahan, Ki Bandar sarta Ki Nambi kadamêl Mantri. Lami-lami prabu ing Majapait pêputra, kaparingan nama Prabu Anom. Patih Wahan inggih pêputra, anama Hudara, dados Adipati ing Kadhiri, sasedanipun Prabu Sêsuruh dipun gantosi putranipun, ingkang dados patih taksih Kyai Wahan. Anuntên sang nata ingkang jumênêng enggal badhe kagungan karsa ambêbujêng dhatêng wana, Patih Wahan botên amrayogèkakên, awit sawêg jumênêng enggal, para abdi dèrèng suyud sêdaya, tampinipun sang nata kyai patih angèwêd-èwêdi karsanipun, andadosakên sangêt ing dukanipun, lajêng malêbêt ing dalêm. Sang nata kagungan abdi satunggil, anama Ujung Sabata, dados lurah abdi kajinêman. Sampun kawênangakên ngambah salêbêting kadhaton. Sumêrêp yèn sang nata — 23 — duka, amargi dipun ampah karsanipun dhatêng kyai patih, lajêng sowan ing sang prabu, akathah-kathah ênggènipun ambêbolèhi, sangsaya adamêl dukanipun, angantos dhawah dhatêng Ujung Sabata, andikakakên nyidra Patih Wahan. Kaparingan agêmipun wangkingan, anama Kyai Jangkung Pacar. Ujung Sabata anglampahi, Patih Wahan pêjah dipun cidra wontên ing dalêmipun piyambak. Garwa putranipun sami kapundhut kadalêmakên Sapêjahipun Patih Wahan, sang nata andumugèkakên karsanipun. Ambêbujêng dhatêng wana kalih ingkang garwa, kadhèrèkakên ingkang para abdi, saking bingahipun ambêbujêng sang nata ngantos pisah kalih ingkang abdi. Putranipun Patih Wahan ingkang dados Adipati Kadhiri sampun midhangêt wartos, bilih ingkang rama dipun pêjahi dhatêng sang prabu, sumêrêp yèn sang nata sawêk ambêbujêng dhatêng ing wana, lajêng anumpak kapal kalih ambêkta waos, angupadosi sang nata, sumêdya amalês pêjahipun ingkang rama, anuju kêpanggih ijen, sang nata dipun waos dados ing sedanipun. Lajêng kagêntosan ingkang putra anama Adaningkung. Prabu Adaningkung apêputra Hayamwuruk. Hayamwuruk apêputra Lêmbu Amisani, patihipun anama Dêmung Wular, Lêmbu Amisani apêputra Bra Tanjung, Bra Tanjung apêputra Radèn Alit, sarêng jumênêng ratu anama Brawijaya, [Brawi...] — 24 — [...jaya,] patihipun anama Gajah Mada. Sang Prabu Brawijaya ing dalu supêna krama kalih putra ing nagari Cêmpa, enjing sawungunipun animbali kyai patih, kadhawahan lumampah dhatêng nagari ing Cêmpa ambêkta sêrat katur ratu ing Cêmpa, ungêlipun, anglamar ingkang putra, wondene prênahipun nagari Cêmpa wau ing tanah sabrang, Patih Gajah Mada lajêng lumampah numpak baita, lampahipun lastantun dumugi nagari ing Cêmpa, sang prabu putranipun tiga, pambajêng kalih panggulunipun èstri, wuragilipun jalêr, Patih Gajah Mada sowan ing sang prabu angaturakên sêrat. Sang nata parêng putranipun dipun lamar, ingkang pambajêng kabêktakakên dhatêng kyai patih, sarta dipun bêktani gong, nama Kyai Sêkar Dalima, kalihan garêbong, anama Kyai Bale Lumur sarta padhati, nama Kyai Jêbat Bètri, patih lajêng mangkat, lastantun dumugi nagari Majapait. Putri katur ing Sang Prabu Brawijaya. Sang Prabu ing Cêmpa wau atamian tiyang saking sabrang, anama Makdum Brahim Asmara, matur ing sang nata kapurih Islama, sang nata anuruti, dalasan abdi sanagari sadaya sami Islam. Sarta putranipun èstri kantun satunggil kadhaupakên kalih Makdum Brahim Asmara, sasedanipun sang prabu kagêntosan putranipun jalêr, Makdum Brahim Asmara apêputra kalih sami jalêr. — 25 — Satêngahing wana bawah nagari Majapait wontên danawa kêkalih tapa, jalêr èstri sami sadhèrèk. Danawa èstri wau sangêt ênggènipun kapingin dados garwanipun Prabu Brawijaya, sarèhning warni danawa, anyipta botên kêdugèn ing pikajênganipun, lajêng malih warni èstri anglangkungi ayunipun, asêsilih nama Endhang Sasmitapura, pamit dhatêng sadhèrèkipun sumêdya sowan ing Sang Prabu Brawijaya, sadhèrèkipun anglilani. Sadhatêngipun nagari ing Majapait, sakathahing tiyang sami eram aningali ayunipun, ngantos kêmirêngan ing sang nata, lajêng andikakakên ngirid dhatêng kadhaton, sarta kadamêl sêlir, lami-lami Endhang Sasmitapura wawrat, kapingin nêdha gêcok mêntah, sang nata anglêgani, sarêng Endhang Sasmitapura nêdha gêcok mêntah, lajêng malih warni danawa malih, sang nata kagèt sarta sangêt ing dukanipun, amundhut waos. Endhang Sasmitapura badhe dipun pêjahi, nanging botên kalampahan, awit enggal lumajêng mantuk dhatêng ing wana malih. Sarêng dumugi ing sangang wulan, danawa èstri gadhah anak jalêr, bagus warninipun, kanamanan Ki Dilah. Sarêng Ki Dilah sampun birai, atakèn ingkang yoga dhatêng ibunipun. Ibunipun anjatèni, Jaka Dilah lajêng pamitan, badhe lumampah dhatêng nagari ing — 26 — Majapait, sumêdya ngabdi ing sang nata, dipun ampah botên kenging, mêksa kesah, dumugi ing nagari kêpanggih kalih Patih Gajah Mada wontên ing pasowan.[8] Sarêng sampun mratelakakên ingkang dados pikajênganipun, lajêng kaaturakên ing sang prabu, sang nata parêng, Jaka Dilah kadadosakên abdi panakawan. Prabu Brawijaya karsa ambêbujêng dhatêng wana, Ki Dilah matur, sampun susah sang nata adamêl kangelaning sariranipun, ambêbujêng tindak dhatêng wana, Ki Dilah sagah anggiring sawarnining bêbujêngan wana dhatêng alun-alun. Sang nata parêng, nanging bilih botên sagêd andhatêngakên, badhe kapatrapan paukuman pêjah. Jaka Dilah lajêng lumampah dhatêng ing wana, kapanggih kalih ibunipun, awartos ingkang dados kasagahanipun dhatêng ratu ing Majapait. Ibunipun sagah anglêmpakakên sawarnining bêbujêngan wana, sarêng sakathahing bêbujêngan sampun ngalêmpak, lajêng dipun giring dhatêng Jaka Dilah dumugi ing alun-alun ing Majapait. Andadosakên suka bingahipun sang nata. Jaka Dilah katrimah ing damêlipun, sabibaring ambêbujêng Jaka Dilah kajunjung lênggahipun, dados ratu ing nagari Palembang, kaparingan nama Arya Damar, sarta dipun bêktani abdi salêksa, Arya Damar lajêng mangkat saking nagari Majapait, kèndêl wontên ing Garêsik. — 27 — Kacariyos Sang Prabu Brawijaya krama malih angsal putri ing nagari Cina, garwanipun sêpuh ingkang saking nagari Cêmpa sangêt ing pamularipun, botên parêng dipun maru kalih putri Cina, anyuwun kaantukakên dhatêng ingkang rama, mênawi botên kabucal marunipun. Saking agênging trêsnanipun dhatêng garwa kawitan, Prabu Brawijaya sagah angantukakên putri Cina dhatêng nagarinipun. Sang nata lajêng animbali Patih Gajah Mada, kautus amasrahakên putri Cina dhatêng Arya Damar, sarta mawi dipun bêktani sêrat. Patih Gajah Mada lajêng lumampah ambêkta putri Cina, sampun kêpanggih kalih Arya Damar wontên ing Garêsik. Andhawahakên timbalanipun sang nata, sarta amatêdhakakên sêrat, ungêling sêrat. Putri Cina kapatêdhakakên dados garwa dhatêng Arya Damar, nanging sarèhning sawêg ngandhêg, botên kalilan anyarènana, angêntosana sababaring wawratan. Arya Damar matur sandika. Arya Damar lajêng mancal, lastantun dumugi ing Palembang, lajêng jumênêng ratu. Makdum Brahim Asmara, ingkang wontên ing nagari Cêmpa, apêputra kalih sami jalêr, ingkang sêpuh nama Radèn Rahmat, ingkang anèm nama Radèn Santri, Ratu ing Cêmpa inggih sampun pêputra kakung satunggil. Anama Radèn Burèrèh. Radèn Rahmat wau anyuwun pamit dhatêng ingkang paman Prabu ing Cêmpa, kalilana dhatêng ing tanah Jawi, [Ja...] — 28 — [...wi,] kalih ingkang rayi, badhe tuwi ingkang uwa ratu ing Majapait. Sang nata anglilani, nanging Radèn Burèrèh andikakakên ambêkta, anuntên sami mangkat tiyang têtiga, lastantun dumugi nagari ing Majapait. Sampun kêpanggih kalihan Prabu Brawijaya. Putra têtiga wau ênggènipun kèndêl wontên ing nagari Majapait sataun. Radèn Rahmat krama angsal putranipun Tumênggung Wilatikta, anama Ki Gêdhe Manila, wondening Tumênggung Wilatikta wau inggih gadhah putra jalêr satunggil, awasta Jaka Said, kaprênah anèm kalih ingkang sampun krama wau, Radèn Rahmat lajêng adhêdhêkah wontên ing Ngampèl Dênta. Radèn Burèrèh kalih Radèn Santri inggih sampun sami krama angsal putranipun Arya Teja, ingkang sêpuh angsal Radèn Santri, ingkang anèm angsal Radèn Burèrèh, anuntên sami dhêdhêkah wontên ing Garêsik. Kacariyos wontên maolana saking nagari Juldah angajawi, anama Sèh Walilanang, ingkang dipun jujug ing Ngampèl Dênta, arêraosan bab ngèlmi kalihan sunan ing Ngampèl Dênta, sarêng sampun antawis lami ênggènipun wontên ing Ngampèl Dênta, lajêng alêlampah malih angetan lêrês, anjog ing Balambangan, anjujug dhusun ing Purwasata. Ratu ing Balambangan kagungan putra èstri sawêg gêrah sangêt, botên wontên ingkang [ing...] — 29 — [...kang] sagêd anyarasakên. Sarêng dipun jampèni Sèh Walilanang saras, anuntên karsanipun sang nata ingkang putra kadhaupakên kalih Sèh Walilanang, lami-lami sang prabu dipun purih Islama dhatêng ingkang putra mantu, nanging botên purun. Sèh Walilanang lajêng kesah dhatêng ing Malaka, ingkang garwa dipun tilar, panuju wawrat sêpuh. Sakesahipun Sèh Walilanang nagari ing Balambangan kenging wêwêlak agêng, akathah tiyang pêjah. Garwanipun Sèh Walilanang ingkang katilar wau ambabar mêdal jalêr, karsanipun Ratu ing Balambangan, jabang bayi kalêbêtakên ing tabêla, dipun labuh dhatêng ing sêgantên. Ratu ing Balambangan kagungan abdi, anama Ki Samboja, punika manggih bilai kadukan ing sang nata, kaundur saking kalênggahanipun, lajêng kesah ngabdi dhatêng Ratu ing Majapait, katrimah ing pangabdinipun, kaganjar kalênggahan wontên ing Garêsik. Sapêjahipun Ki Samboja, atilar semah anglangkungi sugihipun. Sarta kathah padagangipun. Anuntên wontên padagangipun amanggih tabêla isi lare, dipun sukakakên dhatêng Nyai Rôndha Samboja, jabang bayi kapêndhêt putra, sarêng sampun agêng dipun kèn ngaos dhatêng Sunan ing Ngampèl Dênta, kancanipun ngaos kalih putranipun Sunan ing Ngampèl Dênta, anama Santri Bonang, wondene putranipun nyai rôndha wau kanamanan Santri Giri, [Gi...] — 30 — [...ri,] lare kalih wau nuntên sumêja ngaos dhatêng Mêkah, lajêng sami mangkat, kèndêl wontên ing Malaka, kêpanggih kalih Walilanang, sarta dipun guroni, antawis sataun laminipun, lajêng badhe andumugèkakên kaniyatanipun ngaos dhatêng Mêkah, nanging Sèh Walilanang botên angrêmbagi, dipun purih mantuka dhatêng ing nagarinipun piyambak, sarta sami dipun iring jungkat, kalih rasukan jubah, Santri Giri dipun juluki Prabu Sètmata, Santri Bonang dipun jêjuluki Prabu Nyakrakusuma, anuntên sami mantuk dhatêng ing Ngampèl Dênta malih. Wontên drêwis saking tanah ing Atasangin angajawi, anama Sèh Raidin, adêdunung wontên ing Ngampèl Dênta, lami-lami kesah alêlampah malih, sarêng pêjah dipun pêtak wontên ing Pamalang. Putranipun Tumênggung Wilatikta ing Majapait, ingkang nama Jaka Said, sangêt rêmênipun ngabotohan, ambalayangan dumugi ing Japara, bilih kawon ambêbegal, angadhang tiyang lumampah wontên ing wana, anama ing Jatisêkar, kaprênah salèr wetanipun ing Lasêm. Sunan Bonang pinuju langkung wontên ing wana wau, dipun andhêg badhe dipun begal. Sunan Bonang ngandika, benjing manawi wontên tiyang langkung ing ngriki, angangge sarwa wulung, sarta asumping sêkar wora-wari abrit, punika prayogi dipun begala, Radèn Said [Sa...] — 31 — [...id] anuruti, Sunan Bonang dipun lulusakên ing lampahipun. Antawis tigang dintên langkung ing panggenan Radèn Said ngadhang tiyang wau, panganggènipun sarwa wulung, asumping sêkar wora-wari abrit. Sarêng dipun andhêg dhatêng Radèn Said, Sunan Bonang dados sakawan. Radèn Said sangêt ing ajrihipun lajêng tobat, amantuni ênggènipun anglampahi padamêlan awon. Nuntên tapa angsal kalih taun, saking ênggènipun angèstokakên pakènipun Sunan Bonang, sasampuning tapa Radèn Said dhatêng ing Carêbon, wontên ing ngriku tapa malih sapinggiring lèpèn, anama Kalijaga, lajêng ngalih nama Sunan Kalijaga, lami-lami kapêndhêt ipe dhatêng Sunan Gunungjati, ingkang angrèhakên ing Carêbon. Kaangsalakên sadhèrèkipun anèm. Kacariyos putri Cina, ingkang kaparingakên dhatêng Arya Damar, sampun ambabar miyos kakung, dipun jêjuluki Radèn Patah, patutanipun kalih Arya Damar piyambak inggih kakung satunggil, kanamanan Radèn Usèn. Sarêng sampun sami diwasa, karsanipun Arya Damar badhe amagawan, Radèn Patah badhe kagêntosakên jumênêng ratu ing Palembang, Radèn Usèn dadosa patihipun. Nanging Radèn Patah mopo, awit kêdugi dèrèng sagêd anglampahi, ing wanci dalu Radèn [Radè...] — 32 — [...n] Patah lolos saking Palembang, lumampah ing sapurug-purug, angambah wana, anuntên kèndêl wontên pinggiring têlagi. Radèn Usèn sarêng enjingipun ningali ingkang raka botên wontên, lajêng kesah angupadosi, botên mawi matur dhatêng ingkang rama ibu, utawi dhatêng tiyang sanèsipun. Lampahipun ngantos têbih, anasak-nasak wana, botên kantênan ingkang dipun jujug. Radèn Usèn angsalipun ngupadosi ingkang raka sampun kêpanggih. Pinuju lênggah wontên pinggiring têlagi, ingkang rayi awad yèn kadukan dhatêng ingkang rama, mila kalampahan kesah saking nagari, putra kêkalih lajêng sami rêmbag dhatêng ing tanah Jawi, angabdi Prabu Brawijaya ing Majapait. Sarêng sami lumampah, kêpêthuk tiyang begal kêkalih, anama Supala Supali, begal kêkalih kawon, lajêng dipun kèn sami mantuk. Radèn kêkalih andumugèkakên lampahipun, sumêdya ngadhang juragan ingkang mêdal ing sêgantên. Badhe dipun nunuti, nuntên kèndêl wontên ing rêdi ngongkang sêgantên, anama Rêsamuka, wontên ing ngriku sami tapa ngantos tigang wulan, sarta angajêng-ajêng langkunging baita, anuntên wontên baita juragan, kèndêl cêlak ing rêdi wau, purun dipun nunuti, lampahing baita kèndêl ing Surapringga, wontên ing ngriku radèn kêkalih mudhun [mudhu...] — 33 — [...n] dhatêng dharat, kèndêl wontên ing Ngampèl Dênta, lajêng sami anggêguru dhatêng Sunan Ngampèl Dênta, sarta sami manjing agami Islam. Sarêng sampun antawis lami ênggènipun wontên ing Ngampèl Dênta, Radèn Usèn angèngêtakên ingkang raka, ênggènipun badhe angabdi ratu ing Majapait. Wangsulanipun Radèn Patah, sarèhning sampun manjing agami Islam. Botên purun angabdi ratu kapir, ingkang rayi kasarah, bilih karsa angabdi piyambak. Radèn Usèn wau inggih lajêng lumampah piyambak dhatêng ing Majapait, sumêdya ngabdi, inggih sampun katrimah ing pangabdinipun, kajunjung lênggah dados Adipati Têrung. Amangsuli cariyosipun Radèn Patah, ingkang kantun wontên ing Ngampèl Dênta, kadhaupakên kalih putranipun Nyai Agêng Maloka ingkang pambayun, wayahipun Sunan ing Ngampèl Dênta, anuntên Radèn Patah nyuwun pitêdah, ing pundi ênggènipun badhe jêmjêm adhêdhêkah, Sunan ing Ngampèl Dênta inggih asuka pitêdah, Radèn Patah kapurih lumampah ngilèn lêrês. Bilih manggih galagah arum ambêtipun, punika dipun dhêkahana, awit panggenan punika badhe dados nagari, sarta gêmah raharja. Radèn Patah lajêng lumampah anjog ing wana agêng, amanggih galagah wangi ambêtipun. Wana punika anama ing Bintara, ing ngriku Radèn [Radè...] — 34 — [...n] Patah adhêdhêkah, botên antawis lami kathah têtiyang dhatêng, sami tumut gêgriya ing ngriku, sarta sami ambabadi wana, angadêgakên masjid. Sangsaya kathah têtiyang dhatêng, sami anggêguru dhatêng Radèn Patah. Kacariyos Prabu Brawijaya miyos sitinggil, andangu dhatêng para nujum. Punapa sasedanipun wontên ingkang anggêntosi kaprabonipun, andarbèni panguwasa kados panjênênganipun. Aturipun para nujum inggih wontên, têdhakipun sang nata ugi, nanging badhe ngalih kadhaton ing Mataram. Angèdhêpakên tiyang ing tanah Jawi sadaya. Prabu Brawijaya botên mawi ngandika lajêng kundur angadhaton. Kala samantên sang nata gêrah raja singa, lami botên sagêd miyos-miyos, sawarnining jêjampi botên mantunakên, anuntên wanci dalu sang nata mirêng swara. Hèh sang nata, yèn sira arêp waras, atunggala turu wong wandhan kang kuning rupane, sawungunipun sang nata lajêng mundhut abdi èstri wandhan, bêbêktanipun ingkang garwa saking nagari ing Cêmpa, sarêng dipun sarèni sapisan sang nata saras gêrahipun. Abdi èstri wau wawrat, ambabar miyos kakung, abagus warninipun. Karsanipun sang nata, jabang bayi kaparingakên dhatêng abdi juru sabin, anama Kyai Buyut Masahar, nanging bilih sampun umur sawindu andikakakên mêjahi, awit pambatangipun para [pa...] — 35 — [...ra] nujum, jabang bayi punika ing benjing badhe dados ratu, angrisak panjênênganipun sang prabu, nanging pambatangipun para nujum wau kalintu. Jabang bayi kabêkta mantuk dhatêng Ki Masahar, kapasrahakên dhatêng semahipun, supados kapulasaraa, sarêng sampun puput, dipun jêjuluki Radèn Bondhan Kajawan. Dumugi umur sawindu Kyai Buyut anyêrêpakên dhatêng semahipun, ingkang dados karsanipun sang nata wau, lajêng ngunus curiga, badhe amêjahi ing Radèn Bondhan Kajawan. Nyai Buyut kalêngêr, Kyai Masahar sande ênggènipun badhe amêjahi, enggal anulungi semahipun. Saking awrating trêsnanipun dhatêng ingkang èstri, Radèn Bondhan Kajawan botên siyos pêjah, Kyai Masahar lajêng sowan ing sang nata, awad yèn sampun anglampahi dhawahipun. Sang nata sakalangkung suka ing galih. Prabu Brawijaya sampun midhangêt wartos, yèn wontên tiyang dhêdhêkah ing wana Bintara, misuwur ing pundi-pundi mênggah agênging padhêkahan sarta kasêktènipun. Sang nata andangu dhatêng para mantri, yêktos kalihan botênipun. Adipati Têrung matur yèn sayêktos, sarta ingkang dhêdhêkah wau kaprênah sadhèrèkipun sêpuh, sang nata lajêng dhawah animbali, Adipati ing Têrung ingkang lumampah angirit abdi salêksa. — 36 — Sadhatêngipun ing Bintara, Radèn Patah dipun timbali, enggal lumampah, kairid dening Adipati Têrung, sadhatêngipun ing ngarsanipun sang prabu, sang nata sakalangkung suka ing galih, sarta luntur sihipun dhatêng Radèn Patah, awit warninipun sami kalihan sang prabu, lajêng kaakên putra, kaangkat nama Dipati ing Bintara, sarta kaparingan abdi salêksa, sang nata anyêrêpakên dhatêng Radèn Patah, yèn padhêkahan ing Bintara benjing badhe dados nagari anama ing Dêmak. Ing ngriku badhe wiwitipun salin agami Islam. Sarêng Radèn Patah sampun dipun pituturi, lajêng kalilan mantuk dhatêng Dêmak, angirid abdi salêksa, sarta kaparingan gajah, kapal, garêbong, padhati. Lami-lami padhêkahan ing Bintara sangsaya gêmah arja. Ing nagari Kudus wontên tiyang dêdunung, awasta Kyai Agêng ing Kudus. Punika gadhah anak jalêr têtiga, ingkang tunggil biyung kêkalih, wuragilipun sanès biyung, dipun tantun rabi botên purun, andadosakên dukanipun ingkang rama, saking ajrihipun kadukan, ing wanci dalu Ki Jaka kesah, lampahipun anjujug ing rêdi Kêndhêng, atapa wontên ing ngriku, lami-lami kalunta-lunta lampahipun, amanggih patamanan, wontên bèjinipun ayom kaubêngan ing sêsêkaran. Ki Jaka rêmênên[9] alênggah sangandhaping kajêng, ingkang angayomi [anga...] — 37 — [...yomi] bèji, wondene ingkang gadhah patamanan punika, anama Kyai Agêng ing Kêmbang Lampir, agadhah[10] anak èstri satunggil ayu, dipun taros laki botên purun. Ing wanci kèndêling bêdhug siyang, anakipun Kyai Agêng ing Kêmbang Lampir wau angangsu dhatêng ing patamanan, botên mawi rencang. Ki Jaka sarêng aningali wontên tiyang èstri ayu dhatêng, lajêng sênêtan ampungan[11] kajêng, botên katingal dhatêng kang badhe ngangsu, sarèhning botên wontên tiyang satunggil-tunggila ingkang katingal, tiyang èstri wau botên taha-taha, awuda lajêng adus ing bèji, sasampuning adus badhe mantuk, dipun tututi dhatêng Ki Jaka, dipun gujêg lajêng katunggil tilêm. Sarêng sampun, Ki Jaka kesah, tiyang èstri mantuk. Lami-lami anakipun Kyai Agêng Kêmbang Lampir wawrat, dipun takèni dhatêng bapakipun, mênggah ingkang ngêtêngi, botên purun bêlaka, Kyai Agêng sakalangkung nêpsu, sarta sangêt ing wirangipun. Saking ajrihing dukanipun ingkang rama, anak wau ing wanci dalu lolos, kesah ing sapurug-purug. Sarêng andungkap ing mangsanipun, ambabar mêdal jalêr, wontên ing wana ing Kapanasan. Tiyang èstri pêjah konduran. Jabang bayi wontên ing daganipun. Kacariyos Kyai Agêng ing Selandaka, karêmênanipun [karêmênani...] — 38 — [...pun] anulup. Anuju kyai agêng dhatêng wana, amanggih jabang bayi, lajêng dipun êmban ing sabukipun. Kyai agêng andumugèkakên anggènipun badhe nulup, anuntên ningali kidang, sangêt ing rêmênipun, kaêtutakên ing sapurugipun. Dangu-dangu kidang ical, sangêt andadosakên cuwaning manahipun muring-muring dhatêng jabang bayi, lajêng kasèlèhakên sangandhaping wit-witan. Kyai agêng andumugèkakên ngupadosi kidang wau. Wondene panggenanipun anyèlèhakên lare wau, kala rumiyin pratapanipun Kyai Agêng ing Tarub. Satilaripun Kyai Agêng ingkang èstri wulanjar taksih agriya wontên ing ngriku, lare wau dipun panggih dhatêng nyai rôndha, sarta dipun pulasara, sarêng umur pitung taun katingal bagusipun. Kancanipun lare sami dolan asih sadaya, karêmênanipun anulup dhatêng wana, ngantos dumugi ing diwasanipun, badhe dipun rabèkakên botên purun. Ki Jaka anuju nulup dhatêng wana, aningali pêksi anèh warninipun, sangêt anggènipun kapencut, dipun tulup lêpat. Ngalih-ngalih ênggènipun mencok, kaêtutakên ing sapurugipun, ngantos dumugi ing wana agêng, pêksi lajêng botên katingal. Satêngahing wana punika wontên sêndhang, pasiramanipun widadari. anuju [a...] — 39 — [...nuju] ing dintên Anggara Kasih para widadari sami tumurun asiram ing sêndhang wau. Ki Jaka asênêtan. Widadari sami lukar asiram wontên ing sêndhang, Ki Jaka awas aningali, kapencut ing ayunipun. Anuntên panganggènipun widadari ingkang satunggil dipun cuthik, sarta kaumpêtakên. Para widadari botên wontên sumêrêp, taksih bingah-bingah sami siram. Ki Jaka lajêng dhèhèm. Para widadari kagèt mirêng swaraning tiyang, enggal sami mabur ambêkta panganggènipun piyambak-piyambak. Namung satunggil anama Dèwi Nawangwulan, taksih kantun wontên ing sêndhang, awit panganggènipun botên wontên. Ki Jaka marêpêki, Nawangwulan dipun tantun, bilih purun dipun rabèni badhe kasukanan pangangge, saking kèwêdanipun Dèwi Nawangwulan, sagah anglampahi ingkang nênantun wau, pangangge lajêng kasukakakên, Nawangwulan kabêkta mantuk sarta dipun rabèni, andadosakên suka bingahipun nyai rôndha ing Tarub. Lami-lami nyai rôndha ing Tarub tilar, ingkang putra pupon wau lajêng anama Kyai Agêng ing Tarub, sampun apêputra satunggal èstri, anglangkungi ayu warninipun, kanamanan Rara Nawangsih. Anuju satunggil dintên Dèwi Nawangwulan badhe angumbah popok dhatêng lèpèn. Ingkang raka dipun aturi têngga dangdanganipun, sarta kawêling wantos-wantos, sampun [sa...] — 40 — [...mpun] ngantos angungkabi kêkêb. Sakesahipun Dèwi Nawangwulan dhatêng lèpèn, Kyai Agêng atêngga dangdangan, dipun sambi amomong putra, ciptanipun Kyai Agêng, ingkang garwa amung dipun kêkayani pantun salumbung, môngka sampun antawis lami botên kalong, Kyai Agêng botên sagêd andugi ing sababipun. Saking badhe sumêrêp sapintên ingkang dipun bêthak, kêkêb dipun angkat. Ingkang wontên ing kukusan amung pantun sawuli, kêkêb lajêng katutupakên malih. Sadhatêngipun ingkang garwa angangkat kêkêb. Pantun sawuli taksih kados kalanipun kalêbêtakên. Sangêt andadosakên nêpsunipun sang dèwi, anarka yèn kêkêb dipun ungkabi dhatêng ingkang jalêr, ingkang jalêr lajêng badhe katilar mantuk dhatêng ing kahyanganipun, nanging sang dèwi sampun ical kasêktenipun, botên sagêd wangsul dhatêng ing pawidadarèn. Wiwit kalanipun kamanungsan ênggènipun bêthak, Dèwi Nawangwulan sabên enjing anggêntang, lami-lami pantun salumbung têlas. Satêlasing pantun, rasukanipun sang dèwi anama ôntakusuma, ingkang dipun pêndhêt dhatêng ingkang raka kalanipun wontên pinggiring sêndhang, pinanggih kasasaban pantun, sangêt andadosakên nêpsunipun sang dèwi, rasukan kapêndhêt lajêng dipun agêm. Sang dèwi mantuk kasaktènipun kados ing wau-wau, matur [ma...] — 41 — [...tur] dhatêng ingkang raka, yèn badhe mantuk dhatêng ing kahyanganipun, sampun pinêsthi botên kenging têtunggilan lami-lami, wondene wêlingipun dhatêng ingkang raka, bilih putranipun muwun, kabêktaa minggah dhatêng ing panggungan, ing ngandhapipun bêsmènana mêrang kêtan cêmêng, sang dèwi mêsthi tumurun anêsêpi ingkang putra. Sarêng sampun mêmêling, lajêng mêndhêt mêrang kêtan cêmêng, kabêsmi, sang dèwi mumbul nurut kukus. Sangêt andadosakên susahipun Kyai Agêng ing Tarub. Kyai Agêng Tarub inggih anglampahi ingkang dados wêwêling wau, sabên-sabên ingkang putra muwun kabêkta minggah ing pêpanggungan, ing ngandhap mawi dipun bêsmèni mêrang kêtan cêmêng, lajêng katilar mudhun. Sarêng ing lami-lami sangsaya agêng, suwarninipun mèmpêr ingkang ibu. Kacariyos Kyai Buyut Masahar lumampah dhatêng ing Majapait, badhe sowan ing sang nata, anyaosakên pamêdaling sabin, warni pantun kathah, Radèn Bondhan Kajawan tut wingking, nanging Kyai Buyut Masahar botên sumêrêp. Pantun sampun konjuk ing Prabu Brawijaya, Radèn Bondhan Kajawan anjujug ing sitinggil, anabuh gôngsa Kyai Sêkar Dalima, andadosakên kagètipun sang prabu, ingkang nabuh sampun kacêpêng, katur ing sang nata, sarêng kapariksa, anakipun Ki Buyut Masahar lajêng kapundhut ing sang nata, kaparingan dhuwung — 42 — kêkalih, nama Kyai Maesa Nular, kalih Kyai Malela, sarta waos satunggil, nama Kyai Palèrèd. Dhawahipun sang nata dhatêng Kyai Buyut, Radèn Bondhan Kajawan andikakakên masrahakên dhatêng Kyai Agêng ing Tarub. Kyai Buyut matur sandika lajêng lumampah dhatêng Tarub angirid Radèn Bondhan Kajawan. Wontên ing margi dipun begal ing tiyang kêkalih, begalipun sami pêjah dening Radèn Bondhan Kajawan, amargi dipun suduk ing dhuwung Malela, nanging dhuwung wau tugêl pucukipun. Radèn Bondhan Kajawan lajêng prasapa, benjing satêdhakipun sampun wontên ingkang ngangge dhuwung Malela. Kyai Agêng ing Tarub sampun sumêrêp, yèn badhe katamuan. Ingkang putra Dèwi Nawangsih kapurih anggêlara klasa, botên antawis dangu Radèn Bondhan Kajawan sarta Kyai Buyut dhatêng, Kyai Buyut Masahar andhawahakên timbalanipun sang nata, sarta amasrahakên Radèn Bondhan Kajawan, supados kawulanga, Kyai Agêng ing Tarub sampun nyandhak karsanipun Sang Prabu Brawijaya, wangsulanipun sandika. Saantukipun Ki Buyut Masahar Radèn Bondhan kasadhèrèkakên kalihan putranipun Kyai Agêng Tarub. Kala samantên Sang Rêtna Nawangsih yuswanipun kawan wêlas taun. Anuntên Radèn Bondhan Kajawan kaêlih nama Lêmbu Pêtêng [Pê...] — 43 — [...têng] dhatêng Kyai Agêng ing Tarub. Sang Prabu Brawijaya midhangêt wartos, bilih kathah têtiyang nungkul dhatêng Giri, Patih Gajah Mada lajêng kautus anglurugi ing Giri, tiyang ing Giri sami kagegeran, angili dhatêng kadhaton. Kala samantên Sunan Giri sawêg nyêrat, kagèt mirêng wartos dhatênging mêngsah, kang sumêja ngrisak ing Giri, kalam ingkang kadamêl nyêrat lajêng dipun bucal, sarta andêdonga ing Gusti Allah, kalam ingkang kabucal wau lajêng dados dhuwung, angamuk piyambak. Tiyang ing Majapait kathah kang pêjah, sakantunipun sami lumajêng mantuk dhatêng ing Majapait. Sabibaring mêngsah dhuwung wangsul piyambak, sumèlèh ing ngarsanipun sang pandhita sarta akuthah rah, sang pandhita sarêng aningali dhuwung kuthah rah, lajêng andêdonga, mugi kaapuntêna solah ingkang sisip. Sarta anyêrêpakên dhatêng balanipun, mênggah dhuwung wau kanamanan Kalam Munyêng. Sarêng sampun antawis lami Sunan ing Giri seda, kagêntosan wayahipun, jêjuluk Sunan Parapèn. Kala samantên Prabu Brawijaya sampun kawartosan ing sedanipun Sunan ing Giri, kagêntosan wayahipun anama Sunan Parapèn. Prabu Brawijaya lajêng parentah dhatêng Patih Gajah Mada, sarta para putra, andikakakên ambêdhah ing Giri. Sunan Parapèn [Pa...] — 44 — [...rapèn] inggih amêthukakên pêrangipun bala ing Majapait, nanging kawon pêrangipun, nuntên lumajêng angungsi sapinggiring sagantên. Kitha ing Giri lajêng kabêsmi sadaya. Rajaputra ing Majapait tindak dhatêng pasareyanipun sunan lami kang sampun seda, ingkang têngga pakuburan ngriku tiyang kêkalih sami pincang, lajêng andikakakên andhudhuk pakuburan. Bala ing Majapait enggal sami tumandang andhudhuk, nanging lajêng sami dhawah gulasahan. Tiyang kêkalih kang sami pincang wau nuntên kadhawahan andhudhuk. Yèn botên purun anglampahi, kaayam-ayam badhe kadamêl coban dhuwung. Tiyang pincang kêkalih wau inggih enggal andhudhuk. Siti ing pasarean sampun kadhudhuk, balabag tutuping tabêla lajêng kabikak, kombang mêdal tanpa wicalan saking salêbêting pakuburan, manginggil angêbêki awang-awang, swaranipun kados langit rêbah, nuntên anêmpuh bala ing Majapait sami lumajêng arêbat gêsang, dumunung ing nagari Majapait, kombang taksih angêsuk. Prabu Brawijaya sabalanipun atilar nagari, angungsi têbih, awit botên kadugi anulak pangangsêging kumbang, kombang sampun wangsul dhatêng nagarinipun malih. Sarêng kombang sampun botên wontên, Prabu Brawijaya lajêng kundur dhatêng nagari ing Majapait malih lan sabalanipun, sarta botên sumêja anyikara malih dhatêng Sunan [Su...] — 45 — [...nan] ing Giri. Kacariyos tiyang kêkalih kang sami pincang atêngga pakuburan wau, lajêng waluya sakitipun, nuntên lumajêng asuka pirsa dhatêng Sunan ing Giri, kang ngungsi wontên pinggiring sagantên, awêwartos yèn mêngsah sampun larut, amargi katêmpuh ing kombang, sarta awêwartos jalarane anggènipun saras. Sunan Parapèn sarêng mirêng wêwartosipun tiyang kêkalih wau, lajêng kondur dhatêng ing Giri, antawis lami ing Giri sampun raharja kados ingkang wau-wau, sarta botên wontên mêngsah malih. Kala samantên Prabu Brawijaya èngêt dhatêng putranipun ingkang dhêdhêkah wontên ing Bintara, angandika dhatêng Adipati ing Têrung, kêpriye kakangamu dene wis lawas ora nana seba, jangjine marang aku ing sabên taun bakal seba, môngka wis têlung taun ora nana mrene, apa ta wus mukti, dene ora eling marang aku, yèn mêngkono, kowe lumakua mênyang ing Bintara, kakangamu takonana, apa sababe dene ora seba marang aku. Adipati ing Têrung enggal lumapah dhatêng Bintara, kadhèrèkakên tiyang salêksa, sampun kêpanggih kalih ingkang raka, sarta andhawahakên timbalanipun sang prabu. Radèn Patah amangsuli, yèn sampun agêng panuwunipun [panuwuni...] — 46 — [...pun] mênggahing sih kawêlasanipun Prabu Brawijaya, wondene sababipun botên sowan, awit saking wêwalêring agami, ingkang botên anglilani tiyang Islam sowan ing tiyang kapir, sarta sampun kajôngka yèn ing Bintara badhe jumênêng karaton, wiwitipun tiyang Jawi sami Islam. Adipati ing Têrung anggraita ing galihipun, ajrih wangsul dhatêng ing Majapait, yèn botên sarêng kalih ingkang raka, lajêng angatag dhatêng Radèn Patah, supados enggala linampahan ing kaniyatanipun, sarta Adipati ing Têrung badhe ambiyantoni pêrangipun. Nuntên sami pirêmbagan, tiyang Islam sami kaklêmpakakên sadêdamêlipun wontên ing Bintara, bupati ing Madura, Arya Teja ing Tuban, Bupati ing Surapringga tuwin sang pandhita ing Giri inggih sampun sami ngalêmpak wontên ing Bintara lan sabalanipun. Punapadene para wali lan para mukmin inggih sampun sami ngalêmpak. Anuntên sami bidhal dhatêng Majapait. Kathahing baris tanpa wilangan. Kitha ing Majapait lajêng kakêpang, tiyang ing Majapait kathah ingkang sami têluk dhatêng Dipati Bintara, botên wontên ingkang purun mêthuk prang, Adipati ing Bintara sarta Adipati ing Têrung lajêng lumêbêt ing alun-alun. Adipati Bintara pinarak ing dhêdhampar wontên ing pagêlaran ingadhêp para prajurit. — 47 — Patih Gajah Mada angunjuki uninga ing sang prabu, yèn kadhatêngan mêngsah saking ing Bintara, samangke Adipati Bintara pinarak wontên ing pagêlaran. Sang Prabu Brawijaya sarêng mirêng yèn ingkang putra wontên ing pagêlaran, lajêng minggah dhatêng pêpanggungan, karsa aningali dhatêng ingkang putra, Sang Prabu Brawijaya sarêng sampun aningali dhatêng ingkang putra, lajêng merad lan sabalanipun ingkang sêtya dhatêng rajanipun. Kala meradipun Prabu Brawijaya ing sakêdhap punika ugi wontên ingkang katingal kados andaru, wêdalipun saking kadhaton ing Majapait, warninipun kados kilat, swaranipun gumludhug anggêgirisi dhumawah dhatêng ing Bintara. Adipati Bintara nuntên lumêbêt dhatêng ing kadhaton, sangêt eramipun, dene botên kêpanggih tiyang satunggil-tunggila, amuwun salêbêting galih, nuntên mêdal saking kadhaton, kondur dhatêng ing Bintara, kalihan bantu saprajuritipun. Sarawuhe ing Bintara, Sunan Ngampèl Dênta ngandika dhatêng Dipati ing Bintara, andikakakên jumênêng ratu wontên ing Majapait, ingkang sampun dados warisipun, ananging Sunan Giri badhe anyêlani jumênêng Ratu Majapait, laminipun kawan dasa dintên. Anyarati supados ical lêlabêtipun ratu kapir, rêmbag mêkatên wau inggih sampun kalampahan. Sarêng sampun angsal kawan dasa dintên, Sunan Giri nuntên pasrah [pa...] — 48 — [...srah] karaton dhatêng Radèn Patah, Radèn Patah inggih lajêng jumênêng ratu wontên ing Dêmak, angêrèh ing tanah Jawi sadaya, ajêjuluk Senapati Jimbun Ngabdurahman Panêmbahan Palembang Saidin[12] Panatagama. Ki Wanapala kajunjung pêpatih, anama Patih Mangkurat. Tiyang ing tanah Jawi sami suyud sarta anut ing agami Islam. Lajêng sami pirêmbagan badhe angadêgakên masjid ing Dêmak. Para wali sami bêbah-bêbahan ing panggarapipun. Sampun sami cumawis, amung Sunan Kalijaga ingkang kantun, dèrèng warni ingkang dados bêbahanipun. Sabab sawêg tirakat dhatêng ing Pamantingan. Sawangsulipun dhatêng ing dalêm, masjid sampun badhe kaadêgakên. Sunan Kalijaga enggal anglêmpakakên tatal. Nuntên kabêngkêkan, sarêng sadalu punika ugi bêngkêkan tatal dados saka, enjingipun tanggal kaping 1 wulan Dulkangidah masjid kaadêgakên, sinêngkalan 1428, keblatipun masjid manut kakbah ing Mêkah, pangulunipun Sunan ing Kudus. Sarêng sampun antawis sajumungah adêgipun masjid wau, para wali pinuju sami dikir wontên ing masjid, Sunan Kalijaga lênggah nyanès, nyikruk wontên sangandhaping bêdhug. Nuntên wontên buntêlan dhawah saking nginggil, ulêsipun wacucal menda, ing lêbêt isi pasujudan sarta salendhangipun Kajêng Rasul. Para wali sami pirêmbagan, buntêlan wau prayogi [prayo...] — 49 — [...gi] kapanduma sapikantukipun. Sunan Bonang botên amrayogèkakên ing pirêmbag wau, karsanipun Sunan Bonang buntêlan prayogi kaumbulakên. Sintên ingkang kadhawahan inggih punika ingkang andarbèni. Buntêlan wau inggih nuntên kaumbulakên, dhawah wontên ing pangkonipun Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga kagèt nuntên ngaluwat laminipun kawan dasa dintên, sarwi andondomi wacucal wau sarta maos kalimah kêkalih, wacucal sampun dados rasukan anama ôntakusuma utawi Kyai Gundhil. Mênggah Kyai Gundhil punika sapanginggilipun dados agêm-agêmanipun para ratu, ing nalikanipun yèn jumênêng ratu lan yèn mangun pêrang, namung Sultan Dêmak lan Sultan Pajang kang botên ngagêm. Kala samantên Sunan Bonang animbali pandhe ing Tuban awasta Ki Sura, punika kaparingan cis dhatêng Sunan Bonang, andikakakên damêl pasunatan. Ananging Ki Sura wau lajêng adamêl dhuwung dhapur sangkêlat. Nuntên andikakakên damêl malih sakantunin[13] tosan cis wau, inggih nuntên kadamêl warni wulung malih dhapur pasopati, kasaosakên dhatêng Sunan Bonang. Wondene dhuwung kêkalih wau dede ingkang kakarsakakên Sunan Bonang, ewadene padamêlanipun Ki Sura wau inggih katarimah, sabab Sunan Bonang sumêrêp yèn dhuwung kêkalih — 50 — wau badhe dados panganggènipun para ratu ingkang ngêrèh ing tanah Jawi, ananging Ki Sura wau sasampunipun damêl dhuwung lajêng sakit mripatipun, têmahan ina, botên sagêd damêl dhuwung malih. Sunan Bonang anuntên dhatêng wana, aningali tunggak jati growong wontên sapinggiring toya katuwuhan godhong pakis, angrêmbyung wontên sangandhaping tunggak wau, sarta pating cêkênuk êlungipun. Tunggak kasawang-sawang pinanggih panggalihipun, badhe kapola wangunipun, kadamêl garaning dhuwung wau, badhe kaagêm piyambak. Sakonduripun Sunan Bonang lajêng adamêl garan wau, sarêng sampun dados sangêt ing prayoginipun, pantês yèn kaagêma ing para ratu, mila lajêng kaêtrapakên ing dhuwung kêkalih wau, mênggah namanipun kawastanan ukiran tunggak sêmi dhatêng Sunan Bonang. Punuju[14] ing dintên Jumungah Sunan Bonang sêmbiyang dhatêng ing masjid. Sabakdaning sêmbiyang Sunan Kudus pitakèn, sababipun botên ngangge cis. Sunan Bonang anyêrêpakên sarta andêdahakên dhuwung pasopati wau, Sunan Kudus rêmên aningali wanguning dhuwung, lajêng kasambut kadamêl pola, ingkang dipun kèn damêl tiyang pandhe anama Ki Janas. Sarêng sampun dados dhuwung inggih lajêng kawangsulakên malih. Kacariyos Kyai Agêng Tarub sangêt asihipun dhatêng Radèn Lêmbu Pêtêng, kados putranipun piyambak. [piyamba...] — 51 — [...k.] Sabab Kyai Agêng sumêrêp ing pêpêsthèn. Awit sampun angsal wisik. Mila ingkang putra sangêt anggènipun amulang, dipun kèn amratapa, aling-aling sêsabin. Radèn Lêmbu Pêtêng ngèstokakên parentahe kang rama, ing sabên dintên saba ing pagagan, anênanêm sarêmênipun warni-warni, manawi siyang kakirim dhaharipun. Kala samantên putranipun Kyai Agêng ing Tarub kang nama Rêtna Nawangsih sampun môngsa birai sandhang, sangsaya sangêt ayunipun. Ing sabên siyang andikakakên ngirim dhaharing Radèn Lêmbu Pêtêng ing pagagan. Sadhatêngipun ing pagagan babêktanipun dipun tampèni dhatêng Radèn Lêmbu Pêtêng, nanging astanipun tansah dipun cêpêngi dhatêng Radèn Lêmbu Pêtêng, andadosakên kagètipun Dèwi Nawangsih, lajêng mantuk sarta awêwadul dhatêng ingkang rama, Kyai Agêng Tarub ngandika, wis mênênga bae dhenok, satêmêne Si Lêmbu Pêtêng iku sadulurmu angkat, dudu sadulurmu têmênan. Sang Rêtna Nawangsih lajêng kèndêl. Sarêng ing dalunipun Sang Rêtna Nawangsih lajêng kadhaupakên kalihan Radèn Lêmbu Pêtêng nanging dèrèng ngantos atut. Kyai Agêng tumuntên seda, sarêng sampun lami-lami Sang Rêtna Nawangsih rumaos lola, lajêng atut anggènipun palakrama, sarta sangêt anggènipun sih-sinihan. Radèn Lêmbu Pêtêng lajêng ngalih nama Kyai Agêng Tarub. Ing lami-lami Rêtna Nawangsih wawrat. Sarêng dumugi ing môngsa KOSA-KATA anggraita. (kembali) saka. (kembali) lumêbêt. (kembali) kobêr (dan di tempat lain). (kembali) durung. (kembali) tuwin. (kembali) Opak (dan di tempat lain). (kembali) sadhèrèkipun. (kembali) ngandika. (kembali) Adiwijaya. (kembali) pamit. (kembali) kangjêng. (kembali) dening. (kembali) api-api. (kembali) manêkung. (kembali) sinêngkêlit. (kembali) lumpuh. (kembali) gawaa. (kembali) jangji. (kembali) Tumênggung. (kembali) tanda pêpêt ditulis di atas aksara na. (kembali) pisungsung. (kembali) wêntisipun. (ke

Unlike ·  · 5 minutes ago ·

  •  
  • You, Ferry Djajaprana and 17 others like this.
    • Trah Limansantoso ‎…. SAMBUNGANNYA …..>— 52 —
      saha mbabar miyos kakung abagus warninipun. Ingkang rama ibu sangêt asih, sarêng sampun kasapih nuntên gadhah putra malih èstri, Kyai Agêng Tarub lajêng gêrah dados ing sedanipun. Putra kêkalih wau ingkang jalêr anama Ki Gêtas Pandhawa sampun krama, ingkang èstri kakramèkakên angsal Ki Agêng Ngêrang. Kacariyos Ki Gêtas Pandhawa wau sampun apêputra pitu, pambajêngipun jalêr, awasta Ki Agêng Sela, ingkang rayi nênêm èstri sadaya, Nyai Agêng Pakis, Nyai Agêng ing Purna, Nyai Agêng ing Kare, Nyai Agêng ing Wanglu, Nyai Agêng ing Bokong, Nyai Agêng Adibaya, sami rukun anggènipun saduluran.
      Kacariyos Ki Agêng ing Pêngging, anama Dipati Jayaningrat, saklangkung digdayanipun. Sangêt dipun sihi dhatêng Prabu ing Majapait, sarta katariman putrinipun. Sampun apêputra kêkalih, anama Ki Kêbo Kanigara, kalih Ki Kêbo Kananga, sarêng sampun pêputra kêkalih, Dipati Jayaningrat seda. Punika putra kêkalih[15] wau sami pradondi, ingkang sêpuh Ki Kêbo Kanigara kêdah angêkahi agami Buda, lajêng kesah amartapa dhatêng salêbêting kawah tuwin ing rêdi-rêdi, anèlad lampahing ajar, pêjahipun obong, botên kantênan kuburipun. Dene Ki Kêbo Kananga anglampahi agami Islam, anut ing
      — 53 —
      sarakipun kangjêng rasul. Sampun angadêg Jumungahipun wontên ing Pêngging, kathah têtiyang dhusun kang sami sêmbiyang Jumungah dhatêng ing Pêngging, sarta Ki Kêbo Kananga wau anggêguru dhatêng pangeran ing Siti Jênar, sêsarênganipun anggêguru tiyang tiga, anama Ki Agêng Tingkir, Ki Agêng Butuh, Ki Agêng Ngêrang, tiyang sakawan wau sami manjing dados sadulur sarta kêmpal manahipun dados satunggal, awit saking karsanipun Pangeran Siti Jênar.
      Kacariyos sultan ing Dêmak mirêng wartos, yèn têdhakipun Ki Dipati Dayaningrat, kang nama Ki Kêbo Kananga, ing mangke anama Ki Agêng Pêngging, punika sampun agami Islam, nanging dèrèng wontên sowan dhatêng ing Dêmak. Sinuhun Bintara asêmu duka, awit ing Pêngging wau tilas kabupatèn, sarta kaprênah santana dening Sultan Dêmak, bokmênawi amikir sumêja jumênêng ratu, Sultan Dêmak lajêng utusan pinisêpuh, anama Ki Agêng Wanapala, sarta kabêktanan suwal tigang prakawis. Kang sapisan kadospundi, ingkang dados kaniyatanipun, punapa inggiha tulus anggènipun ngibadah kemawon, punapa badhe melik karaton ing Dêmak. Kaping kalih, sultan ing Dêmak inggih sampun sumêrêp, yèn piyambakipun santananipun Sultan Dêmak. Kang kaping tiga punapa sababipun dene botên purun sowan dhatêng ing Dêmak. Ki Wanapala sagêda nyêngkolong [nyê...]
      — 54 —
      [...ngkolong] ingkang dados kaniyatanipun. Sasampuning têrang Ki Wanapala lajêng mangkat. Sadhatêngipun ing Pêngging sampun kêpanggih kalihan Ki Agêng, nuntên sami sêsalaman. Ki Agêng Pêngging pitakèn mênggah ingkang dados damêlipun, dene lampahipun anyalawadi, Ki Wanapala mangsuli bêlaka yèn kautus ing kangjêng sultan.
      Tiyang kêkalih wau lajêng sami bêbantahan. Rame gêntos kawon. Ki Wanapala sarêng sampun sumêrêp ingkang dados kaniyatanipun Ki Agêng Pêngging, lajêng pamit mantuk dhatêng Dêmak, matur ing kangjêng sultan, yèn Ki Agêng Pêngging wau gadhah cipta kêkalih, ing lair anêtêpi anggènipun ngibadah, nanging ing batos sumêja jumênêng ratu, sangêt sagêdipun anyamur lampah, aturipun Ki Wanapala, prayogi kasarèhakên ing sawêtawis. Sabab sampun kula wangêni kalih taun, tumuntên sowana dhatêng ing Dêmak. Akathah-kathah aturipun Ki Wanapala wau ênggènipun amurih icaling dukanipun dhatêng Ki Agêng Pêngging.
      Kacariyos Ki Agêng Pêngging, saantukipun utusan ing Bintara, lajêng katamuan Ki Agêng Tingkir, Ki Agêng Ngêrang, Ki Agêng Butuh, mila sami mara tamu, sabab mirêng wartos, yèn Ki Agêng Pêngging tinimbalan dhatêng ing Dêmak mopo, tiyang têtiga wau sarèhning sadhèrèk tunggil guru dados sami kuwatos dhatêng Ki Agêng Pêngging, nuntên [nu...]
      — 55 —
      [...ntên] sami takèn mênggah ing sababipun, dene tinimbalan dhatêng ing Dêmak botên purun sowan, sarta sami amituturi, supados yèn dipun timbali malih lumampaha, nanging Ki Agêng Pêngging taksih sangêt ing wangkotipun. Kala samantên Ki Agêng Pêngging ing dalu nanggap wayang bèbèr, sarêng sadalu punika ugi garwanipun Ki Agêng Pêngging wawratanipun sampun sêpuh, lajêng ambabar miyos jalêr, abagus warninipun. Kasarêngan dhatênging kêkuwung sarta jawah dêrês. Ingkang angringgit bèbèr kinèn kèndêl. Jabang bayi sasampuning binêrsihan ingaturakên dhatêng Ki Agêng Tingkir, tinampèn lajêng pinangku, Ki Agêng Tingkir ngandika dhatêng Ki Agêng Pêngging, adhi, anakmu iki bagus têmên, aku amêsthèkake bocah iki ing besuk gêdhe darajate, bêgjane kang padha mênangi, sarta bocah iki dakwehi jênêng Mas Karèbèt, dene ênggone lair pinuju nanggap wayang bèbèr. Ki Agêng Tingkir, Ki Agêng Butuh, Ki Agêng Ngêrang, sarêng sampun sadasa dintên anggènipun wontên ing Pêngging, lajêng sami mantuk. Botên antawis lami Ki Agêng Tingkir nuntên seda, Ki Agêng Pêngging inggih dipun aturi dhatêng garwanipun Ki Agêng Tingkir, anggènipun wontên ing Tingkir gangsal dintên, nuntên mantuk. Dhatêngipun ing dalêm Ki Agêng Pêngging sangêt susah ing galihipun, ciptanipun tumuntên nusula pêjah dhatêng Ki Agêng Tingkir.

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 56 —
      Kacariyos Sultan Bintara, lami ênggènipun angantos-antos ing sowanipun Ki Agêng Pêngging, awit sampun dumugi ubangginipun kalih taun. Ing mangke Sinuhun Bintara anggalih sampun têtela, yèn Ki Agêng Pêngging balela, botên purun sowan. Sinuhun Bintara lajêng utusan Sunan Kudus dhatêng ing Pêngging angêmban dêduka, nuntên mangkat namung ambêkta sabat pêpitu, sarta ambêkta bêndhe, wasiyat saking marasêpuhipun kang nama Dipati Têrung, bêndhe wau anama Ki Macan. Kacariyos Sunan Kudus samargi-margi adamêl wasiyat namaning tanah, kados ta namaning dhusun ing Sima, ing Jimbungan, ing Dêrana, ing Ngaru-aru, punika Sunan Kudus kang anamakakên. Ing mangke lampahipun sampun dumugi ing Pêngging, kêpanggih kalihan Ki Agêng Pêngging, lajêng sami tarung bantah ing ngèlmunipun. Ki Agêng Pêngging kacêthikan karsanipun, anggènipun ngrangkêp pikajêngan. Nanging botên mingkêd ing ukumipun tiyang mirong ing ratu angandhêmi, Ki Agêng Pêngging sampun seda amargi binêlèk sikutipun dhatêng Sunan Kudus. Kulawarganipun sami gègèr, sadaya sumêja ambelani dhatêng Ki Agêng Pêngging kang sampun pêjah, sami anututi ing Sunan Kudus. Sunan Kudus nuntên amêdalakên[16] kasêktèn. Sabatipun amung pitu, pangraosipun tiyang Pêngging katingal tiyang kalih lêksa sarta pêpak sadêdamêlipun. Nanging tiyang
      — 57 —
      Pêngging botên ajrih, mêksa badhe angamuk, sarta anitir bêndhe nama Kyai Udanarum. Sunan Kudus nuntên amêdalakên kasêktèn malih, têkênipun kakipatakên. Tiyang ing Pêngging sakala ical nêpsunipun, lajêng sami mantuk amênêdi layoning gustinipun, kapêtak salèr wetaning dalêm. Sarêng sampun antawis kawandasa dintên, garwanipun Ki Agêng Pêngging nusul seda, Mas Karèbèt kantun lola, kaêmong dhatêng para santananipun.
      Sarêng sampun agêng Mas Karèbèt nuntên kabêkta dhatêng nyai rôndha ing Tingkir, wontên ing ngriku dipun ugung sakarsanipun. Dhasar nyai rôndha ing Tingkir sugih mas picis, kèringan ing tôngga desa, Mas Karèbèt wau dados katêlah nama Ki Jaka Tingkir, solah pikajênganipun sanès lan lare kathah, rêmên anênêpi dhatêng ing rêdi utawi ing wana-wana tuwin guwa, ngantos sadasa dalu tuwin satêngah wulan. Dene ingkang putra botên kenging dipun cêgah ênggènipun rêmên saba wana tuwin rêdi. Pinuju satunggiling dintên Ki Jaka Tingkir mantuk, lajêng rinangkul kang ibu sarwi ngandika, thole, kowe aja dhêmên saba ing gunung, wruhanamu wong kang padha tapa ing gunung iku isih kapir, durung manut agamane kangjêng nabi, luwih bêcik kowe anggêgurua marang wong mukmin. Ki Jaka lajêng nyuwun pamit, badhe anggêguru [anggêgu...]
      — 58 —
      [...ru] dhatêng tiyang mukmin. Ingkang ibu inggih anglilani, Ki Jaka nuntên mangkat ijèn, ngalèr ngetan anjog ing Sela, badhe anggêguru dhatêng Ki Agêng ing Sêsela. Ki Agêng ing Sêsela rêsêp aningali Ki Jaka Tingkir, lajêng kapêndhêt putu, ingugung sakarsanipun. Wontên ing ngriku Ki Jaka rêmên angringgit, sarta sampun misuwur sagêdipun angringgit. Ki Agêng ing Sêsela sangsaya wêwah sihipun. Ki Jaka botên kenging pisah, utawi yèn Ki Agêng anênêpi, Ki Jaka inggih kabêkta.
      Yêktosipun Ki Agêng Sela punika sagêd anyamur lampah, ing batos sangêt panêdhanipun ing Allah, supados sagêda anurunakên para ratu ingkang amêngku ing tanah Jawi, awit Ki Agêng rumaos yèn trahing Brawijaya ing Majapait. Kala samantên Ki Agêng Sela sampun pitung dintên pitung dalu anggènipun wontên ing gubug, pagagan wana kang enggal binubak, pêrnah salèr wetaning Tarub, kawastanan wana ing rèncèh, ing wanci dalu Ki Agêng sare wontên ing ngriku, Ki Jaka Tingkir tilêm wontên ing gagan. Ki Agêng Sela supêna dhatêng wana anyangking pudhi badhe babad. Katingal salêbêting supêna Ki Jaka Tingkir sampun kêpanggih wontên ing wana, sarta sakathahing kêkajêngan sampun sami rêbah, kaseredan dhatêng Ki Jaka Tingkir, salêbêting supêna Ki Agêng eram sangêt, nuntên kagèt wungu saking ênggènipun [ênggèni...]
      — 59 —
      [...pun] sare, Ki Jaka Tingkir taksih tilêm wontên gagan, lajêng ginugah, Ki Agêng pitakèn. Thole, sasuwene aku turu kowe apa ora lunga, wangsulanipun Ki Jaka, botên. Ki Agêng mirêng aturipun ingkang wayah sangêt anggènipun gagêtun, rumaos yèn supêna, ngandika salêbêting galih, gêtun têmên impènku, dene bangêt têmên ênggonku duwe panêdha ing Allah, ing salawase durung pinaringan ngalamat mêngkono, bocah iki kang ora duwe panêdha ing Allah parandene têka pinaringan ngalamat kang kaya mêngkono, Ki Agêng lajêng pitakèn dhatêng Ki Jaka, thole, saelingmu kowe biyèn wis ngimpi apa, Ki Jaka Tingkir matur bêlaka, kala kula tirakat dhatêng ing rêdi Telamaya rumiyin, wontên ing ngriku kula ing dalu tilêm sarta supêna katiban rêmbulan. Sanalika punika ugi rêdi ing Telamaya mungêl gumludhug. Kula lajêng tangi, punika kadospundi ing wahananipun. Ki Agêng mirêng aturipun ingkang wayah sangsaya ngungun. Ciptanipun, yènta sampuna ajrih ing Allah, Ki Jaka kados dipun purih ing cilakanipun. Nanging Ki Agêng sumêrêp, yèn papêsthèning Allah punika botên kenging dipun têkerah ing têtiyang, Ki Agêng nuntên ngandika, thole, kowe aja takon wahananing impènmu, wis ngaluwihi bêcike, yaiku ratu-ratuning impèn.

      3 hours ago · Like ·  1
    • Trah Limansantoso ‎— 60 —
      Dene pituturku marang kowe, ing saiki kowe ngawulaa marang ing Dêmak, ing kono mênawa kêtêmu wahanane impènmu, aku anjurungi pandonga bae. Ki Jaka matur, kawula sandika anglampahi saking dhawah sampeyan, sarta kula pundhi-pundhi ing salaminipun. Ki Agêng ngandika malih, iya thole, ênggonku kurang mangan turu iki muga tinêmua marang kowe, nanging thole, ing buri turunku kênaa anyambungi wahyumu. Ki Jaka aturipun sumôngga, Ki Agêng Sela mirêng aturipun Ki Jaka sakalangkung lêga ing galihipun sarta akathah-kathah pawulangipun dhatêng Ki Jaka.
      Ki Jaka Tingkir inggih lajêng mangkat, lampahipun mampir dhatêng ing Tingkir, matur dhatêng ingkang ibu punapa ing sadhawahipun Ki Agêng Sela, ingkang ibu angandika, thole, pituduhe Ki Agêng Sela iku bangêt bênêre, dadi ana kang dakarêp-arêp. Nuli lakonana nanging ngêntènana baturmu loro iku dhisik. Lagi tak kon matun gaga, iku bakal dakkon ngatêrake marang kowe, aku duwe sadulur lanang siji ngawula Sultan Dêmak, jênênge Kyai Ganjur, dadi lêlurah suranata, iku kang bakal daktitipi marang kowe, sarta angaturêna ing sang nata, Ki Jaka inggih amiturut ing dhawahipun kang ibu, nuntên tumut matun gaga angrencangi tiyang kêkalih wau ngantos sadintên botên mantuk-mantuk.
      — 61 —
      Sarêng ing wanci asar wontên mêndhung sarta grimis. Sunan Kalijaga pinuju langkung cêlak ing pagagan sarta tatêkên cis. Ki Jaka dipun cêluk saking sajawining pagagan. Thole, sira iku têka pijêr matun gaga bae, mariya ênggonmu matun, nuli ngawulaa marang ing Dêmak. Sabab sira iku bakal raja amêngku ing tanah Jawa, sampuning ngandika lajêng kesah mangalèr. Sarêng sampun botên katingal Ki Jaka tumuntên mantuk, matur dhatêng ingkang ibu, kang ibu mirêng sakalangkung bingah sarta ngandika, thole, kowe bêgja bangêt, olèh pituduhe Sunan Kalijaga, kêbat nuli lumakua marang ing Dêmak, aja ngêntèni ênggone matun gaga, sing kèri dakrêmbatne bae, Ki Jaka inggih nuntên lumampah kadhèrèkakên tiyang kêkalih, sampun dumugi ing Dêmak, anjujug griyanipun Kyai Ganjur.
      Kacariyos sultan ing Bintara sampun dumugi ing jangji puput yuswanipun, atilar putra nênêm. Pambajêngipun èstri anama Ratu Mas, sampun krama angsal Pangeran Carêbon. Panênggak anama Pangeran SabrangLèr, punika ingkang anggêntosi kang rama jumênêng ratu, nuntên Pangeran Sedalèpèn. Nuntên Radèn Trênggana, nuntên Radèn Kandhuruwan. Wuragilipun anama Radèn Pamêkas. Dene ingkang jumênêng ratu wau dèrèng lami lajêng seda, dèrèng apêputra, ingka[17] anggêntosi
      — 62 —
      jumênêng ratu Radèn Trênggana ajêjuluk Sultan Dêmak. Ki Patih Mangkurat inggih sampun pêjah, ingkang anggêntosi dados patih anakipun jalêr anama Patih Wanasalam. Kawicaksananipun angungkuli ingkang rama, para bupati sangandhap[18] sami ajrih asih.
      Kacariyos Radèn Jaka Tingkir sampun katampèn pangawulanipun ing Sultan Dêmak. Mênggah katuripun wau Sultan Dêmak pinuju miyos saking masjid. Ki Jaka andhodhok wontên pinggir balumbang badhe sumingkir botên sagêd, sabab kapêngkok ing balumbang, Ki Jaka lajêng nglumpati ing balumbang sarwi mungkur, Sultan Dêmak sarêng aningali sakalangkung kagèt, sarta andangu, Ki Jaka matur yèn kapenakanipun Kyai Ganjur, Ki Jaka lajêng kapundhut sarta kaabdèkakên. Kangjêng sultan sakalangkung asih dhatêng Ki Jaka Tingkir, amargi warninipun bagus, sarta anglangkungi kadigdayanipun. Ing lami-lami Ki Jaka Tingkir lajêng kapundhut putra, kawênangakên ngambah salêbêting kadhaton, sarta kadadosakên lêlurah prajurit tamtama, sampun misuwur ing tiyang sanagari Dêmak.
      Sarêng sampun antawis lami malih sang nata kagungan karsa badhe amêwahi prajurit tamtama, kathahipun kawanatus malih, amundhuti sarta amilihi tiyang sanagari sarta padhusunan. Kapilihan ingkang sami digdaya sarta têguh, yèn sampun angsal lajêng dipun coba kaabên [kaa...]
      — 63 —
      [...bên] kalihan banthèng, mênawi anampiling banthèng rêmuk sirahipun inggih kalêbêt dados tamtama, yèn botên inggih botên kalêbêt. Kacariyos wontên tiyang ing Kêdhungpingit, anama Ki Dhadhungawuk, warninipun botên prayogi, nanging sampun komuk ing têguhipun. Ki Dhadhungawuk wau lajêng dhatêng ing Dêmak, sumêja lumêbêt prajurit tamtama, sarêng katur ing Radèn Jaka Tingkir nuntên katimbalan dhatêng ing ngarsanipun. Radèn Jaka Tingkir sarêng aningali sangêt ênggènipun botên rêmên, sabab warninipun sakalangkung awon … lajêng tinantun. Sarèhning wontên ing dhusun sampun kalok ing têguhipun, punapa purun kacoba dipun suduk. Wangsulanipun inggih purun. Ki Dhadhungawuk lajêng kasuduk ing sadak dhatêng Radèn Jaka Tingkir, dhadhanipun pêcah lajêng pêjah, kancanipun tamtama êndikakakên sami tumut nyuduki ing dhuwung, jisimipun Ki Dhadhungawuk tatunipun arang kranjang, Radèn Jaka Tingkir sangsaya misuwur ing kadigdayanipun. Kala samantên sampun katur ing sang nata, yèn Radèn Jaka Tingkir amêjahi tiyang badhe lumêbêt dados tamtama, kangjêng sultan sakalangkung duka, sarèhning kangjêng sultan wau ratu sangêt ing adilipun. Radèn Jaka Tingkir lajêng kadhawahan tundhung saking nagari ing Dêmak. Kangjêng sultan amaringi diyat dhatêng ali[19] warisipun ingkang pêjah kathahipun gangsal atus reyal.

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 64 —
      Wondene Radèn Jaka Tingkir inggih lajêng kesah sami sakala saking ing nagari Dêmak. Ingkang ningali sami wêlas sadaya, utawi prikancanipun tamtama inggih sami anangisi sadaya, Radèn Jaka Tingkir sangêt ênggènipun kaduwung ing solahipun kang sampun kêlampahan, sarta sangêt ing wirangipun aningali têtiyang ing Dêmak, sariranipun marlêsu, ciptanipun rêmên yèn tumuntêna amanggih pêjah, lampahipun ngidul ngetan anjog ing wana agêng, botên kantênan kang dipun jujug, sabab saking sangêt bingunging manahipun. Kacariyos ênggènipun wontên satêngahing wana, sarta lumampah ing sapurug-purug ngantos gangsal wulan. Kala samantên lampahipun dumugi ing wana Jati Têngah tanah rêdi Kêndhêng, wontên ing ngriku kêpêthuk kalihan Ki Agêng Butuh, Ki Agêng kagèt sarta ngandika, sarta anyêlaki, thole, mandhêga, rupamu lan pasêmonmu mèmpêr kakang Pêngging kang wus mati, yèn kowe dadia putrane patut. Nanging bagus kowe lan dêdêgmu pidêgsa, si kakang ing Pêngging biyen rada kadhuwurên sathithik. Kêbat sumaura, pinangkamu ing ngêndi. Ki Jaka matur, wartosipun ingkang sami sumêrêp, kula inggih anakipun Ki Agêng Pêngging. Ki Agêng sarêng mirêng enggal angrangkul dhatêng Ki Jaka sarwi ngandika, yagene ênggèr, kowe ana satêngahing alas kene. Ki Jaka matur ing wiwitan dumugi wêkasan.
      — 65 —
      Kyai Agêng sakalangkung ngungun.
      Kyai Agêng tumuntên kondur, ingkang putra Radèn Jaka binêkta, sadhatêngipun ing Butuh Radèn Jaka sakalangkung sinungga-sungga, Kyai Agêng Butuh nuntên angaturi Kyai ing Ngêrang, inggih sampun dhatêng wontên ing Butuh, lajêng winartosan yèn Radèn Jaka punika putranipun Kyai Agêng Pêngging, Kyai Agêng Ngêrang enggal angrangkul sarta anangisi, wicantênipun. Thole, aku biyèn tilik mênyang Pêngging, nanging kowe ora nana, wis digawa marang ibumu ing Tingkir, dadi wis bungah atiku, saikine kowe nêmu kasrakat mêngkono, thole, kowe narimaa, ing sakèhe tindakmu ora bênêr iku atas karsaning Allah, lan wis lumrahe wong bakal kapenak iku amêsthi wiwitane lara. Ki Agêng Butuh lan Kyai Agêng Ngêrang wau akathah-kathah pawulangipun dhatêng Radèn Jaka Tingkir, Radèn Jaka inggih sakalangkung narima sarta suka ing galihipun. Dene anggènipun wontên ing Butuh Radèn Jaka wau ngantos kalih wulan. Sarêng sampun nêlas pamulangipun Kyai Agêng Butuh ngandika, thole, sarèhning wis antara pitung sasi ênggonmu lunga têka[20] ing Dêmak, ing samêngko kowe balia marang Dêmak, utawa muliha marang Tingkir lan ing Pêngging, bokmanawa kangjêng sultan wis èngêt sarta animbali marang kowe, ora wurung digolèki ing ênggon [êng...]
      — 66 —
      [...gon] kawijilane, Ki Jaka Tingkir matur sandika, tumuntên mangkat ijèn. Sadhatêngipun sajawining nagari Dêmak lajêng amêlingakên prikancanipun tamtama, inggih sami dhatêng cêcolongan. Radèn Jaka pitakèn dhatêng tamtama, sarèhning ênggènipun kesah sampun lami, sang nata punapa sampun andangu dhatêng piyambakipun. Wangsulanipun tiyang tamtama, sang nata dèrèng wontên andangu, Ki Jaka sarêng mirêng sangêt malih susahing manahipun, lajêng pamit dhatêng kancanipun tamtama sumêdya ngêlambrang malih.
      Lampahipun Radèn Jaka anjujug ing Pêngging, ing dalu lajêng sare ing dêdagan, wontên ing pakuburanipun ingkang rama, ngantos kawan dalu, nuntên mirêng swara atêtela, thole, sira lungaa angidul ngetan, cêdhaking desa Gêtasaji ana wong dhêdhukuh jênênge Kyai Buyut ing Banyubiru, sira ngèngèra ing kono, anglakonana saparentahe. Radèn Jaka kagèt tumuntên wungu saking ênggènipun sare, lajêng mangkat ijèn.
      Gêntos kacariyos ing dhukuh Calpitu sukunipun rêdi Lawu, ing ngriku wontên tiyang tapa, anama Ki Jabaleka, inggih trah saking ing Majapait. Ki Jabaleka wau agadhah putra jalêr satunggil abagus warninipun, nama Mas Mônca, Ki Mas Mônca wau kesah saking [sa...]
      — 67 —
      [...king] ing Calpitu sumêja tapa dhatêng ing pasisir kidul, kèndêl wontên ing Toyabiru, lajêng kapêndhêt mitra dhatêng Ki Buyut ing Banyubiru sarta sangêt dipun sihi, ingugung sapolahipun, winulang sakathahing kadigdayan, lan kinèn bantêr tapanipun. Supados enggala tuwuh kang darajat. Sabab Ki Buyut sumêrêp yèn Mas Mônca wau badhe dados êmbaning ratu. Kala samantên Ki Buyut ngandika dhatêng Ki Mas Mônca, kulup, bakal ratumu mèh têka ing kene, rong dina êngkas mêsthi têka ing kene, yèn wis têlung sasi ênggone ana ing Banyubiru kene, iku wus dungkap jumênênge nata, besuk bakal kêkutha ing Pajang, ratu iku angluwihi sêkti, kineringan ing mungsuh, karatone angkêr, iya iku turune Dipati Andayaningrat ing Pêngging, kowe kang bakal dadi pêpatih, aku besuk kang angreka, amrih gêlise jumênêng ratu. Ki Mas Mônca aturipun nuwun.
      Sarêng sampun kalih dintên malih, Radèn Jaka Tingkir sampun dumugi ing Banyubiru, inggih nuntên kapêndhêt putra dhatêng Ki Buyut. Sakalangkung ingêla-êla, kasadhèrèkakên kalihan Mas Mônca, Ki Buyut anêlas pawulangipun dhatêng Radèn Jaka Tingkir tuwin Mas Mônca, sasampuning jangkêp tigang wulan Ki Buyut ngandika dhatêng Radèn Jaka, ênggèr, wis mangsane kowe ngaton marang ramakmu kangjêng

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 68 —
      sultan, mumpung iki môngsa rêndhêng, amêsthi ngadhaton ing gunung Prawata, dakkira têkamu ing Prawata kangjêng sultan durung kondur marang ing Dêmak. Aku anggawani sarat, kang dadi jalarane kowe diwawuh ing kangjêng sultan. Lêmah iki lolohna ing kêbo dhanu, amêsthi kêbo mau banjur ngamuk marang Prawata, wong Dêmak ora nana kang bisa amatèni, iku margane sang nata andangu marang kowe, yèn kowe andikakake matèni kêbo mau, lêmahe buwangên dhisik. Amêsthi kêbo iya banjur kêna kopatèni, lan kowe dakwèhi kanthi, adhimu Ki Mas Mônca, sarta sadulurku lanang jênênge Ki Wuragil, lan kaponakanku, anake Ki Buyut Majasta, jênênge Ki Wila, wong têlu iku aja nganti pisah karo kowe. Radèn Jaka Tingkir matur sandika.
      Kyai Buyut lajêng parentah dhatêng anak putunipun, andikakakên sami damêl gèthèk, badhe têtumpakanipun Radèn Jaka Tingkir, sarêng sampun mirantos nuntên mangkat numpak gèthèk. Ki Buyut Banyubiru angatêr sapinggiring lèpèn. Sarwi andêdonga anênga langit. Ki Majasta ngatêra tumut nitih gèthèk. Gèthèk milir ing lèpèn Dêngkèng, sampun dumugi ing dhusun griyanipun Ki Majasta, kèndêl sipêng wontên ing ngriku tigang dintên, lajêng mangkat, Ki Majasta botên tumut. Gèthèk [Gèthè...]
      — 69 —
      [...k] milir dumugi ing bêngawan Picis. Tiyang sakawan wau ingkang kêkalih anyatangi, ingkang kêkalih amêlahi.
      Sarêng wanci pukul sakawan sontên dumugi ing kêdhung Srêngenge, anuntên wontên mêndhung sarta grimis awor barat. Ing kêdhung Srêngenge ngriku wontên ratuning baya, anama Baurêksa, pêpatihipun anama Jalumampang, balanipun baya tanpa wilangan. Baya Jalumampang wau angirid baya kalih atus, sami angrampit gèthèk, lajêng pêrang rame kalihan Mas Mônca wontên ing dharatan, Patih Jalumampang sarta baya pitung dasa sampun sami pêjah sinabêtakên ing kêkajêngan dhatêng Mas Mônca, dene Radèn Jaka Tingkir lajêng ambyur dhatêng salêbêting toya, pangraosipun kados wontên ing dharatan kemawon, nuntên prang rame, baya kathah kang pêjah, ratuning baya kang nama Baurêksa sampun nungkul dhatêng Radèn Jaka, sarta aprajangji badhe ngatêr ing lampahipun Radèn Jaka wontên ing toya, lan prajangji badhe angaturi kalangênan baya satunggil-satunggil ing sabên taun.
      Radèn Jaka Tingkir nuntên mangkat anitih gèthèk malih, iliring gèthèk dipun sanggi ing bajul kawan dasa, ingkang nitih sami ngeca-eca lênggah kemawon, satang lan wêlahipun sami binucalan. Ing wanci dalu dumugi Bêbagan [Bê...]
      — 70 —
      [...bagan] ing Butuh, gèthèk kathothok. Bajul sami sumêrêp ing wangsit, gèthèk kakèndêlakên. Radèn Jaka sarta rencangipun têtiga sarèhning sami sayah lan arip. Lajêng sami tilêm wontên ing gèthèk. Ing wanci têngah dalu Ki Agêng Butuh mêdal saking griyanipun, kagèt aningali pulung karaton, cumlorot saking lèr kilèn, dhawah wontên ing lèpèn, panggenanipun tilêm Radèn Jaka wau, Ki Agêng nuntên nututi ing dhawahing pulung, sadhatêngipun ing pinggir lèpèn, Ki Agêng botên samar aningali dhatêng Radèn Jaka, kang sare ing gèthèk kadhawahan pulung, lajêng ginugah, thole, tangia, aja pijêr turu bae, pulung karaton ing Dêmak wis ngalih marang sira. Radèn Jaka lan sarencangipun sampun sami tangi, lajêng binêkta dhatêng dhepokipun Ki Agêng Butuh, Ki Agêng Ngêrang inggih sampun dipun aturi dhatêng ing ngriku, nuntên sami amulang dhatêng Radèn Jaka, sarèhning pulung karaton ing Dêmak sampun ngalih dhatêng piyambakipun. Punika ênggènipun badhe anggêntosi ing Sultan Dêmak sampun ngantos kakasap, kasuwuna ing Allah kemawon, lan amuriha lunturing sihipun sang nata, sarta kawulang ing lampah nistha lan kang utami, akathah-kathah pawulangipun Ki Agêng kêkalih wau ing Radèn Jaka, Radèn Jaka inggih sangêt anarimah sarta badhe angèstokakên ing piwulang [piwu...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 71 —
      [...lang] wau. Radèn Jaka nuntên pamit mangkat lan sarencangipun, sami anumpak gèthèk, alon miliripun. Sarêng dumugi ing dhusun Bulu tanah Majênang, nuntên mêntas dhatêng dharat. Bajul sami kawangsitan kapurih wangsula dhatêng ing panggenanipun ing kêdhung Srêngenge, Radèn Jaka lan sarencangipun lajêng sami lumampah dharat. Wiwit kala samantên ing dhusun Bulu kaêlih nama ing Tindak.
      Lampahipun Radèn Jaka ngalèr ngilèn mêdal ing Garobogan. Sadhatêngipun talatah ing Prawata, Radèn Jaka sumêrêp yèn sang nata taksih ngadhaton ing ngriku, dèrèng kondur dhatêng Dêmak. Radèn Jaka nuntên ngupados maesa dhanu, sarêng sampun angsal lajêng kalolohan siti babêktanipun saking ing Majasta, maesa wau enggal lumajêng angamuk dhatêng pasanggrahan ing Prawata, angobrak-abrik pasanggrahan. Sarta anggudag anyudhangi têtiyang, kathah tiyang kang sami tatu tuwin pêjah, andadosakên gègèripun tiyang sa Prawata, karampog lan dipun sanjatani botên pasah. Kangjêng sultan nuntên parentah dhatêng abdinipun tamtama, andikakakên mêthukakên pangamuking maesa dhanu, sampun ambêkta gêgaman, sabab prajurit tamtama wau sampun sami dipun gêgulang anampiling banthèng, sapisan rêmuk sirahipun pêjah, prajurit tamtama inggih nuntên mêthukakên pangamuking maesa, ijèn gêntos-gêntos, [gêntos-gê...]
      — 72 —
      [...ntos,]
      nanging botên wontên ingkang ngêntasi damêl. Malah kathah kang sami pating kalèsèd, amargi dipun bijigi sarta kaidak-idak. Pangamuking maesa wau ngantos tigang dintên tigang dalu, yèn sêrap srêngenge maesa wangsul dhatêng ing wana, mênawi enjing lajêng ngamuk dhatêng ing pasanggrahan malih, ambêbujêng tiyang.
      Ing sabên dintên sang nata aningali saking pêpanggungan, kala samantên sang nata aningali dhatêng Radèn Jaka Tingkir ingiring tiyang têtiga, lumampah malipir sawingkinging baris. Solahipun kados tiyang aningali pangamuking maesa, sang nata enggal ngandika dhatêng abdinipun kang nama Jêbad. Jêbad, pandêlêng ingsun kae kaya Si Tingkir ingiring bature tatêlu, ingsun ora pangling, sira taria apa dheweke wani sun adu lan kêbo ngamuk. Yèn Si Tingkir bisa matèni kêbo iku, dakapura dosane kang wus kalakon. Radèn Jaka sarêng kadhawahan aturipun sandika, sang nata nuntên parentah angêpung maesa sarta andikakakên sami anyuraki ing Radèn Jaka ênggènipun tanglêd kalihan maesa lan andikakakên nabuh monggang, sang nata aningali saking pêpanggungan. Radèn Jaka Tingkir tumuntên amurugi maesa, maesa inggih lajêng anggudag, adangu ênggènipun tanglêd, kapurih erama kang sami ningali, Radèn Jaka dipun undha katadhahan sungu, nanging botên [bo...]
      — 73 —
      [...tên] pasah, sungu sarta buntuting maesa kacandhat dipun sêndhal, maesa dipun tampiling, rêmuk sirahipun sampun pêjah, andadosakên eram sarta sukanipun sang nata, tuwin ingkang aningali sadaya, Radèn Jaka Tingkir lajêng kawangsulakên kalênggahanipun lami anglurahi prajurit tamtama, kangjêng sultan sampun pulih sihipun kados ingkang wau-wau, sang nata nuntên bidhal kondur dhatêng nagari ing Dêmak.
      Botên antawis lami kangjêng sultan bidhal dhatêng ing Carêbon, sumêja amondhongi ing Sunan Kalijaga, kaaturan adalêm ing nagari Dêmak. Susunan Kalijaga inggih amiturut, lajêng adhêdhêkah wontên ing Ngadilangu,[21] padamêlanipun amêmulang ing agami Rasul, sampun kathah muridipun.
      Kacariyos Kyai Agêng ing Sêsela sumêja lumêbêt prajurit tamtama, nuntên dipun coba kaabên kalihan banthèng, banthèng tinabok sirahipun sapisan pêcah, rahipun mancurat. Kyai Agêng Sela mengo, lajêng kapariksa ing sababipun amengo, atur wangsulanipun Ki Agêng Sela, bokmênawi kapancorotan rah, Kyai Agêng ing Sela nuntên dipun tampik ênggènipun badhe dados tamtama, kawastanan ajrih ing rah, Ki Agêng Sela sangêt isinipun, mantuk lajêng amêpak gêgaman, sumêja soroh amuk angrisak kadhaton [kadha...]
      — 74 —
      [...ton] ing Dêmak. Ki Agêng anumpak kapal, kairing rencangipun sami numpak kapal tuwin dharat kathah. Sadhatêngipun sêlaning waringin kurung ing alun-alun Dêmak, lajêng dipun jêmparing dhatêng sang nata, kapalipun Ki Agêng kenging pathakipun, anglumba sarta anubruk kapale rencangipun. Rencangipun pating balêsar, lajêng dipun jêmparing malih kenging jilinging kapal. Kapalipun Ki Agêng ambandhang mantuk dhatêng ing Sela, rencangipun inggih bibar sadaya, sang nata ningali sakalangkung suka, sarta ngandika dhatêng Patih Wanasalam. Nyata tipis atine Ki Thole ing Sela, ingsun kira ora bisa jumênêng ratu, êmbuh kang buri-buri.
      Kacariyos sang nata sampun pêputra nênêm. Pambajêngipun èstri, sampun kakramakakên angsal putranipun Ki Agêng ing Sampang, anama Pangeran Langgar, ingkang rayi jalêr, anama Pangeran Prawata, tiga èstri, krama angsal Pangeran Kalinyamat. Sakawan èstri, krama angsal Pangeran ing Carêbon. Gangsal èstri, krama angsal Radèn Jaka Tingkir, wuragilipun jalêr, nama Pangeran Timur. Radèn Jaka Tingkir sarêng sampun atut ênggènipun krama lajêng kadadosakên bupati ing Pajang, kaparingan lênggah siti kawan ewu karya, pasowanipun dhatêng Dêmak sabên taun. Botên antawis lami nagari Pajang sampun gêmah raharja,

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 75 —
      tulus kang sami tinanêm. Dipati Pajang sampun adamêl kadhaton.
      Kacariyos Sultan Dêmak sampun seda, ing sasedanipun Sultan Dêmak, Dipati Pajang jumênêng sultan. Nagara kang sami kabawah sadaya kairup dhatêng ing Pajang, ingkang mogok kagêbag ing prang, tanah pasisir tuwin môncanagari kang wetan, lan pasisir kilèn, sadaya sampun sami suyud, botên wontên kang purun anglawan ing prang, sami ajrih ing kadigdayanipun Adipati Pajang, amung adipati ing Jipang kang botên purun têluk, kang anama Pangeran Arya Panangsang, punika putranipun Pangeran Seda ing Lèpèn, wayahipun kangjêng sultan ing Dêmak, dados kaprênah nak-sanak lan garwanipun dipati ing Pajang, wondene kang jumênêng amêngku nagari ing Dêmak putranipun kangjêng sultan ingkang panênggak, anama Sunan Prawata, ananging rukun kalihan sang dipati ing Pajang, sami narimahipun. Putranipun kangjêng sultan kang wuragil kang nama Pangeran Timur kabêkta dhatêng ing Pajang lajêng katanêm bupati wontên ing Madiun.
      Amangsuli cariyos malih, kala taksih panjênênganipun kangjêng sultan ing Dêmak, punika Kyai Agêng ing Sêsela pinuju jawah dhatêng ing sabin, ambêkta pacul, wanci ngajêngakên asar, sadhatêngipun ing sabin lajêng macul. Sawêg angsal tigang kêcrokan, nuntên wontên gêlap [gêla...]
      — 76 —
      [...p] dhatêng, awarni tiyang kaki-kaki, Kyai Agêng sumêrêp yèn punika gêlap, enggal kacêpêng, gêlap mungêl jumêgur, Ki Agêng kêkah ênggènipun nyêpêngi, blêdhèk lajêng binônda, kaaturakên dhatêng ing Dêmak. Gêlap lajêng kinunjara ing kunjara wêsi, sang nata parentah botên kalilan nyukani toya, têtiyang ing Dêmak agêng alit sami aningali sadaya, anuntên wontên tiyang nini-nini dhatêng, angulungi toya ing bêruk. Punika semahipun ing gêlap kang kinunjara wau, gêlap ing kunjara sarêng sampun anampèni toya, lajêng mungêl gumêbyur, kunjara wêsi ajur sami sakala, gêlap kêkalih sarêng icalipun.
      Kacariyos ing Dêmak wontên dhalang ringgit purwa, anama Ki Bicak, bojonipun sakalangkung ayu, punika dipun tanggap dhatêng Ki Agêng Sela, Kyai Agêng sarêng aningali semahing dhalang sangêt ênggènipun rêmên. Dhalang Ki Bicak lajêng pinêjahan. Ringgit sarta bêndhe tuwin semahipun sami kapêndhêt dhatêng Kyi Agêng Sela, Ki Agêng sarêng sampun angsal bêndhe botên siyos rêmên dhatêng semahipun dhalang Ki Bicak. Sangêt kasêngsêmipun dhatêng bêndhe, bêndhe wau kanamakakên Kyai Bicak. Sarta lajêng kaidèn ing Kangjêng Sunan Kalijaga, yèn bêndhe wau badhe dados wasiyat karaton, sarta badhe dados têngêraning prang, yèn bêndhe
      — 77 —
      wau katabuh mungêl ngungkung, amêsthi badhe unggul prangipun. Yèn katabuh botên mungêl, pratôndha badhe asor prangipun.
      Kala samantên Kyai Agêng Sela pinuju angêmban putranipun alit, dipun aring-aringi cêlak wontên ing têtanêmanipun waluh, Kyai Agêng anyamping cindhe botên mawi paningsêt. Nuntên mirêng rame-rame alok tiyang ngamuk. Kyai Agêng niyat badhe mantuk, anyèlèhakên putranipun. Nanging tiyang ngamuk kasêlak dhatêng, lajêng anyuduki dhatêng Ki Agêng, Kyai Agêng botên pasah, nanging Kyai Agêng kasrimpêd ing wit waluh dhawah kalumah, nyampingipun cindhe udhar saking badanipun dados wuda, Kyai Agêng nuntên tangi, tiyang ngamuk dipun tampiling pêcah sirahipun sampun pêjah, Kyai Agêng lajêng andhawuhakên prasapa, benjing ing saturun-turunipun sampun wontên kang nyamping cindhe, sarta ananêm waluh tuwin adhahar wohipun.
      Kacariyos Kyai Agêng Sela sampun pêputra pitu, sampun sami krama, satunggil nama Nyai Agêng Lurung Têngah, kalih Nyai Agêng Saba, tiga Nyai Agêng Bangsri, sakawan Nyai Agêng Jati, gangsal Nyai Agêng Patanèn. Nênêm Nyai Agêng Pakisdadu, wuragilipun jalêr nama Kyai Agêng Ngênis. Sarêng sampun pêputra pitu Kyai Agêng Sêsela seda, dene Kyai Agêng Ngênis wau
      — 78 —
      inggih sampun pêputra jalêr satunggal, anama Kyai Pamanahan, sampun kakramakakên angsal putranipun Kyai Agêng Saba ingkang pambajêng, ingkang wuragil jalêr, anama Kyai Juru Martani, dados Kyai Pamanahan wau kalihan Kyai Juru Martani kaprênah nak-sanak dados ipe. Kyai Agêng Ngênis amêndhêt anak angkat satunggil jalêr, kaprênah kaponakan misan, anama Ki Panjawi, kasadherekakên kalihan Ki Pamanahan tuwin Ki Juru Martani, atut ênggènipun saduluran. Tiyang têtiga wau ing sapurugipun inggih botên pisah, lajêng sami anggêguru ing Sunan Kalijaga, sêsarênganipun anggêguru Kangjêng Sultan Pajang, karsanipun Sunan Kalijaga, Sultan Pajang kasadulurakên kalihan tiyang têtiga wau, inggih sakalangkung sae anggènipun saduluran, sampun kados sadulur tunggil rama ibu.
      Anuntên karsanipun Sultan Pajang Ki Agêng Ngênis kaaturan gêgriya ing Lawiyan. Ki Agêng inggih sampun adhêdhêkah wontên ing Lawiyan. Sarêng sampun lami Kyai Agêng Ngênis seda, inggih kakubur ing Lawiyan ngriku. Ki Pamanahan sarta Ki Panjawi sampun kaabdèkakên ing Sultan Pajang, kadadosakên lurah tamtama, sakalangkung kanggêp pangawulanipun, kapitadosan rumêksa pakèwêdipun ing nagari Pajang, sarta sami dipun [dipu...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 79 —
      [...n] basani kakang dhatêng Sultan Pajang, wondene Kyai Juru damêlipun amung momong dhatêng Ki Panjawi lan Ki Pamanahan. Ingkang dados pêpatih ing Pajang Ki Mas Mônca, anama Tumênggung Môncanagara, Ki Wila lan Ki Wuragil sami dados bupati.
      Kacariyos Ki Pamanahan sampun apêputra pitu, ingkang jalêr gangsal, ingkang èstri kêkalih, pambajêngipun anama Radèn Jambu, kalih Radèn Bagus. Tiga Radèn Santri, sakawan Radèn Tompe, gangsal Radèn Kadhawung, nênêm èstri, krama angsal Tumênggung Mayang, wuragilipun èstri taksih alit. Kala samantên Kangjêng sultan Pajang dèrèng apêputra, putranipun Ki Pamanahan kang nama Radèn Bagus wau kapundhut putra pambajêng dhatêng Sultan Pajang, sakalangkung dipun sihi, sampun kados putranipun piyambak. Karsanipun Sultan Pajang kadamêl lanjaran, supados tumuntêna gadhah putra piyambak.
      Ing waktu punika têtiyang Jawi kathah kang sami rêmên anggêguru lampahing agami Rasul, tuwin anggêguru kadigdayan sarta katêguhan. Guru wau ingkang sampun misuwur kêkalih, satunggil Kangjêng Sunan Kalijaga, kalih sunan ing Kudus. Sunan Kudus wau muridipun têtiga, satunggil Pangeran Arya Panangsang ing Jipang, kalih Sunan Prawata, tiga Sultan Pajang, ingkang dipun sihi piyambak Pangeran Arya Panangsang, kala samantên Sunan [Suna...]
      — 80 —
      [...n] Kudus pinuju lênggah ing dalêmipun kalihan Pangeran Panangsang, Sunan Kudus ngandika dhatêng Arya Panangsang, wong ngalapdho guru iku ukume apa. Arya Jipang matur alon. Ukumipun pinêjahan. Sarèhning kula dèrèng sumêrêp, sintên ingkang gadhah lampah mêkatên punika. Sunan Kudus ngandika, kakangmu ing Prawata. Arya Panangsang sarêng mirêng dhawahipun Sunan Kudus lajêng sagah badhe amêjahi ing Sunan Prawata, nuntên angutus abdinipun kajinêman, anama Rangkud, andikakakên nyidra ing Sunan Prawata, Rangkud inggih lajêng mangkat. Sadhatêngipun ing Prawata inggih sampun kêpanggih wontên ing dalêm. Sunan Prawata pinuju gêrah, asêsèndhèn kang garwa, sarêng aningali dhatêng pun Rangkud Sunan Prawata takèn. Kowe iku wong apa, Rangkud matur, kula utusanipun Arya Panangsang, andikakakên nyidra ing sampeyan. Sunan Prawata ngandika, iya ing sakarêpmu, nanging ngamungna aku dhewe kang kopatèni, aja angilok-ilokake marang wong liyane, Rangkud lajêng anyuduk sarosanipun. Sunan Prawata jajanipun butul ing gigir, anêrus jajanipun kang garwa, Sunan Prawata sarêng aningali kang garwa kêtaton. Enggal narik dhuwungipun, anama Kyai Bêthok, kasawatakên dhatêng Rangkud. Pun Rangkud kabêsèr ing kêmbang kacanging dhuwung niba ing siti lajêng pêjah, Sunan Prawata lan sagarwanipun [sa...]
      — 81 —
      [...garwanipun] inggih sampun seda, sinêngkalan sedanipun Sunan Prawata 1453. Milanipun Arya Panangsang purun akèn mêjahi ing Sunan Prawata, sabab ingkang rama Arya Panangsang sampun dipun pêjahi dhatêng Sunan Prawata, pinuju kondur saking Jumungahan kacêgat wontên ing margi dhatêng utusanipun Sunan Prawata, anama Surayata, Ki Surayata wau inggih lajêng dipun pêjahi dhatêng rencangipun ingkang rama Arya Jipang, punika cariyos kala sedanipun ingkang rama Arya Jipang.
      Kacariyos Sunan Prawata wau gadhah sadhèrèk èstri, anama Ratu Kalinyamat. Punika sangêt anggènipun botên narimah pêjahe sadhèrèkipun jalêr, lajêng mangkat dhatêng ing Kudus kalihan lakinipun, sumêja nyuwun adil ing Sunan Kudus. Inggih sampun kêpanggih sarta matur nyuwun adil. Wangsulanipun Sunan Kudus, kakangmu iku wis utang pati marang Arya Panangsang, samêngko dadi sumurup nyaur bae, Ratu Kalinyamat mirêng wangsulanipun Sunan Kudus makatên sangêt sakit ing manah, lajêng mangkat mantuk. Wontên ing margi dipun begal utusanipun Arya Panangsang, lakinipun Ratu Kalinyamat dipun pêjahi, Ratu Kalinyamat sakalangkung mêmêlas. Sabab mêntas kêpêjahan sadulur, nuntên kêpêjahan bojo, dados sangêt ênggènipun prihatos. Lajêng martapa awêwuda wontên ing rêdi [rê...]
      — 82 —
      [...di] Danaraja, kang minôngka tapih remanipun kaore, Ratu Kalinyamat amêdalakên prasêtya, botên purun angangge sinjang salaminipun gêsang, yèn Arya Jipang dèrèng pêjah, punapa dene apunagi sintên-sintên kang sagêd amêjahi Arya Jipang, Ratu Kalinyamat badhe ngawula lan sabarang gêgadhahanipun kasukakakên sadaya.
      Kacariyos Sunan Kudus, pinuju sawêg rêrêmbagan kalihan Arya Panangsang, Sunan Kudus ngandika, kakangmu ing Prawata lan Kalinyamat samêngko wis padha mati, nanging durung lêga atiku, yèn kowe durung jumênêng ratu amêngku ing tanah Jawa kabèh, lan yèn misih adhimu Sultan Pajang dakkira kowe ora bisa dadi ratu, sabab iku kang amakewuhi. Arya Panangsang matur, mênawi parêng ing karsa sampeyan, nagari Pajang badhe kula gêbag ing prang, pun adhi ing Pajang kula pêjahi, supados sampun amakèwêdi. Sunan Kudus ngandika, karêpmu iku aku ora mrayogakake, sabab bakal angrusakake nagara, sarta akèh pêpati, dene kang dadi karêpku, kakangmu ing Pajang iku bisaa mati kacidra bae, aja kawêruhan ing wong akèh. Arya Panangsang matur sakalangkung prayogi, lajêng angutus abdinipun kajinêman, sami êndikakakên[22] [ênd...]
      — 83 —
      [...ikakakên] nyidra ing Sultan Pajang. Kajinêman inggih nuntên mangkat. Dhatêngipun ing Pajang wanci dalu, lajêng lumêbêt ing kadhaton. Sultan Pajang pinuju sare, amujung kampuh, para garwa sami tilêm ing dagan. Kajinêman lajêng nêrajang anyuduki sarosanipun. Sultan Pajang botên pasah, taksih sakeca sare kemawon. Sanajan kampuh ingkang kadamêl mujung wau inggih botên pasah, para garwanipun kagèt, tangi lajêng sami nangis sarta anjêrit. Sultan Pajang kagèt sarta wungu, wungunipun sultan wau kampuh kang kadamêl mujung anyampyuk dhatêng pandung kang sami nyuduki, pandung lajêng sami dhawah ing siti agalasahan. Botên wontên kang sagêd kesah, Sultan Pajang enggal andangu dhatêng kang para garwa, ana apa dene kowe padha nangis pating jalêrit. Para garwa matur, panjênêngan dalêm kula wastani sampun seda amargi dipun suduki ing pandung, sultan enggal amundhut damar sarta amurugi panggenaning pandung, pandung sakawan taksih sami anglungsar wontên ing siti, botên wontên kang sagêd anggulawat. Sultan enggal andangu, sira iku maling têka ing ngêndi, lan sapa kongkon marang kowe. Pandung matur balaka. Sultan Pajang ngandika malih, samêngko kowe wis dakapura, nanging dikêbat tumuli muliha marang Jipang, matura marang gustimu, ênggonmu mêtu saka ing kadhatonku kene dirikat, sabab mênawa kowe kawênangan marang bocahku kang padha nganglang, ora wurung kowe [ko...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 84 —
      [...we] dipatèni. Maling sakawan nuntên sami kaganjar arta lan busana, sakalangkung ing bingahipun, botên nyana yèn dipun gêsangi, lajêng nyêmbah sarta mangkat. Lêstantun ing lampahipun. Dumuginipun ing Jipang inggih lajêng matur ing gustinipun, yèn lampahipun botên angsal damêl. Sultan Pajang sakalangkung têguh sarta sakti, botên kenging sinawawa.
      Arya Panangsang sarêng mirêng aturing kajinêman, sangêt susahing manahipun, lajêng ngaturi uninga ing Sunan Kudus, yèn anggènipun utusan anyidra ing Sultan Pajang botên angsal damêl. Mênawi parêng saking karsa sampeyan, Sultan Pajang prayogi katimbalan mriki kemawon, awad badhe kaajak rêrêmbagan bab ngèlmi, yèn sampun dumugi ing ngriki gampil. Sunan Kudus inggih anuruti ing panuwunipun Arya Panangsang, lajêng utusan animbali Sultan Pajang. Sultan Pajang sarêng tampi timbalanipun Sunan Kudus sakalangkung gugup, katimbalan ing guru, nuntên apradandosan. Ki Pamanahan lan Ki Panjawi enggal angaturi peling ing Sultan Pajang. Aturipun, sampeyan katimbalan dhatêng ing Kudus punika botên badhe rêrêmbagan bab ngèlmi, kintên kula panunggilanipun pandung rumiyin punika, sanajan sampeyan sowana dhatêng Kudus, sampun kirang ing pangatos-atos, prayogi ambêkta sagêlar sapapan. [sapa...]
      — 85 —
      [...pan.] Sultan Pajang sarêng mirêng aturipun Ki Pamanahan lan Panjawi, sakalangkung suka ing galihipun. Lajêng parentah amêpak dêdamêling prang. Putranipun Ki Pamanahan kang dipun pundhut putra pambajêng ing Sultan Pajang samangke sampun jaka kumala-kala, sampun kuwawi angêmbat lawung, sakalangkung dipun sihi ing Sultan Pajang, kaparingan nama Radèn Ngabèi Saloring Pasar, sarta kadadosakên lurahipun prajurit tamtama. Bala ing Pajang sarêng sampun samêkta, Sultan Pajang lajêng bidhal lan sabalanipun, nanging Sultan Pajang lampahipun angrumiyini kalihan bala kang sami numpak kapal. Dene bala kang sami dharat lumampah ing wingking, ingkang anindhihi pêpatih ing Pajang, kang nama Tumênggung Môncanagara.
      Lampahipun Sultan Pajang sampun dumugi ing Kudus, kandhêg wontên ing alun-alun. Sampun angaturi uninga têng[23]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso Sunan Kudus. Sunan Kudus lajêng andhawahi Pangeran Arya Panangsang, êndikakakên manggihi ing Sultan Pajang, sami pinaraka wontên ing pasowan, angêntosana miyosipun Sunan Kudus dhatêng ing pasowan. Arya Panangsang inggih sampun dandos angatos-atos, nuntên mêdal pinarak ing pasowan, sabalanipun tiyang pêpilihan sami wontên ing wingkingipun. Karsanipun Arya Panangsang, samangsanipun Sultan Pajang dhatêng badhe dipun tingali dhuwungipun, lajêng kasudukakên, rencangipun lajêng sami tumut angêrocok. Dene Sultan Pajang wau inggih sampun dipun dhawahi dhatêng utusanipun Sunan Kudus, andikakakên pinarak wontên ing pasowan kalihan Arya Panangsang, Sultan Pajang inggih lajêng pinarak wontên ing pasowan. Ki Panjawi lan Ki Pamanahan sarta Radèn Ngabèi Saloring Pasar sami angampingi kiwa têngên ragi wingking sarta sami angatos-atos. Sultan Pajang lênggah ajêng-ajêngan lan Arya Panangsang, sami sawang-sinawang, Arya Panangsang nuntên pitaken dhatêng Sultan Pajang, adhi, sampun lami kula botên kêpanggih kalihan sampeyan, sapunika asêsarêngan sowan wontên ing ngriki, mênggah kang sampeyan agêm punika dhuwung ingkang pundi. Sultan Pajang amangsuli, dhuwung kula lami. Arya Panangsang wicantên malih, pundi adhi, kula badhe ningali ing dhuwung sampeyan. Wangkingan lajêng dipun unus, Ki Pamanahan enggal anjawil. Sultan Pajang igraita,[1] wangkingan sampun kaulungakên dhatêng Arya Panangsang, Sultan Pajang enggal anarik cothèn sarwi wicantên. Kakang Arya Panangsang, taksih sae dhuwung kula punika, angungkuli kang sampeyan tingali puniku, Arya Panangsang mèsêm sarwi wicantên. Tingal kula kang kula cêpêngi punika inggih sae. Sultan Pajang sumaur, ingkang kula cêpêng punika nama Kyai Carubuk, sanajan sami sae taksih [ta...]
      — 87 —
      [...ksih] ampuh pun Carubuk, luwangipun kang sampun kalampahan sok bucêka mêsthi pêjah. Kasaru wêdalipun Sunan Kudus, aningali kang sami lênggah angliga dhuwung, Sunan Kudus enggal anyêlaki sarwi ngandika, iki ana apa dene padha angliga kris. Apa arêp balantikan, apa arêp ijol kêris, kêbat padha wrangkakna, ora bêcik didêlok ing wong akèh. Dhuwung inggih lajêng kawangsulakên dhatêng Sultan Pajang sarta sampun sami kasarungakên. Arya Panangsang wicantên, layak durung pêsthine ênggonku bakal gawe rôndha. Sultan Pajang inggih wicantên. Baya durung pêsthine ênggonku bakal awèh pakaning gagak. Sunan Kudus ngandika, wis aja padha kodawakake cêlathumu iku, padha atuta ênggonmu padha duwe sadulur, samêngko wis padha muliha marang pasanggrahamu dhewe-dhewe, besuk samangsane para bupati wis padha pêpak, kowe padha daktimbali. Sultan Pajang sarta Arya Panangsang lajêng sami mantuk dhatêng pasanggrahanipun piyambak-piyambak. Arya Panangsang pasanggrahanipun sawetan bêngawan Sore, Sultan Pajang pasanggrahanipun sakilèn bêngawan Sore, utawi bala ing Pajang ingkang sami lumampah ing wingking inggih sampun sami dhatêng.
      Ing wanci dalu Sultan Pajang pinarak kalihan Ki Pamanahan sarta Ki Panjawi, Ki Pamanahan matur, kula mirêng wartos, [war...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 88 —
      [...tos,] ing sasedanipun Sunan Prawata lan raka jêngandika ing Kalinyamat, punika bok ayu jêngandika ing Kalinyamat sangêt ênggènipun prihatos, amartapa wontên ing rêdi Danaraja sarta awêwuda, pangandikanipun botên karsa ngagêm sinjang yèn Arya Panangsang dèrèng pêjah, mênawi sampeyan karsa, sumôngga sami têtuwi. Sultan Pajang anurut ing aturipun Ki Pamanahan. Inggih lajêng lumampah dhatêng ing rêdi Danaraja ing wanci dalu, ingkang andhèrèk Ki Pamanahan kalih Ki Panjawi, tiga Radèn Ngabèi Loring Pasar, dhatêngipun ing rêdi Danaraja kandhêg wontên ing paregolan, sampun kaaturakên dhatêng Ratu Kalinyamat, yèn Sultan Pajang badhe kêpanggih, dhawahipun Ratu Kalinyamat. Enggal aturana, nanging surupêna dhingin, yèn aku ora bisa anêmoni sap mata, aturana lênggah sajabaning kobongan bae, abdi ingkang kadhawahan wau inggih enggal angaturi ing Sultan Pajang, Sultan Pajang lan rencangipun têtiga inggih sampun sami lumêbêt, alênggah sajawining kobongan. Ratu Kalinyamat alon ngandika, yayi prabu, apa ingkang dadi karsamu, dene kowe tilik mrene, Sultan Pajang matur, bakyu, sowan kula mriki, awit kula mirêng pawartos, yèn sampeyan tilar nagari atapa wontên ing rêdi Danaraja ngriki sarta botên karsa [kar...]
      — 89 —
      [...sa] ngagêm sinjang, punika punapa ingkang dados prihatos sampeyan. Mênggah sedanipun kakang ing Kalinyamat tiyang sampun pinêsthi karsa Allah, mênawi parêng mugi sampeyan bucal ênggèn sampeyan prihatos. Ratu Kalinyamat ngandika, bangêt panrimaku yayi, ênggonmu amituturi marang aku, nanging wong ujarku wis katrucut kapriye, aku ora nganggo tapih yèn Si Arya Jipang durung mati, sanajan aku kongsia tumêka ing pati, ya daklakoni, malah têkamu mrene iku bangêt ênggonku bungah, sarèhning aku wong wadon, sapa kang dakjaluki pitulung angilangi prihatinku, kajabane kowe, sabab aku wis ora duwe sadulur manèh, yèn kowe bisa amatèni Si Arya Panangsang, nagara ing Kalinyamat lan ing Prawata utawa rajabranaku kabèh kaduwea marang kowe, sarta aku angèngèr marang kowe. Sultan Pajang matur, bakyu, kula ajrih amêngsah pun Arya Jipang, sabab sangêt ênggènipun sakti sarta têguh. Ratu Kalinyamat ngandika, adhi, sapa kang daktêtangisi liyane têka[2] kowe, dadi ênggonmu tilik mrene iku tanpa gawe. Ki Pamanahan matur bisik-bisik ing Sultan Pajang, mênawi pikajêngan kula prayogi dipun pikir rumiyin. Sampeyan sumadosa ing sadalu mangke karêmbag. Benjing enjing [e...]
      — 90 —
      [...njing] sumôngga sami wangsul. Sultan Pajang inggih anurut, lajêng matur kamanah ing sadalu mangke, Ratu Kalinyamat ngandika, iya adhi, sesuk balia mrene têmênan, aku angarêp-arêp. Sultan Pajang sampun pamit mantuk dhatêng pasanggrahan, Ki Pamanahan tumut andhèrèk konduripun Sultan Pajang, nanging nuntên wangsul kêpanggih lan Ratu Kalinyamat, sarta lajêng tinakenan. Adhi Pamanahan, apa ana gawemu dene kowe bali mrene, Ki Pamanahan matur, bakyu, kula badhe ngaturi pratikêl dhatêng ing sampeyan, bab anggèn sampeyan mundhut pitulung dhumatêng Sultan Pajang, kala wau kula ningali abdi sampeyan èstri kêkalih, sami ayu warninipun. Punika benjing-enjing sami sampeyan paèsi, yèn Sultan Pajang dhatêng mriki sampeyan kèn linggih cakêt kobongan ngriki, mila makatên, watêkipun Sultan Pajang yèn aningali tiyang èstri ayu lajêng gadhah kakêndêlan, amêsthi lajêng sagah amêjahi dhatêng Arya Jipang, yèn tiyang èstri wau sampeyan paringakên. Amung punika ênggèn kula prêlu wangsul mriki, Ratu Kalinyamat mèsêm sarwi ngandika, bangêt panarimaku adhi, ênggonmu awèh pratikêl mêngkono iku, sarta bakal tak turuti. Ki Pamanahan sampun pamit mantuk dhatêng ing pasanggrahan.
      Ing enjingipun Sultan Pajang apirêmbagan kalihan Ki Panjawi [Pa...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 91 —
      [...njawi] lan Pamanahan. Sultan Pajang ngandika, kadospundi kang dados rêmbag dika prakawis pamundhute pitulung kakang bok ing Kalinyamat. Ki Pamanahan matur, ing pamanah kula prayogi dipun sagahi, sabab ingkang kawajiban têtulung amung sampeyan. Sampeyan môngsa kêkirangana budi, abdi sampeyan para bupati sapangandhap sami tinantun, sintên kang sagêd amêjahi Arya Jipang, sampeyan êbang kaganjar nagari tuwin rajabrana, mokal yèn botên wontêna kang sagah. Sultan sarêng mirêng ature Ki Pamanahan sakalangkung lêga galihipun. Lajêng ngandika, kakang mangke dalu sawêg sami wangsul. Kakang bok mêsakake, supados mantuna susahipun. Sarêng ing wanci dalu lajêng sami mangkat dhatêng ing rêdi Danaraja, sadhatêngipun ing ngriku Sultan Pajang kagèt aningali tiyang èstri ayu kêkalih, sami alênggah sakiwa têngêning kobongan. Sultan sangêt kagimir ing galihipun, lajêng nolih pitakèn dhatêng Ki Pamanahan. Kakang, tiyang ayu kalih punika bojone sintên. Dene rupine ayu têmên. Kula dèrèng nate tumon. Ki Pamanahan matur, pandugi kula kalangênanipun raka jêngandika ing Prawata suwargi, Sultan Pajang ngandika malih, upaminipun kula suwun, kakang bok punapa parêng, Ki Pamanahan matur, pangandikanipun bok ayu jêngandika rumiyin. sampun [sampu...]
      — 92 —
      [...n] ingkang warni tiyang èstri, sanajan sanèsipun inggih parêng, yèn sampeyan sagêd anglêgani ing pamundhutipun. Ratu Kalinyamat nuntên andangu dhatêng Sultan Pajang, kêpriye adhi, têkamu mrene iku apa wis olèh pikir kang prayoga ing panjalukku wingi. Sultan Pajang matur, bakyu, sampeyan sampun kuwatos, ingkang eca kemawon galih sampeyan. Kula kang sagah mêjahi pun Arya Panangsang, nanging tiyang èstri kêkalih punika kula suwun, kang sami lênggah cakêt kobongan. Ratu Kalinyamat ngandika, adhi, aja sing wong wadon iku yèn ora dakwèhêna, sanajan nagara Kalinyamat lan ing Prawata utawa rajabranaku kabèh ya dak wènèhake, sok uga kowe anglêganana ing panjalukku, èstri kêkalih wau lajêng kaparingakên, êndikakakên sami lênggah ing ngarsanipun sultan. Inggih sampun sami majêng alênggah tumungkul. Mênggah èstri kêkalih punika sayêktosipun taksih gadhah laki, semahipun kajinêman ing Prawata. Sultan Pajang sarêng sampun tampi èstri kêkalih lajêng matur, bakyu, sampun sumêlang galih sampeyan. Pun Arya Jipang amêsthi pêjah dening kula. Ratu Kalinyamat ngandika, iya adhi, sapa kang dakandêlake kajabane kowe. Sultan Pajang sampun pamit kondur dhatêng pasanggrahan, sarta ambêkta èstri kêkalih. [kêka...]
      — 93 —
      [...lih.] Wondene kajinêman ingkang gadhah bojo wau ing wanci dalu sami anyidra dhatêng Sultan Pajang, sarta ambêkta prikancanipun kajinêman tiga dados tiyang sakawan. Sultan pinuju sare, lajêng dipun suduki dhatêng kajinêman sakawan, nanging botên pasah, ing sawungunipun sultan, kajinêman sakawan sami angaturakên tobat. Sultan inggih aparing pangapuntên sarta sami kalilan mantuk, lan sampun anglilakakên bojonipun.
      Ing enjingipun Sultan Pajang andhawahakên parentah dhatêng abdinipun sadaya, sintên ingkang purun amêngsah sarta sagêd amêjahi dhatêng Arya Jipang, Sultan badhe angganjar nagari ing Pathi lan ing Mataram. Nanging para bupati tuwin mantri botên wontên ingkang sagah, sabab sami ajrih dhatêng Arya Panangsang. Sultan Pajang nuntên dhawah angundhangakên dhatêng sawarninipun tiyang ing nagari tuwin tiyang dhusun. Sanajan tiyang pangarit, yèn sagêd amêjahi Arya Panangsang, amêsthi kaganjar nagari ing Pathi lan Mataram.
      Kacariyos Ki Panjawi lan Ki Pamanahan, tiga Ki Juru Martani, sakawan Radèn Ngabèi Loring Pasar, pinuju sami kalêmpakan wontên griyanipun Ki Pamanahan. Ki Juru pitakèn wartos. Ki Pamanahan sumaur, kala wau sang nata andhawahakên sayêmbara, sintên tiyang [ti...]
      — 94 —
      [...yang] ingkang amêjahi Arya Panangsang, amêsthi dipun ganjar nagari ing Pathi lan Mataram. Nanging para bupati tuwin mantri sami ajrih sadaya, dados dèrèng wontên tiyang ingkang gadhah kasagahan. Ki Juru wicantên malih, rêmbag kula prayogi sampeyan sagah tiyang kêkalih lan Ki Panjawi, sabab nagari ing Pathi lan Mataram wau eman sangêt yèn ngantosa kenging ing tiyang sanès. Ki Pamanahan sumaur, ki ipe, gampil yèn tiyang tampi ganjaran mêkatên, balik ênggènipun mêjahi Arya Panangsang kadospundi. Ki Juru Martani wicantên malih, upami tiyang ngabên sawung, yèn botohipun sagêd, amêsthi sawungipun inggih mênang, makatên malih tiyang pêpêrangan, yèn dhasar sagêd anggènipun angreka senapatinipun, amêsthi pêrangipun inggih mênang, sarèhning kula sampun sumêrêp ing watêkipun Arya Panangsang, sangêt ing wantêripun sarta panasbaran. Pikajêngan kula, Arya Panangsang wau badhe kula kintuni sêrat panantang, kula purih dhatênga piyambak, sampun ambêkta bala, yèn sampun dhatêng lajêng kula karubut lan santana kula sadaya, amêsthi inggih pêjah, bilih sampeyan sampun marêngi ing pirêmbag kula punika benjing-enjing sumôngga sami sowan. Ki Pamanahan lan Ki Panjawi inggih sami miturut ing pirêmbag wau.
      Sarêng enjing tiyang sakawan lajêng samai sowan. Para bupati [bu...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 95 —
      [...pati] mantri inggih sampun pêpak sami sowan. Sultan andangu dhatêng para bupati, sapa kang sanggup amungsuh sarta amatèni marang Arya Panangsang, aturipun para bupati botên wontên ingkang sagah. Ki Pamanahan matur, kula kalihan pun adhi Panjawi ingkang sagah amêngsah prang lan pun Arya Jipang, panjênêngan dalêm aningalana saking katêbihan kemawon. Ingkang anadhahi pêrangipun kula piyambak lan santana kula, mila makatên, samangsanipun panjênêngan dalêm katingal dhatêng pun Arya Panangsang, amêsthi panjênêngan dalêm kemawon kang dipun têmpuh, botên angopèni ing tiyang kathah. Sultan Pajang sarêng mirêng sakalangkung suka sarwi ngandika, sokur kakang, dika piyambak ingkang sagah amêngsah pun Arya Jipang, nagari ing Pathi lan Mataram êmpun kaliya, lan reka dika kadipundi. Ki Pamanahan matur, benjing-enjing bala ing Pajang sadaya sami angrakita gêgaman. Nanging wontêna ing pasanggrahan kemawon. Kula lan sasantana kula piyambak ingkang lumampah prang. Sultan inggih anuruti ing aturipun Ki Pamanahan.
      Sarêng enjing Ki Pamanahan lan Panjawi, tiga Ki Juru Martani, sakawan Radèn Ngabèi Loring Pasar sarta sakulawangsanipun sadaya, watawis tiyang kalih atus. Lajêng sami mangkat dhatêng sakilèning banawi cakêt, sarta sampun sami angatos-atos. Ki Pamanahan kalih Ki
      — 96 —
      Panjawi, tiga Ki Jurumartani, lajêng sami kesah tanpa bala, anjujug panggenan pangaritan, angupados pakathik ngarit. Nuntên wontên pakathik mêncil satunggal. Lajêng dipun pitakèni dhatêng Ki Pamanahan. Kowe iki pangarite sapa, ki pakathik sumaur, kula gamêlipun Adipati Jipang, ingkang angêritakên titihanipun anama Gagak Rimang, Ki Panjawi sarêng mirêng yèn punika gamêlipun Arya Panangsang, enggal dipun tubruk dhatêng Ki Panjawi, pakathik botên sagêd polah. Ki Pamanahan wicantên sarta mèsêm. Ki sanak, kula nêdha maklum dika, kuping dika niku kula jaluke sisih kemawon. Ki pakathik sumaur, ah puniku dede padu, kuping ajêng dika jaluk. Angur dika mundhuta kranjang sarta arit, pêsthi kula sukakakên. Ki Pamanahan wicantên malih, yèn dika botên awèh kula jaluk, ênggih bakal kula tuku, sapintên rêgane. Ki pakathik sumaur, sanajan dika tukua kula inggih botên awèh, kula botên melik yatra, lan saumur kula dèrèng nate wade kuping. Ki Pamanahan wicantên malih, angur êndi kowe tak tuwêk. Pakathik inggih lajêng nyumanggakakên kupingipun. Nuntên dipun paringi yatra gangsal wêlas reyal, kupingipun pinêrung sasisih, ingkang sasisih kinanthilan sêrat panantang, dipun kèn ngaturakên ing gustinipun. Ki pakathik [pa...]
      — 97 —
      [...kathik] nuntên lumajêng mantuk dhatêng wetan banawi, sadhatêngipun ing pasanggrahan anêrak abdinipun Arya Panangsang kang sami sowan. Pêpatih ing Jipang anama Ki Mataun sakalangkung kagèt, aningali pakathikipun sang dipati agubras rah, kupingipun pinêrung sasisih sarta kakalung sêrat, lumajêng sumêja sowan ing gustinipun. Nuntên dipun kèn nyêpêng dhatêng Ki Mataun, badhe dipun pitakèni, ki pakathik budi, kêdah lumêbêt sowan ing gustinipun.
      Kala samantên Arya Panangsang pinuju dhahar, kagèt mirêng rame ing jawi, lajêng akèn nimbali Ki Mataun. Arya Panangsang ngandika, Mataun, apa kang dadi rame-rame ing jaba iku, Ki Mataun matur, bêndara, mugi sampeyan dumugèkakên ênggèn sampeyan dhahar, mangke kemawon kula matur, sabab wartos botên sae. Mila Ki Mataun matur makatên, sabab sumêrêp watêking gustinipun, yèn sangêt panasbaran sarta kêndêl. Samangsanipun sampun sumêrêp ing wartos wau botên wande nuntên mangkat atilar bala. Arya Jipang ngandika, Mataun enggal tutura marang aku aja anganggo wêdi, Ki Mataun inggih dèrèng purun, matur kèndêl kemawon. Nuntên pakathik wau ucul ênggènipun sami nyêpêngi, lumêbêb[3] sowan ing ngarsanipun sang adipati. Arya Jipang enggal andangu, iku
      — 98 —
      wong apa dene awake gubras gêtih. Ki Mataun matur sarwi nêmbah, inggih punika ingkang dados gumêdêr ing jawi wau, gamêl sampeyan dipun pêrung kupingipun sasisih, sarta kinalungan sêrat. Sêrat lajêng pinundhut tinampèn ing asta kiwa, astanipun têngên taksih angêpêl sêkul. Sêrat winaos, ungêlipun, pèngêt, layang ingsun Kangjêng Sultan Pajang, tumêkaa marang Arya Panangsang, liring layang, yèn sira nyata wong lanang sarta kêndêl, payo prang ijèn, aja anggawa bala, nyabranga marang sakulon bêngawan saiki, sun êntèni ing kono. Arya Panangsang sasampuning maos sêrat sakalangkung dukanipun. Wadananipun dados rah, ambêngipun kabithi sarwi angêpêl sêkul. Panjang ambêng sigar dados kêkalih, Arya Panangsang enggal jumênêng angrasuk busananing prang, sarta akèn ngambili titihanipun anama Gagak Rimang, nuntên nitih titihan sarwi mandhi waos anama Dhandhang Mungsuh, Ki Mataun matur, bêndara, sampeyan kèndêla sakêdhap, angêntosana bala, mila makatên, sampeyan punika mêsthi badhe kenging ing gêlar utawi paekan. Arya Panangsang botên amirêngakên aturipun Ki Mataun, malah sangsaya sangêt dukanipun kados dipun unggar-unggar. Nuntên wontên saduluripun nèm Arya Panangsang anama Arya Mataram, enggal murugi sarta matur, kakang, sampeyan kèndêl rumiyin, [rumiyi...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 99 —
      [...n,] angêntosana bala. Arya Panangsang ngandika, wis mênênga, aja carèwèt, aku ora wêdi, wis jamake wong prang iku dikarubut ing akèh. Ingkang rayi taksih matur kathah-kathah. Arya Panangsang ngandika bêngis. Wis lungaa, aku ora ngajak kowe, sabab kowe sadulurku seje biyung, amêsthi ora kêndêl kaya aku, Arya Panangsang anyèmêthi kudanipun sampun nyandêr ijèn. Arya Mataram mantuk sangêt sakit manahipun. Ki Mataun nututi botên kacandhak. Sabab sampun sêpuh sarta gadhah sakit mêngi. Lampahipun Arya Panangsang sampun dumugi sawetaning bêngawan sore cakêt. Kacariyos wêwalêripun tiyang ingkang rumiyin-rumiyin, yèn tiyang ajêng-ajêngan badhe pêrang, sintên ingkang nyabrang bênawi punika amêsthi apês pêrangipun.
      Wondene Ki Pamanahan, kalih Ki Panjawi, tiga Ki Juru, sakawan Radèn Ngabèi, lan sabalanipun sadaya inggih sampun sami mirantos wontên sakilèn bênawi cakêt. Sampun sami aningali yèn Arya Panangsang dhatêng ijèn. Tiyang Sêsela sami suka ing manahipun. Arya Panangsang wicantên sêru, hèh wong Pajang, sapa kang awèh layang panantang marang aku, dikêbat nyabranga mangetan, aku karubutên ing akèh, lan wis dhêdhêmênaku yèn prang dikarubut ing akèh. Tiyang
      — 100 —
      ing Sêsela sami sumaur, iya gustiku Sultan Pajang kang awèh layang nyang kowe, yèn kowe nyata kêndêl nyabranga mangulon dikêbat, dak kêmbari padha siji. Arya Panangsang mirêng sêsumbar makatên talinganipun kados sinuwèk. Sangêt ing nêpsunipun. Titihanipun enggal dipun gêbrag sarta cinamêthi, kagêbyurakên ing toya, kuda inggih lajêng anglangi, gigiripun botên têlês. Panglangining titihanipun Arya Panangsang sampun dumugi ing pinggir kilèn. Lajêng sami dipun sanjatani, tuwin binêngkolang dhatêng tiyang Sêsela, wontên kang nalorong waos, nanging botên kenging. Titihanipun Arya Panangsang nuntên cinamêthi malumpat saking toya, dumugi satêngahe barisipun tiyang Sêsela, kathah kang rêbah katunjang ing titihanipun Arya Panangsang, kapal lajêng anyepaki sarta ambrakot. Ingkang nitih inggih angamuk kalihan waos. Tiyang Sêsela kathah kang tatu tuwin pêjah. Arya Panangsang ngamuk sarwi wicantên. Si Karèbèt ana ngêndi, kang sanggup angêmbari prang karo aku, dene ora nana katon. Arya Panangsang dangune ngamuk tansah amungsêng ngupadosi ing Sultan Pajang kemawon.
      Arya Panangsang nuntên kinarubut ing kathah, dipun tumbaki saking kiwa têngên tuwin ngajêng wingking, Arya Panangsang sampun tatu lambungipun têngên, ususipun mêdal. Lajêng kasampirakên [kasampira...]
      — 101 —
      [...kên] ing ukiraning dhuwung, sarta sangsaya riwut pangamukipun, botên nêja gêsang, tiyang ing Sêsela tuwin tiyang tamtana sangsaya kathah kang tatu tuwin pêjah, Radèn Ngabèi Loring Pasar enggal badhe amêthukakên pêrangipun Arya Panangsang anitih bêlo, bêbathilan surinipun, sarta amandhi waos nama Kyai Plèrèd. Ki Pamanahan kalih Ki Panjawi, tiga Ki Juru sami anjagèni ing wingkingipun, sampun ajêng-ajêngan lan Arya Panangsang. Kyai Juru enggal anguculakên kuda èstri, kudanipun Arya Panangsang sarêng aningali kuda èstri lajêng bigar thakur-thakur, mobat-mabit, nujah-nujah, titihanipun Radèn Ngabèi lajêng bandhang ngantos sapambalang têbihipun. Radèn Ngabèi mèh dhawah lajêng angrangkul guluning kapal. Sarêng kapal sampun kèndêl, Radèn Ngabèi enggal tumurun sarta anuntun kapal. Radèn Ngabèi andhawahakên prasapa, besuk ing saturunku, yèn pêrang, aja ana kang nunggang jaran bêbathilan. Sabab bakal anêniwasi. Kapal sampun kasukakakên ing rencangipun, Radèn Ngabèi umangsah dharat, sarta amandhi waos Kyai Plèrèd. Sampun ajêng-ajêngan lan Arya Panangsang. Arya Panangsang wicantên. Sapa jênêngmu wong nonoman amapagake pêrangku, angur mundura, eman mênawa mati, Si Pajang undangên kang sanggup prang ijèn karo aku, nanging titihanipun Arya [Ar...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 102 —
      [...ya] Panangsang wau taksih mobat-mabit sarta thakur-thakur dados botên kaur[4] [ka...]
      — 103 —
      [...ur] mapanakên waosipun. Lajêng dipun waos dhatêng Radèn Ngabèi dhadha têrus ing gigir, kapalipun inggih sampun pêjah karampog, jisimipun lajêng dipun saèni dhatêng têtiyang ing Sela, Radèn Ngabèi waosipun pugut sabêras. Botên antawis dangu Ki Mataun dhatêng angamuk, tinadhahan karampog ing têtiyang kathah sampun pêjah, sirahipun kakêthok lajêng dipun panjêr sapinggiring lèpèn. Kala samantên sinangkalan 1471, anuntên bala ing Jipang dhatêng sagêgamanipun sakalangkung kathah, kandhêg sapinggiring lèpèn, sampun sami kamirêngan yèn gustinipun sarta Ki Mataun sampun pêjah, Radèn Ngabèi enggal ngandika sarta astanipun angawe saking pinggir kilèn bênawi, hèh wong Jipang yèn kowe durunga[5] sumurup, bêndaramu sarta pêpatihe wis padha mati, êndhase tak panjêr iki dêlêngên. Kang bakal korêbut apa, luwih bêcik padha nungkula bae marang aku, sabab kowe wong cilik. Amêsthi ora sumurup apa-apa, dene Ki Mataun patut yèn belaa mati, awit milu mukti ing bêndarane. Tiyang ing Jipang sadaya sarêng mirêng nuntên sami sumêja nungkul. Sampun sami ambongkoki gêgaman, lajêng sami anyabrang mangilèn, asowan ing Radèn Ngabèi, sampun kabêkta dhatêng ing pasanggrahan.
      Sarêng ing wanci dalu Ki Pamanahan kalih Ki Panjawi, tiga Ki Juru, sakawan Radèn Ngabèi, sami pirêmbagan bab ingkang amêjahi Arya Panangsang, Ki Juru wicantên dhatêng Ki Pamanahan. Kadospundi pamikir sampeyan. Sarèhning kang mêjahi Arya Panangsang Radèn Ngabèi, punapa badhe sampeyan aturakên ing sayêktosipun dhatêng kangjêng sultan. Ki Pamanahan amangsuli, ki ipe, tiyang dhasar punika ingkang mêjahi Arya Panangsang, kula inggih badhe matur ing sayêktosipun kemawon. Kyai Juru wicantên malih, ing pamanah kula prayogi sampeyan kang angangkênana mêjahi dhatêng Arya Panangsang, kalih Ki Panjawi, mila makatên, ing samangsanipun sampeyan aturakên Radèn Ngabèi kang mêjahi Arya Panangsang, botên wande badhe dipun ganjar busana kang adi-adi kemawon sapanunggilanipun. Mêsthi badhe botên kaganjar nagari, sabab Radèn Ngabèi punika taksih lare, amêsthi rêmên ing busana kang sae-sae, kaping kalihipun sampun kapundhut putra pambajêng ing kangjêng sultan. Amêsthi kangjêng sultan kenging angganjar ing sakarsa-karsanipun kemawon. Bilih sampeyan kang ngangkêni, sarta Ki Panjawi, inggih badhe siyos tampi ganjaran nagari ing Pathi lan Mataram. Ki Pamanahan lan Panjawi sarêng mirêng wicantênipun Ki Juru salangkung bingah
      — 104 —
      manahipun, sarta amiturut. Utawi Radèn Ngabèi inggih sampun miturut ing pirêmbag wau sarta lajêng dipun umumakên dhatêng balanipun sadaya, yèn ingkang amêjahi Arya Panangsang Ki Pamanahan lan Ki Panjawi.
      Ing enjingipun nuntên bidhal saking ngriku sumêja sowan ing Sultan Pajang sarta angirit tiyang Jipang kang sami têluk. Sadhatêngipun ing ngarsane Kangjêng sultan, enggal kadangu, Kakang Panjawi Pamanahan, napa dika padha oleh gawe, Ki Pamanahan matur, yèn Arya Panangsang sampun pêjah, amargi prang dipun but kalih, lan Ki Panjawi, sarta angaturakên tiyang Jipang kang sampun sami nungkul. Kangjêng sultan sakalangkung suka, lajêng andangu dhatêng Mantri ing Jipang, Mantri Jipang, Si Arya Panangsang biyèn duwe sadulur nom, jênênge Arya Mataram. Samêngko ana ngêndi. Mantri Jipang matur nêmbah, gusti, kalanipun Arya Panangsang badhe mangkat pêrang, Arya Mataram matur anggêgondhèli, ingkang raka kapurih angêntosana bala, nanging lajêng dipun dukani kathah-kathah dhatêng ingkang raka, Arya Mataram sakit manahipun lajêng kesah, kula botên sumêrêp ing purugipun. Kangjêng sultan ngandika malih dhatêng Ki Pamanahan. Kakang êmpun bangêt tarima kula marang dika lan marang si kakang Panjawi, mungguh ganjaran kula nagara ing Pathi lan Mataram, dika dum dhewe lan Ki Panjawi, sarèhning dika kang tuwa kula lilani yèn miliha dhingin, pundi kang dika
      — 105 —
      sênêngi. Ki Pamanahan matur, sarèhning kula dados sêpuh pantês angawon. Kula milih kang taksih dados wana kemawon. Pun adhi Panjawi anampanana ing Pathi kang sampun dados nagari, sarta kathah tiyangipun. Kula ing Matawis ingkang taksih dados wana. Sultan ngandika malih, yèn êmpun padha narima ing sakarone, si kakang Panjawi tumuli mangkata marang ing Pathi saka ing ngriki kemawon. Nagara ing Pathi dèn tataa kang bêcik. Dene nagara Mataram besuk yèn kula êmpun mulih marang ing Pajang bakal kula wèhake marang si kakang Pamanahan. Lan malihe kakang Pamanahan, dika êmpun mulih barêng lan kula, dika mênyang ing Danaraja dhingin, angaturana uninga marang kakang bok, yèn Si Arya Panangsang êmpun mati dene dika lan Si kakang Panjawi, kakang bok kula aturi luwar anggènipun tapa, tumuli ngagêma sinjang, dika êmpun lawas-lawas, nuli dika mulih. Ki Pamanahan aturipun sandika, lajêng sami mangkat, kangjêng sultan kondur dhatêng Pajang, Ki Panjawi dhatêng ing Pathi, Ki Pamanahan dhatêng ing rêdi Danaraja. Lampahipun Ki Panjawi sampun dumugi ing Pathi, lajêng anama Kyai Agêng Pathi sarta sampun mukti, kala samantên kathahipun têtiyang ing Pathi salêksa.
      Dene lampahipun Ki Pamanahan inggih sampun dumugi ing rêdi Danaraja, lajêng matur dhatêng Ratu Kalinyamat, [Kalinyama...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 106 —
      [...t,] yèn Arya Panangsang sampun pêjah, amargi pêrang kalihan piyambakipun sarta Panjawi. Ratu Kalinyamat sarêng mirêng sakalangkung bingah manahipun, enggal angagêm sinjang sarta lajêng ngandika, sokur adhi yèn Si Jipang wis mati dening kowe, sarta kowe wis wajib dakngèngèri, ing mêngko nagara Kalinyamat lan ing Prawata tampanana. Ki Pamanahan matur, bakyu, kula sampun dipun ganjar nagari Matawis. Pun adhi Panjawi ing Pathi, dene nagari ing Kalinyamat lan Prawata inggih katura ing rayi sampeyan kangjêng sultan kemawon. Ratu Kalinyamat ngandika malih, adhi, yèn kaya mangkono, rajabranaku iki kabèh bae tampanana, gawenên mragadi ênggonmu bakal andandani nagara Mataram. Ki Pamanahan matur, rajabrana punika kula inggih botên ajêng, sadaya inggih prayogi katur ing kangjêng sultan, amung ingkang nama pusaka kemawon, kenginga kula suwun piyambak ing sampeyan. Ratu Kalinyamat ngandika sarta angulungakên. Ênya adhi, amung rupa ali-ali loro iki pusakaku, kang siji mirah, jênêng Si Mênjanganbang, kang siji intên, jênêng Si Uluk. Ki Pamanahan nampèni sarta matur nuwun. Ratu Kalinyamat ngandika malih, nanging wêkasku adhi, dirêmit ênggonmu angrawati pusaka iku, supaya yayi prabu aja sumurup. Ing samangsane kongsi kawuningan, [kawuninga...]
      — 107 —
      [...n,] amêsthi bakal andadekake ing kaluputanamu, karo dene wong wadon iki tampanana kabèh, iku kabèh tilas sêsêngkêrane kakangmu swargi ing Kalinyamat lan Prawata, aku ngèngèhana kang tuwa-tuwa bae, supaya anaa kang angladèni aku. Ki Pamanahan aturipun sandika, lajêng pamit sarta ambêkta tiyang èstri tuwin, rajabrana, lampahipun Ki Pamanahan mampir ing Sêsela, anantun dhatêng para santananipun, kaajak gêgriya ing Matawis. Para santananipun ing Sêsela wau ingkang sami trêsna inggih lajêng sami tumut, kathahipun kalih bêlah atus.
      Ki Pamanahan sampun bidhal saking ing Sêsela, dumuginipun ing Pajang lajêng sowan ing kangjêng sultan, angaturakên ênggènipun kautus dhatêng ing rêdi Danaraja, sarta angaturakên rajabrana tuwin tiyang èstri kang saking Kangjêng Ratu ing Kalinyamat. Sultan Pajang ngandika, bangêt panarima kula kakang marang dika, olèh-olèh dika niku dika êpèk dhewe, kula botên ajêng, sabab kêkaya dika marang kula êmpun akèh, patine Si Arya Panangsang sarta sanagarane, amung wong wadon iku kemawon kula pilihane, mênawa ontên kang kula sênêngi bakal kula pundhut. Ki Pamanahan aturipun sakalangkung ing panuwunipun, sarta sawarninipun tiyang èstri wau inggih lajêng sami kasowanakên [kasowanakê...]
      — 108 —
      [...n] ing ngarsanipun kangjêng sultan. Kangjêng sultan inggih nuntên amilih, amung satunggil ingkang dipun sênêngi, nanging taksih alit. Sultan ngandika dhatêng Ki Pamanahan. Kakang, bocah wadon siji niku kemawon kula pundhut, nanging kula titipake marang dika, dika rêksa kang bêcik, besuk yèn êmpun birahi kula pundhut dika aturake marang kadhaton. Ki Pamanahan aturipun sandika. Kangjêng sultan ngandika malih dhatêng Ki Pamanahan. Kakang, dika mulih kemawon dhingin. Besuk yèn kula miyos sinewaka, tanah Mataram bakal kula paringake marang dika. Ki Pamanahan aturipun sandika inggih lajêng mantuk.
      Kacariyos sampun langkung saking antawis ing laminipun, kangjêng sultan ing sabên-sabên inggih miyos sinewaka, nanging botên ngandika bab tanah Matawis. Ki Pamanahan sangêt-sangêt ing pangajêng-ajêngipun anggènipun badhe tampi ganjaran tanah ing Matawis. Kyai Juru tansah pitutur akèn sabar, sabab botên wontên adatipun ratu cidra ing pangandikanipun, nanging Ki Pamanahan sampun isin aningali ing tiyang kathah sarta èngêt ing sakiting manahipun dhatêng kangjêng sultan, amargi dipun cidrani. Kala samantên Ki Pamanahan kesah saking nagari adhêdhêkah ing dhusun Kêmbang Lampir amêrtapa wontên ing ngriku, sarêng sampun antawis lami, anuntên Susunan [Su...]
      — 109 —
      [...sunan] Kalijaga têdhak dhatêng Kêmbang Lampir, atêtuwi ing Ki Pamanahan. Ki Pamanahan enggal anyungkêmi ing sukunipun sang pandhita, sampun sami tata lênggah, sang pandhita ngandika, yagene sira têka dhêdhukuh ana ing kene, aninggal marang si thole ing Pajang. Ki Pamanahan matur, kilap punapa sampeyan, ing sadèrèngipun kula matur, amêsthi sampeyan sampun sumêrêp. Sang pandhita mèsêm sarwi ngandika, ingsun ya wis wêruh kang dadi karêpira, sira aja susah tutur, payo sira milua marang ingsun, ingsun sebakake marang si thole ing Pajang, sarèhning sira sadulur tunggal guru karo si thole ing Pajang, ingsun amêsthi patut angrukuna ênggone padha saduluran. Supaya aja ana kang bênggang ing karêp. Sang pandhita wau lajêng mangkat dhatêng Pajang, Ki Pamanahan inggih andhèrèk. Dumarojog dhatêng ing kadhaton, botên mawi larapan. Sultan pinuju lênggah, sarêng aningali sang pandhita dhatêng enggal amêthuk, sarta anyungkêmi sukunipun. Nuntên kabêkta lênggah, sang pandhita ngandika dhatêng kangjêng sultan. Thole sultan, yagene sira cidra ing jangjinira marang kakangira Pamanahan. Sira wis sanggup angganjar tanah Mataram timbangane ing Pathi, kakangira Ki Panjawi wis anampani ing Pathi, Ki Pamanahan durung anampani ing Mataram. Sultan Pajang matur, milanipun [milani...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎– 110 —
      [...pun] ing Matawis dèrèng kula sukakakên dhatêng kakang Pamanahan, dene taksih cêngkar bana, lan sakêdhik tiyangipun. Sêja kula pun kakang Pamanahan badhe kula sukani nagari sanèsipun, kula pilihakên kang sampun kathah tiyangipun, sarta kang rêja. Sang pandhita sampun sumêrêp ingkang dados pakèwêding galihipun Sultan Pajang, nanging botên purun amêlèhakên. Sang pandhita lajêng ngandika, yagene sultan, Ki Pamanahan badhe sira wèhi nagara liya, wong wis dadi jangjinira dhewe, yèn ing Pathi lan Mataram iku kang môngka ganjaran. Ing samangsane Ki Pamanahan sira wèhi nagara liyane ing Mataram. Dadi sira kêna diarani ratu cidra, ing saiki tumuli ing Mataram paringna marang Ki Pamanahan, supaya aja ana kang marêngut, tulusa ênggonira saduluran. Sultan Pajang dangu anggènipun botên amangsuli dhatêng sang pandhita akèndêl kemawon. Yèn sampuna ajrih ing guru, amêsthi ing Mataram botên siyos kaparingakên dhatêng Ki Pamanahan. Ing wêkasan alon matur, milanipun ing Matawis badhe botên kula sukakakên dhatêng kakang Pamanahan, kula mirêng wirayatipun Sunan Giri, yèn ing Matawis benjing badhe wontên ingkang jumênêng ratu agêng kados kula. Sang pandhita ngandika, yèn kang dadi pakewuhing atinira mangkono, iku gampang bae, kakangira
      — 111 —
      Ki Pamanahan pundhutên prasêtyane, ingsun kang nêksèni, payo thole Pamanahan, sira prasêtyaa marang adhinira sultan. Ingsun kang nêksèni. Ki Pamanahan enggal matur prasêtya, sang pandhita, kula mugi sampeyan sêksèni, mênawi kula gadhah cipta badhe jumênêng ratu wontên ing Matawis, utawi sumêjaa angêndhih karaton ing Pajang, awak kula piyambak mugi sampun manggih wilujêng, wikana ingkang wingking-wingking, sintên ingkang sumêrêp ing karsaning Allah. Sang pandhita ngandika dhatêng Ki Pamanahan. Wis cukup prasêtyamu iku, ingsun ya wis anêksèni. Wondene Sultan Pajang inggih sampun lêga galihipun, amirêng prasêtyanipun Ki Pamanahan. Nanging botên sumêrêp yèn punika ujar keras. Lajêng ngandika dhatêng Ki Pamanahan. Dawêg kakang Pamanahan, ing Mataram dika tampani, nanging taksih dados alas. Ki Pamanahan inggih sampun anampèni sarta sangêt ing panuwunipun. Sang pandhita ngadika, thole Pamanahan, sira nuli ngaliha marang Mataram lan saanakbojonira, sarta ingsun dongakake tulusa ênggonira saduluran lan si thole sultan. Wis padha karia ingsun mulih, sang pandhita sampun mangkat. Ki Pamanahan inggih sampun mantuk dhatêng ing griyanipun, lajêng pradandosan.
      — 112 —
      Kacariyos Ki Pamanahan sampun pêputra pitu, pambajêngipun anama Radèn Ngabèi Loring Pasar, kalih Radèn Jambu, tiga Radèn Santri, sakawan Radèn Tompe, gangsal Radèn Kadhawung, nênêm èstri krama angsal Tumênggung Mayang ing Pajang, pitu èstri krama angsal Arya Dhadhaptulis ing Pajang, putra èstri kêkalih wau sami tumut lakinipun, botên tumut dhatêng ing Matawis.
      Sarêng sampun anggènipun pradandosan, Ki Pamanahan lajêng sowan nyuwun pamit ing sang nata, lan sagarwaputranipun tuwin santananipun sadaya, sadhatênge ing ngarsanipun sultan. Ki Pamanahan anyuwun pamit sarta sêsalaman. kangjêng sultan ngandika, inggih kakang, mugi salamêta ingkang mangkat, ingkang kantun inggih salamêta, Ki Juru inggih sampun jawab tangan kalihan sang nata, tuwin garwa putranipun Ki Pamanahan sarta santananipun sami angujung gêntos. Radèn Ngabèi Loring Pasar arêrangkulan kalihan putranipun pambajêng kangjêng sultan kang nama Pangeran Banawa, kalih-kalihipun sami ambrêbês mili. Ki Pamanahan lan sagarwaputranipun tuwina[6]
      santananipun sadaya sampun mangkat saking Pajang, asêlur rêmbatan tuwin gotongan. Sadandosanipun tiyang gêgriya botên kantun. Lampahipun sakalangkung rêmbênipun. Kala samantên sampun dumugi ing Taji, lajêng sami kèndêl alênggah sangandhaping waringin.
      — 113 —
      Kacariyos Ki Agêng ing Karanglo, sampun sumêrêp yèn Ki Pamanahan boyong dhatêng ing Matawis. Ki Agêng Karanglo sumêja asêsêgah sêkul sarta pêcêl pitik jangan mênir, Ki Agêng Karanglo lan garwanipun sampun dumugi ing Taji, lajêng sêsalaman sarta matur dhatêng Ki Pamanahan. Kula angaturi sêsêgah sêkul, sarta pêcêl pitik jangan mênir, supados dadosa jêjampining lêsu. Ki Pamanahan mangsuli, inggih kisanak, sangêt ing panarima kula ing sih jêngandika, Ki Pamanahan lan sagarwaputranipun lajêng sami dhahar, waradin lan sabrayatipun sadaya, sami tuwuk. Ki Pamanahan angandika, bangêt panarima kula adhi, ênggèn kula nêdha lan sabrayat kula sadaya sami eca sarta tuwuk, dados kula rumaos kapotangan dhatêng dika, pintên banggi ing benjing yèn kula sagêd malês. Ki Agêng Karanglo matur nuhun.
      Ki Pamanahan nuntên mangkat saking ngriku, Ki Agêng Karanglo inggih andhèrèk, sumêja ngatêrakên dumugi ing Matawis. Ing samargi-margi tansah ênggènipun minta sih, supados ing têmbe wingking sagêda tumut mukti. Kala samantên lampahipun sampun dumugi ing lèpèn Ompak.[7] Susunan Kalijaga pinuju siram, wontên ing ngriku, Ki Pamanahan lan Karanglo enggal sami amurugi dhatêng sang pandhita, Ki Pamanahan angosoki [ango...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 114 —
      [...soki] sukunipun sang pandhita kang têngên. Ki Karanglo suku kang kiwa. Sang pandhita alon ngandika dhatêng Ki Pamanahan. Wêruhanamu ing besuk turune Ki Karanglo iki bakal milu mukti ing turunmu, nanging ora wênang kasêbut mas utawa radèn. Lan ora wênang nunggang jêmpana utawi tandhu, wis padha bacuta lakumu. Ki Pamanahan sarta Ki Agêng Karanglo inggih lajêng mangkat, sampun dumugi ing Matawis, lajêng atata pemahan wontên ing ngriku, kala samantên sinêngkalan 1532.
      Kacariyos ing Matawis, punika sitinipun radin, sarta kathah toya, kathah wowohan, pala gumantung, pala kapêndhêm, pala kasimpar, tulus kang sarwa tinandur. Kalangênan ing toya lan ing dharat inggih kathah, sawarnining sumbêr toyanipun sakalangkung bêning, tiyang gêgramèn inggih kathah, wontên ingkang lajêng agêgriya ing ngriku, Ki Pamanahan sampun angalih nama Ki Agêng Matawis, sarta sampun mukti sakulawangsanipun sadaya, nanging Ki Agêng Matawis wau tansah ambantêr ing tapanipun, sabab sumêrêp ing wirayatipun Sunan Giri, yèn ing Mataram benjing badhe wontên kang jumênêng ratu agêng angrèh ing tanah Jawi sadaya, ciptanipun Ki Agêng Matawis yèn sayêktos wirayat wau sampun liya saking turunipun. Milanipun Ki Agêng wau botên pêgat [pê...]
      — 115 —
      [...gat] ênggènipun tapa utawi tirakat dhatêng ing wana sarta ing rêdi. Kala samantên Ki Pamanahan kesah tirakat ijèn, sarta sumêja anuwèni sadhèrèkanipun[8] ing tanah rêdi Kidul anama Kyai Agêng Giring utawi Ki Agêng Paderesan. Anggènipun sadherekan kalihan Ki Agêng Matawis sakalangkung sae, sampun kados sadulur tunggil rama ibu.
      Kacariyos Ki Agêng Giring wau inggih sangêt anggènipun tapa, pandamêlanipun andèrès. Ing wanci enjing Ki Agêng anginggahi paderesanipun. Ing ngriku wontên tirisan satunggil, cakêt lan kang sawêk dipun inggahi Ki Agêng, tirisan wau salaminipun dèrèng nate awoh, ing dintên punika wontên wohipun satunggil, dawêgan. Ki Agêng sawêg atrap bumbung wontên ing nginggil tirisan. Anuntên mirêng swara, prênahipun ing swara wontên ing dawêgan satunggil wau, ujaring swara, Ki Agêng Giring, wruhanamu, sapa kang ngombe banyu dêgan iki, yèn kongsi êntèk, iku saturun-turune bakal dadi ratu gêdhe, amêngku ing tanah Jawa kabèh. Ki Agêng Giring sarêng mirêng swara makatên, enggal mudhun saking anggènipun andèrès. Wontên ngandhap sampun sèlèh bonjor, lajêng amènèk dawêgan satunggil wau, sampun kapêndhêt binêkta mudhun. Dene deresanipun botên dipun manah, namung dawêgan [da...]
      — 116 —
      [...wêgan] kang pinêlêng binêkta mantuk. Sadhatêngipun ing griya lajêng dipun parasi, nanging botên lajêng dipun unjuk. Mila makatên pamanahipun Ki Agêng, sarèhning taksih enjing dados kakintên botên têlas yèn dipun unjuka, sabab dèrèng ngêlak. Karsanipun Ki Agêng badhe babad dhatêng wana rumiyin adamêl ngêlak. Dawêgan lajêng kasinggahakên ing paga sanginggiling pawon. Ing sadintên punika Ki Agêng botên angopèni padamêlanipun anggodhog lêgèn adamêl gêndhis. Amung manah dawêgan kemawon. Ki Agêng Giring nuntên kesah dhatêng ing wana sumêja babad.
      Ing sapêngkêripun Ki Agêng Giring Ki Agêng ing Matawis dhatêng wontên ing ngriku, sarta pitaken dhatêng semahipun Ki Agêng Giring, bakyu, wakane dhatêng pundi, dene botên wontên kêtingal. Nyai Giring sumaur, raka dika kesah dhatêng wana ucal kajêng. Ki Agêng Matawis lajêng lumêbêt ing pawon, sumêja ngunjuk kilang, sarêng aningali ing pawon sêpên. Botên wontên kilang utawi lêgèn, amung dawêgan satunggil ingkang wontên tumumpang ing paga, enggal kapêndhêt dhatêng Ki Agêng Matawis, kabêkta lumêbêt ing griya, lênggah ing ambèn, sarta ambolong dawêgan. Sumêja dipun unjuk toyanipun, sarta wicantên dhatêng Nyai Giring, bakyu, punapaa dene botên anggodhog lêgèn. Kula dhatêng [dha...]
      — 117 —
      [...têng] pawon ajêng ngombe, ngupados lêgèn botên angsal. Nyai Giring sumaur, inggih amung sadintên punika towong, karsane raka aso, Nyai Giring kagèt aningali dawêgan badhe dipun unjuk dhatêng Ki Agêng Matawis, enggal wicantên. Adhi, dawêgan niku êmpun dika unjuk, wêlinge raka dika wantos-wantos, yèn siyos dika unjuk, amêsthi kula digitiki marang raka dika, Ki Agêng Matawis sumhur, bakyu, êmpun maras ati dika, dika sanjang yèn kula kang mêksa, sabab ngêlak kula sangêt, pinujunipun wontên dawêgan ing pawon, botên susah mènèk piyambak. Ki Agêng lajêng ngunjuk dawêgan, têlas sami sakal. Botên kantun sacêrêt-cêrêta, sakalangkung nikmat raosipun.
      Botên antawis dangu Ki Agêng Giring dhatêng sarta angrêmbat kajêng, anjujug ing pawon. Kajêng sampun kasèlèhakên. Karsanipun Ki Agêng Giring badhe lajêng ngunjuk dawêgan. Sarêng dipun tingali ing paga dawêgan botên wontên, Ki Agêng enggal lumêbêt ing griya amanggihi Ki Agêng Matawis, sarta pitakèn dhatêng semahipun. Wong wadon, dawêganaku kang takdokok ing paga mau ana ing ngêndi, semahipun amangsuli, rayi dika niku kang mêndhêt, kula pênging botên kenging, wicantêne saking ngêlake, lajêng dipun unjuk. Kyai [Kya...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 118 —
      [...i] Agêng Matawis sumambung, inggih sayêktos kula kakang, kang ngombe dawêgan. Tiyang sangêt ênggèn kula ngêlak. Sampeyan dukani inggih sumôngga. Ki Agêng Giring sarêng mirêng wicantênipun Ki Pamanahan, sangêt ênggènipun gêtun, dangu ênggènipun kèndêl. Bawaning tiyang sampun linuwih, dados sumêrêp ing takdir, yèn sampun pinêsthi karsa Allah, Ki Agêng Matawis badhe anurunakên ratu kang mêngku ing tanah Jawi. Ki Agêng Giring lajêng ambêlakakakên swara kang saking dawêgan sarta agadhah panêdha dhatêng Ki Agêng Matawis. Adhi, panêdha kula mêkatên kemawon. Sarèhning dawêgan sampun dika ombe, angsal kula anjaluk kadospundi, amung turun kula kemawon benjing kenginga gêgêntosan lan turun dika, turun dika sapisan, nuntên kagêntosan turun kula. Ki Pamanahan botên suka, panêdhanipun Ki Agêng Giring makatên wau ngantos ping nêm. Ki Agêng Matawis inggih botên suka, nuntên nêdha gêntos turun kaping pitu. Ki Agêng Matawis sumaur, adhi Allahu alam, sok sukaa ing wingking, kula botên nguningani. Ki Agêng Matawis lajêng pamit mantuk dhatêng ing Matawis.
      Sarêng sampun antawis lami putranipun Ki Agêng Matawis kang nama Radèn Ngabèi Loring Pasar angrêmêni tiyang èstri sêsêngkêranipun Sultan Pajang kang saking Kalinyamat. Ingkang dipun titipakên dhatêng Ki Agêng Matawis. Dhawahipun [Dhawah...]
      — 119 —
      [...ipun] sultan, lare èstri wau samangsanipun sampun birai andikakakên ngaturakên dhatêng kangjêng sultan. Môngka ing mangke sampun birai, nanging lajêng dipun rêmêni dhatêng Radèn Ngabèi, mila Ki Agêng Matawis sangêt ênggènipun prihatos. Botên wande angsal dukanipun kangjêng sultan. Kala samantên Ki Agêng Matawis mangkat dhatêng Pajang sumêja ngaturakên ing kalêpatanipun. Radèn Ngabèi inggih binêkta, sadhatêngipun ing Pajang lajêng sowan lumêbêt ing kadhaton, sampun sêsalaman kalihan kangjêng sultan. Ki Agêng Mataram matur, sowan kula punika, kula angaturakên pêjah gêsangipun putra sampeyan Radèn Ngabèi Loring Pasar, amargi agêng kalêpatanipun ing panjênêngan sampeyan. Sultan Pajang mirêng aturipun Ki Pamanahan sakalangkung kagèt, sarta ngandika, kakang, Si Ngabèi dosanipun punapa, dene dika aturake pati uripe, wong êmpun kula pèk anak pambarêp. Dika êmpun botên milu anguwasani marang Si Ngabèi, Ki Agêng Matawis matur malih, milanipun pun Ngabèi kula aturakên makatên, sabab angrumiyini karsa sampeyan, akaronsih kalihan lare èstri ingkang kagadhuhakên dhatêng kula kang saking Kalinyamat rumiyin. Inggih saking tiwasipun anggèn kula rumêksa. kangjêng sultan nuntên ngandêka,[9] kakang, yèn kaluputane Si Ngabèi mêngkotên [mêngko...]
      — 120 —
      [...tên] mawon, kula ênggih êmpun ngapura, sarta banjur dika ningkahake, kula êmpun lila, nanging wêkas kula, bocah wadon wau yèn besuk êmpun botên kanggo êmpun disiya-siya, kalih dene dika kula tutuh ênggon dika momong marang Si Ngabèi kurang ati-ati, bênêre bocah êmpun diwasa mêngkotên rak dika rabèkake, utawa dika wèhi sêlir, supaya êmpun kongsi nêrak kaluputan. Ki Agêng Matawis sakalangkung ênggènipun ngrêrêpa, angraos yèn kadukan ing batos. Sarêng kangjêng sultan sampun kendêl ênggènipun ngandika, Ki Agêng Matawis sarta Radèn Ngabèi nuntên pamit mantuk dhatêng ing Matawis. Sadhatêngipun ing Matawis Radèn Ngabèi inggih lajêng kêpanggih kalihan lare èstri wau, ing lami-lami sampun apêputra jalêr satunggil abagus warninipun, kanamanan Radèn Rôngga, ingkang rama ibu sakalangkung asih.
      Kacariyos Sultan Pajang bidhal dhatêng ing Giri lan sabalanipun sadaya, Ki Agêng Matawis inggih andhèrèk. Sumêja nyuwun idi anggènipun jumênêng sultan dhatêng Sunan Parapèn. Kala samantên para bupati ing bang wetan sami pêpak wontên ing ngriku sadaya, ing Japan, Wirasaba, Kadhiri, Surabaya, Pasuruan, ing Madura, Sadayu, Lasêm, Tuban, ing Pathi,
      — 121 —
      sarta sami damêl pasanggrahan wontên ing ngriku. Ing satunggil dintên Sunan Parapèn miyos siniwaka, Sultan Pajang sarta para dipati sami lênggah jèjèr, balanipun sami linggih ing wingkinge gustine piyambak-piyambak. Sultan Pajang nuntên katimbalan lênggah cakêt lan sang pandhita, sarta kamupakatakên anggènipun jumênêng sultan amêngku nagari ing Pajang ajêjuluk Sultan Prabu Awijaya,[10] utawi sang pandhita inggih sampun angidèni, kala samantên sinêngkalan 1503.
      Anuntên pêpundhutan dhahar mêdal, lumintu saking kadhaton. Sunan Parapèn lan Sultan Pajang sarta para bupati sami dhahar, sang pandhita ngandika, anak ingsun para bupati kabèh, diatut ênggonira padha saduluran, aja ana kang sulaya ing budi, dipadha ati raharja, sokura ing Allah ing salungguhe dhewe-dhewe, kang tinitah dadi gêdhe, lan kang tinitah dadi cilik. Iku wis pêsthine dhewe-dhewe, ingsun têdha ing Allah, anak putuningsun kabèh padha salamêta ing donya ngakherat. Para bupati sadaya asaur pêksi. Para bupati sarêng sampun anggènipun sami dhahar, nuntên kalorodakên dhatêng para abdi, para abdi inggih lajêng sami nêdha, Sunan Giri sangêt anggènipun mandêng dhatêng Ki Agêng Matawis, sabab Sunan Giri wau sumêrêp ing sadèrènge winarah, nuntên andangu dhatêng Sultan [Sulta...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 122 —
      [...n] Pajang, thole, baturmu kang mangan ngèrèni iku jênênge sapa, Sultan Pajang matur, punika rencang kula patinggi ing Matawis, ingkang dipun rèh siti wolung atus karya, raja pandhita ngandika malih, timbalana maju, konên linggih jèjèr lan para dipati. Ki Agêng Matawis inggih sampun majêng, raja pandhita ngandika dhatêng para bupati, anak ingsun para dipati kabèh, wruhanamu turune Ki Agêng Matawis iku besuk bakal angrèh wong satanah Jawa kabèh, sanajan ing Giri kene besuk iya ngidhêp marang ing Mataram. Ki Agêng ing Matawis sarêng mirêng pangandikanipun sang pandhita lajêng sujud ing siti, sakalangkung nuhun dhatêng sang pandhita, nuntên angaturi dhuwung satunggil ing sang pandhita, nanging botên tinampèn. Para dipati sami rêsêp aningali dhatêng Ki Agêng Matawis. Raja pandhita lajêng parentah adamêl têlaga dhatêng para dipati, balanipun para Bupati inggih enggal tumandang dhudhuk-dhudhuk. Têlaga sampun dados, sakalangkung sae, sarta kanamanan têlaga Patut dhatêng sang pandhita.
      Sultan Pajang sarta para Bupati sampun sami kalilan mantuk dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Tuwin Ki Agêng Matawis inggih sampun mantuk dhatêng ing Matawis. Sultan Pajang sarawuhe nagarinipun lajêng ngandika wêwartos dhatêng putra tuwin balanipun sadaya punapa ing sawirayatipun [sawiraya...]
      — 123 —
      [...tipun] Sunan Giri, para bupati, mantri sarêng sami mirêng wirayat makatên sakalangkung kagèt. Putranipun sultan kang nama Pangeran Banawa matur, rama prabu, mênawi wirayatipun Sunan Giri sayêktos, ing Mataram punika kula upamèkakên latu sapêlik. Prayogi tumuntên kasiram ing toya, supados sampun ngantos ngômbra-ômbra, yèn panjênêngan dalêm parêng, ing Mataram badhe kula risak saking pêrang, para bupati gumarumung sami ambiyantoni ing aturipun Pangeran Banawa. Sultan Pajang alon ngandika, kulup, aturira iku iya bênêr, gôndra pira ing Mataram, sira gêcaka ya amêsthi bêdhah, nanging pêpêsthèning Allah iku ora kêna yèn dipikira ing manungsa, lan ingsun wêdi ing wêwalêre Sunan Giri, sapa kang miwiti amêsthi bakal ora salamêt. Pangeran Banawa sarta para punggawa sami mênggah manahipun.
      Kacariyos Ki Agêng Matawis pinuju lênggah ingadhêp para putra tuwin kulawangsanipun sadaya, Ki Agêng Matawis ngandika, anakku lan sanak-sanakku kabèh, sarèhning aku dicêtha marang Sunan Giri, yèn turunku ing besuk bakal amêngku ing tanah Jawa, iku wêkasku, yèn ing besuk kowe anglurug marang bang wetan, anuruta ing dina kalane aku andhèrèkmarang sultan seba marang ing Giri, ing dina Jumungah Paing sasi Mukaram, poma
      — 124 —
      padha wuri-wurinên. Dene yèn dilurugi, ênggonmu mapagake pêrang aja kongsi angliwati gunung Kêndhêng, sabab bakal apês pêrangmu, lan maninge turun-turunku besuk yèn agawe bupati, aja liya turune wong Mataram iki kabèh, sabab iku padha milu lara, yèn turune besuk duwe dosa mati, laranana bae, yèn dosa lara apuranên. Akathah-kathah wêwêlingipun Ki Agêng wau dhatêng ingkang para putra tuwin santana.
      Kala samantên nagari Matawis sampun gêmah raharja, mirah sandhang sarta pangan. Anuntên Ki Agêng Matawis gêrah sangêt, amêmêling dhatêng Ki Juru Martani, ki ipe, sarèhning kula bakal tinêkakake ing jangji, môngsa bodhoa ênggon dika momong marang anak-anak kula kabèh, dene kang kula lilani anggêntèni ing kula, Si Ngabèi Loring Pasar, Ki Agêng ngandika dhatêng kang para putra, anak-anakku kabèh, kowe padha mituruta marang pamanmu Ki Juru Martani, Ki Agêng tumuntên seda, layon sampun binêrsihan kasarèkakên sakilèning masjid, sinêngkalan 1535.
      Ing sanèsing dintên Kyai Juru Martani mangkat dhatêng Pajang sarta putranipun Ki Agêng Matawis sadaya, sumêja ngaturi uninga ing kangjêng sultan. Lampahipun sampun dumugi ing Pajang, Sultan pinuju miyos sinewaka, Kyai [Kya...]
      — 125 —
      [...i] Juru sarta kapenakanipun lajêng sami pepe sakiduling waringin kurung, sarêng katingalan ing kangjêng sultan, enggal kapariksa sarta sami tinimbalan. Sampun sami sowan wontên ing ngarsa dalêm. Kyai Juru tumuntên matur, angaturi uninga yèn patinggi ing Mataram pêjah, sarta angaturakên têtilaranipun anak jalêr gangsal, pundi ingkang kakarsakakên anggêntosi, kangjêng sultan sarêng mirêng yèn patinggi Mataram pêjah, sakalangkung ngungun, lajêng ngandika, kakang Juru Martani, kang ingsun gêntèkake ana ing Mataram, anak ingsun Si Ngabèi Loring Pasar, sarta ingsun paringi jênêng Senapati ing Ngalaga, Sayidin Panatagama, lan maninge kakang Juru Martani, sira kang sun pasrahi momong marang putraningsun Senapati, ing dalêm sataun iki ora ingsun lilani seba marang Pajang, anataa nagarane sarta angrasakna mukti ana ing Mataram. Yèn wis sataun tumuli sebaa aja kongsi kasèp. Kyai Juru sarta Senapati aturipun sandika, sarta sami ngujung ing kangjêng sultan. Tumuntên nyuwun pamitipun[11] dhatêng ing Mataram. Ing Mataram sangsaya wêwah-wêwah tiyangipun, sarta sakalangkung rêjanipun. Senapati Ngalaga sampun amukti, lajêng parentah anyithak banon dhatêng tiyang ing Mataram, badhe sumêja kadamêl kitha.
      Kala samantên sampun kêlangkung sataun, Senapati

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 126 —
      dèrèng sowan dhatêng Pajang, Kyai Juru inggih tansah angatag sowan. Wangsulanipun Senapati, benjing mênawi Sultan utusan nimbali kemawon kula sowan.
      Kacariyos Sultan Pajang miyos sinewaka, pinarak ing dhampar mas tinatrapan ing sêsotya, sangandhaping dhampar linemekan babut, sinêbaran sêkar, para bupati, mantri, rôngga, dêmang sampun pêpak sowan sadaya, cahyanipun kajêng[12] sultan kados wulan purnama, kangjêng sultan alon andangu dhatêng para abdi kang sami sowan. Bocah ingsun kabèh, apa sira padha ngrungu wartane putraningsun Senapati, dene wis kêliwat sataun ora nana sowan marang Pajang, apa awit sumurup wirayate Sunan Giri ênggone ora gêlêm seba marang ingsun. Ing samêngko wirayate Sunan Giri mèh anêtêpi, yèn upamia kêmbang misih kudhup, ing saiki mangsane mêkar, Sultan Pajang sampun kacariyos yèn ratu digdaya sêkti linuwih sugih bala, botên wangwang yèn sumêja angrisak ing Matawis, nanging kados wontên kang mambêngi ing karsanipun. Para Bupati sami matur, kawula inggih amirêng pawartos. Putra dalêm Senapati Ngalaga badhe mirong, sampun akèn nyithak banon badhe adamêl kitha. Sultan Pajang nuntên ngandika dhatêng Ngabèi Wuragil lan Ngabèi Wilamarta, [Wilamar...]
      — 127 —
      [...ta,] sira wong loro mênyanga ing Mataram, waspadakna pratingkahe Senapati. Ki Wuragil lan Wilamarta aturipun sandika, lajêng mangkat sami numpak kapal. Lampahipun sampun dumugi ing Matawis. Senapati botên pinanggih ing dalêmipun, amêng-amêng dhatêng ing Lipura sarta numpak kapal. Utusan kêkalih anjujul. Dumuginipun ing Lipura sampun aningali dhatêng Senapati pinuju têtêgar, Ki Wuragil wicantên dhatêng Ki Wilamarta, dawêk sami mudhun, lajêng sami andhawahakên timbalane kangjêng sultan. Ki Wilamarta sumaur, yèn dika mudhuna saking kapal rumiyin, dados botên angluhurakên kang angutus. Sabab utusan wau kalane andhawahakên pangandika, inggih prasasat kang angutus. Môngka kang dèn dhawahi taksih numpak kapal, dados dika angêsorakên Panjênêngane kangjêng sultan, dika kêna dèn arani utusan nistha, kalih dene pandugi kula Senapati puniku sampun sumêrêp, yèn dika lan kula diutus ing kangjêng sultan, dhasar anjarag botên purun mudhun. Ki Wuragil wicantên malih, makatên punika dèrèng kantênan, pamanah kula ing samangsane dika sanjang yèn kautus ing kangjêng sultan, amêsthi enggal mudhun. Tiyang kêkalih wau lajêng sami mudhun saking kapal, sarta amurugi dhatêng Senapati, Senapati enggal pitakèn sarta numpak [numpa...]
      — 128 —
      [...k] kapal. Ki Wuragil lan Wilamarta, pênapa dika diutus ing sultan. Ki Wilamarta wicantên dhatêng Ki Wuragil. Lah botên linyok ujar kula, Senapati dhasar anjarag botên purun mudhun, dika lan kula puniki sampun têtêp utusan nistha, Ki Wuragil enggal sumaur dhatêng Senapati, inggih tiyang kêkalih puniki sami dipun utus ing kangjêng sultan. Sampeyan kadhawahan mantuni ênggèn sampeyan asring suka-suka sarta mangan nginum, lan acukura rambut sarta nuntên sebaa dhatêng Pajang. Senapati sumaur taksih manggung wontên sanginggiling kapal. Dika matura ing kangjêng sultan. Kula andikakake marèni mangan nginum, kula taksih doyan. Kula kapurih cukur rambut, wong rambut thukul piyambak kadospundi anggèn kula ngulapi, kula kadhawahan sowan inggih purun. Yèn sultan sampun mantuni anggènipun ngalap dho garwa sarta amantuni anggènipun asring mundhut bojo tuwin anake wadon para abdinipun, amung makatên kemawon wangsulan kula. Utusan kêkalih lajêng pamit mantuk. Sampun dumugi ing Pajang, nanging sami adamêl dora sêmbada, aturipun ing kangjêng sultan. Kula kautus animbali putra dalêm Senapati, aturipun inggih sandika, nanging kula dipun kèn mantuk rumiyin, putra dalêm badhe tumuntên nusul. Kangjêng sultan inggih lajêng kèndêl, [kè...]
      — 129 —
      [...ndêl,] botên karsa andangu kathah-kathah.
      Kacariyos Senapati pinuju lênggah wontên ing dalêmipun kalihan Ki Jurumartani, Kyai Juru wicantên. Thole, kapriye karêpmu, kowe tinimbalan ing ramakmu sultan têka ora gêlêm seba, kangjêng sultan amêsthi duka, ora wurung kowe bakal mêmungsuhan lan kangjêng sultan. Yèn kowe mêmungsuhana kang koandêlake apa, balamu mung sathithik. Môngsa wania kodu lan bala Pajang, sanajan waniya bakal mêsthi tumpês. Karodene Sultan Pajang iku wis misuwur yèn ratu angluwihi digdaya, kinèringan marang para ratu liya nagara, dhèk biyèn dicidra ing maling, sultan pinuju sare amujung kampuh, maling banjur anyuduki, pangrasane kangjêng sultan kaya diencoki lalêr, kêmule bae ora pasah, iku kowe sumurupa ing katêguhane kangjêng sultan. Karo dene yèn kowe mungsuha karo sultan kang koandêlake apa, yèn kowe ngêndêlna kasêktènmu, ênggonmu angambah banyu ora têlês, malêbu gêni ora kobong, utawa digdaya katêguhanamu, pintêrmu mêngkono iku kabèh ya têka pamuruke kangjêng sultan. Sabab kowe pinundhut putra pambarêp cilik mula, sarta bangêt sihe, wis kaya putrane dhewe, barêng kowe wis diwasa banjur diwuruk sakèhing ngèlmu sarta kasaktèn [kasa...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 130 —
      [...ktèn] lan katêguhan, lan banjur dimuktèkake ana ing Mataram. Samono iku kang kowalêsake bae apa marang ing sihe kangjêng sultan, dadi kaluputamu iku têlung prakara, kang dhingin mungsuh gusti, ping pindho mungsuh bapa, kaping têlu mungsuh guru, iba guyune wong kang padha sêngit. Cêlathune mêngkene, Senapati iku ênggone wani prang wong mungsuh bapakne dhewe, yèn mungsuh karo wong liyane wêdi. Lan aku iki bangêt isinku andêlêng marang wong Pajang, sabab kêna diarani wong ora wêruh ing kabêcikan. Angur kowe mungsuha karo wong nagara liya, angluwihi ing Pajang gêdhene, aku ora wêdi. Akathah-kathah panêtahipun Kyai Juru wau.
      Senapati Ngalaga sarêng mirêng anangis salêbêting manahipun, rumaos yèn kalêpatan, angrêrêpa sarwi alon matur, paman, kadospundi pratikêl sampeyan. Sarèhning kula sampun katrucut wicantên botên purun sowan dhatêng kangjêng sultan. Supados sampun ngantos dados dukanipun kangjêng sultan. Têtêpa anggèn kula wontên ing Matawis, sarta kula sagêda amêngku tiyang ing tanah Jawi sadaya, tumuruna ing anak putu kula. Kyai Juru angandika, yèn kang dadi kêkarêpanamu kaya mêngkono, bêcik suwunên ing Allah bae dèn mantêp. Kang supaya yèn kangjêng sultan wis seda
      — 131 —
      kowe bisaa anggêntèni karatone, lan kowe aja pisan yèn duwea cipta bakal mungsuh ing kangjêng sultan, malah ing batin mung nêja amalês ing kabêcikane kangjêng sultan marang ing kowe, ênggonmu dipundhut putra lan ênggonmu dimuktèkake, sarta ênggone mulang akèh-akèh marang kowe, ing samangsane bangêt panyuwunmu marang Allah kaya mêngkono, amêsthi kangjêng sultan ya isih bangêt sihe ing batin marang kowe, sarta ing batin ya bakal lila karatone kogêntèni. Senapati Ngalaga sakalangkung panuwunipun, sarta amiturut ing wulangipun ingkang paman. Kyai Juru Martani lajêng mantuk dhatêng griyanipun. Senapati Ngalaga wau rintên dalu inggih botên pêgat panyuwunipun ing Allah.
      Kala samantên para mantri pamajêgan ing tanah Kêdhu tuwin Pagêlèn sami sumêja lumêbêt sowan dhatêng Pajang, badhe sami angaturakên bulu bêktinipun, lampahipun sami langkung ing Mataram. Wontên ing ngriku sami dipun êndhêg dhatêng Senapati, sinungga sarta binoja krami, sarta sami dipun jak kasukan mangan nginum, lan sami dipun anggêp sadulur tuwin wong atuwa dhatêng Senapati, para mantri pamajêgan wau inggih sakalangkung sami sukanipun. Para garwanipun Senapati sami dipun kèn ambadhaya, sarta sami dipun kèn angladosi, [anglado...]
      — 132 —
      [...si,] amborèhi lan anyumpingi sêkar dhatêng para mantri pamajêgan. Para mantri wau sangsaya sami rumaos kapotangan kasaenan dhatêng Senapati, lajêng sami prasêtya, ing benjing samangsanipun Senapati manggih mêngsah, para mantri wau sami purun yèn kaabêna prang, awit saking kathah kasaenanipun Senapati, botên sagêd amalês. Ingkang badhe kawalêsakên pêcahe kulitipun sarta wutahe gêtihipun. Senapati sarêng mirêng prasêtyanipun para mantri, sakalangkung suka ing galihipun. Pangandikanipun ing galih, ing saiki aku oleh rewang saka pitulunging Allah, kaya-kaya aku bakal bisa angêndhih karaton ing Pajang. Para Mantri Pamajêgan wau lajêng sami dipun ganjar busana kang adi-adi, sadaya waradin. Para Mantri sadaya sakalangkung suka manahipun, sarta sami matur gumarumung, angkat kula saking tanah Kêdhu Pagêlèn rumiyin, sumêja sami ngaturakên bulu bêkti dhatêng ing Pajang, samangke botên siyos. Sakathahe lêladosan kula bulu bêkti katura ing sampeyan sadaya, sabab botên sanes. Ing Pajang inggih ratu, ing Matawis inggih ratu, aturipun para mantri wau sarwi kêplok asênggak-sênggak. Senapati angandika, sakèhe sanakku para mantri kabèh, ya wis padha taktarima prasêtyamu, dene karêpku besuk bae padha sebaa [se...]
      — 133 —
      [...baa] marang Pajang, barêng lan aku, yèn sultan duka aku kang malangi, sabab sabarang ing karsane kangjêng sultan wis ana ing aku, dene sanak-sanakku iki kabèh, yèn ana kang arêp ajênêng dêmang, rôngga, ngabèi utawa tumênggung, aku wis dikuwasakake amaringi marang[13] kangjêng sultan. Para mantri wau sarêng mirêng, sangsaya ing sukanipun, anggêpipun sami angratu dhatêng Senapati, para mantri lajêng sami ambêksa sarta sami ngatingalakên ing kadigdayan tuwin katêguhanipun. Wontên ingkang onclang waos, tuwin angumpulakên towok, sarta angumbulakên sela kang bobot sadhacin, udhunipun sami dipun tadhahi dhadha utawi gigir, nanging sadaya botên wontên kang tumama, sabab para mantri wau sakalangkung sami digdaya sarta têguh.
      Anuntên wontên mantri satunggal anama Ki Bocor, punika sangêt susahe manahipun, aningali solahe kancanipun mantri, ciptaning manahipun. Kapriye kancaku iki kabèh, têka padha kapiluyu kapirare kabèh, padha kêna ing bujuke Senapati, padha arêp anjunjung ratu marang Senapati, ora bisa amatara yèn Senapati iku wong licik, kudu amungsuh ing Pajang, yèn mungguh aku dhewe durung gêlêm kaêrèha marang Senapati, mênawa aku durung angayoni ing kadigdayane, tak kira oraa kulit têmbaga, [tê...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 134 —
      [...mbaga,] lan ora otot kawat. Yèn dhasar ora pasah tak suduk kêrisku prêmati Si Kêbodhêngên iki, aku ya gêlêm angawula. Wondene Panêmbahan Senapati inggih sampun sumêrêp, yèn Ki Bocor badhe angayoni, sabab katawis ing solah, botên purun tumut kasukan. Ciptanipun Senapati, tak kira Si Bocor iku seje lan mantri akèh iki, ora bungah dening boja krama, kudu angayoni marang aku, nanging ya bênêr Si Bocor, aku iki upamane wong cebol, mêksa anggayuh langit. Amêsthi dèn ina, lan aku yèn kadigdayanku ora angungkuli ing wong akèh, môngsa bisaa dadi ratu amêngku ing tanah Jawa kabèh, Panêmbahan Senapati lajêng kondur, para mantri inggih sampun sami amakuwon. Senapati nuntên andhawahi dhatêng balanipun kang sami têngga regol. Ing samangsanipun Kyai Bocor lumêbêt dhatêng ing pura dipun kèndêlna kemawon. Sampun ngantos wontên kang amênging. Sarêng ing wanci dalu Ki Bocor sampun dandos, sumêja nyidra dhatêng Senapati, dhuwungipun cinoba, landhêpipun tinumpangan kapuk dinamonan bablas. Ki Bocor lajêng lumêbêt ing kadhaton ijèn. Sakathahipun tiyang ingkang sami têngga kori api[14] botên uninga, Senapati Ngalaga pinuju dhahar lênggah angungkurakên korining [kori...]
      — 135 —
      [...ning] dalêm. Ki Bocor enggal narajang anyuduki, Senapati botên pasah sarta botên nolèh, eca dhahar kemawon. Pucuking dhuwungipun Ki Bocor ngantos pêpêr, Ki Bocor sayah lajêng dhawah ing siti sadhêku, dhuwungipun tumancêp ing siti, sangêt luma sariranipun. Ki Bocor nuntên ngujung sarta atur tobat. Senapati nolèh sarta ngandika, kakang Bocor, kula êmpun ngapura, sarta pracaya marang dika, Ki Bocor nuntên mantuk.
      Senapati ing wanci têngah dalu lajêng kesah, ingiring tiyang gangsal, anjujug ing Lipura, ing ngriku wontên sela kumlasa sae warninipun. Senapati lajêng sare wontên ing sela wau. kacariyos Ki Juru Martani ing wanci lingsir dalu wontên dalêmipun, dèrèng karsa sare, enggal kesah dhatêng ing kadhaton. Sumêja kêpanggih kalihan Senapati, sarêng dumugi ing regol pitakèn dhatêng tiyang ingkang têngga, wong tunggu lawang, putraningsun apa isih wungu, tiyang têngga kori amangsuli, Kyai Juru, sabibaring kasukan wau, suruping baskara ginanti padhanging côndra, putra dika lajêng kesah wikana purugipun. Kyai Juru sarêng mirêng ing aturipun tiyang têngga kori, lajêng sumêrêp ing purugipun Senapati, enggal dipun susul dhatêng ing Lipura, dumuginipun ing ngriku Senapati kêpanggih sare ing sela [se...]
      — 136 —
      [...la] gêgilang, Kyai Juru enggal anggugah, wicantênipun. Thole tangia, jarene arêp dadi ratu, têka enak-enak turu bae. Anuntên wontên lintang dhawah saking langit. Mêncorong sakalapa dalasan tabonipun sumèlèh ing ulon-ulonipun cakêt Senapati. Kyai Juru sakalangkung kagèt. Sarta anggugah dhatêng ingkang putra, thole, kêbat tangia, kang mancorong kaya rêmbulan ana ing ulon-ulonmu iku apa. Senapati kagèt nuntên wungu, aningali sarta pitakèn. Sira iku apa, dene mêncorong ana ing dhuwurku turu, sajêgku durung tau wêruh. Lintang enggal sumaur kados manungsa, wruhanira ingsun iki lintang, ênggonira manêngkung[15] ngêningakên paningal, anêgês karsaning Hyang, ing saiki wis tinarima ing Allah, kang sira suwun kêlilan. Sira bakal jumênêng nata amêngku ing rat Jawa, tumurun marang anak putunira, padha jumênêng ratu ana ing Mataram tanpa timbang, kineringan ing mungsuh, sugih êmas lan sêsotya, buyutira besuk kang mêkasi dadi ratu ing Mataram. Nagarane nuli rêngka, kêrêp grahana sasi lan surya, lintang kumukus sabên bêngi katon, gunung padha guntur, udan awu utawa ladhu, iku cirining nagara bakal rusak. Lintang wau sasampuning wicantên makatên lajêng musna. Senapati ngandika salêbêting galih, ing saiki panyuwunku marang
      — 137 —
      Allah wis kêlilan. Ênggonku sumêja dadi ratu anggêntèni ing rama sultan, tumurun marang anak putuku, minôngka damare ing tanah Jawa, wong tanah Jawa padha têluk kabèh. Kyai Juru sumêrêp ing batose kang putra, lajêng wicantên. Senapati, kowe aja ujub riya, amêsthèkake kang durung kêlakon, iku ora bênêr, yèn kowe ngandêl calathuning lintang, iku kowe luput. Sabab iku jênênge swara jais. Wênang goroh lan têmên, ora kêna dicêkêl ilate kaya manungsa, lan ing besuk mênawa kowe kêlakon pêrang karo wong Pajang, amêsthi lintang mau ora kêna kotagih utawa kojaluki tulung, ora wurung aku lan kowe padha angawaki pêrang dhewe, yèn mênang kowe mêsthi jumênêng ratu ana ing Mataram. Mênawa kalah ora wurung padha dadi boyongan. Senapati Ngalaga sarêng mirêng wicantêne kang paman, sakalangkung ênggènipun ngrêrêpa, sarta alon matur, paman, kadospundi kang dados pratikêl sampeyan. Kula inggih badhe amiturut. Kula upaminipun baita, sampeyan kêmudhinipun. Kyai Juru angandika, thole, yèn kowe wis miturut, ayo padha nyênyuwun ing Gusti Allah, sakèhe kang angèl muga ginampangna, ayo padha andum gawe, kowe mênyanga ing sagara kidul. Aku tak munggah [mung...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 138 —
      [...gah] marang ing gunung Marapi, padha anyatakake karsaning Allah, ayo barêng mangkat. Kyai Juru lajêng mangkat dhatêng ing rêdi Marapi, Senapati Ngalaga mangkat ngetan lêrês. Anjog ing lèpèn Umpak, ambyur ing toya, nglangi ambathang anut ilining toya.
      Kacariyos wontên ulam laut, anama olor, punika kala rumiyin Senapati kalangênan dhatêng ing lèpèn Samas, anjala, ngrakat, tuwin ancolan susug. Kathah pirantosipun tiyang amêndhêt ulam. Utawi angsalipun ulam inggih kathah, anuntên ulam olor wau kacêpêng ing tiyang kathah, agêngipun anglangkungi, lajêng kabêkta mêntas kaaturakên Panêmbahan Senapati, Senapati sakalangkung suka aningali, ulam olor lajêng binusanan sarwa mas, pinaringan nama pun Tunggul Wulung, nuntên inguculakên dhatêng ing toya malih, ulam olor wau rumaos kapotangan gêsang dhatêng Senapati. Ing nalika punika ulam olor wau sumêrêp yèn Senapati angèli ing lèpèn anjog ing sawangan sagantên. Ulam olor lajêng angambang amêthukakên dhatêng Senapati, supados Senapati anitiha ing gigiripun, nanging Senapati botên karsa anitih, lajêng mêntas, jumênêng sapinggiring sagantên, sarta andêdonga ing Allah, anuntên prahara dhatêng, barat
      — 139 —
      awor jawah, kêkajêngan kathah sêmpal tuwin sol. Alun sagantên agêngipun sarêdi-rêdi, swaranipun anggêgirisi, sarta toyanipun panas kados wedang, ulam kathah ingkang kaplêsat kabêntus ing karang têmahan sami pêjah wontên ing dharatan. Punika saking prabawanipun Panêmbahan Senapati ênggènipun andêdonga ing Allah.
      Kacariyos ing sagantên kidul ngriku wontên ingkang jumênêng ratu, wanodya anglangkungi ayunipun. Ing sajagad botên wontên ingkang nyamèni, anama Rara Kidul, angrèh sawarnine lêlêmbut ing tanah Jawi sadaya, kala samantên Rara Kidul pinuju wontên ing dalêm, pinarak ing kathil mas, tinarètès ing sêsotya, ingadhêp para jim pêri prayangan. Rara Kidul kagèt aningali gègèripun ulam ing sagantên. Sarta toyanipun panas kados ginodhog. Swaraning sagantên anggêgirisi. Rara Kidul wicantên salêbêting galih, salawasku urip aku durung andêlêng sagara kaya iki, kiye ya genea, apa kêna ing gara-gara, apa srêngenge runtuh bakal dina kiyamat. Nyai Kidul lajêng mêdal ing jawi, jumênêng wontên sanginggiling toya, aningali jagad padhang, botên wontên punapa-punapa, amung tiyang linuwih satunggil jumênêng wontên sapinggiring sagantên, angêningakên paningal nênêdha ing
      — 140 —
      Allah, Nyai Kidul wicantên piyambak. Iku layake kang agawe gara-gara ing sagara, sarta lajêng sumêrêp ing saciptanipun Senapati, Rara Kidul enggal amurugi, lajêng nyêmbah anyungkêmi sukunipun Senapati sarta matur angrêrêpa, mugi sampeyan icalakên susahing galih sampeyan, supados sirnaa gara-gara punika, tumuntên mulyaa saisining sagantên kang sami risak kenging ing gara-gara, sampeyan mugi wêlasa dhatêng ing kula, sabab sagantên punika kula kang angrêksa, dene anggèn sampeyan anyênyuwun ing Gusti Allah samangke sampun angsal. Sampeyan lan satêdhak-têdhak sampeyan sadaya amêsthi jumênêng ratu, angrèh ing tanah Jawi tanpa timbang, utawi jim pêri prayangan ing tanah Jawi sadaya inggih karèh ing sampeyan. Upami ing benjing sampeyan amanggih mêngsah, sadaya inggih sami amitulungi, ing sakarsa sampeyan sadaya anut. Sabab sampeyan kang minôngka bapa babuning para ratu ing tanah Jawi. Senapati Ngalaga sarêng mirêng ature Nyai Kidul, sakalangkung suka ing galihipun. Sarta gara-gara wau inggih sampun sirna, utawi ulam ingkang sami pêjah inggih sampun gêsang malih. Nyai Kidul nyêmbah sarwi angujiwati, lumampah kondur dhatêng satêngahing sagantên. Senapati Ngalaga sangêt kasmaranipun, lajêng anut wingking [wing...]
      — 141 —
      [...king] dhatêng Rara Kidul. Senapati lumampah sanginggiling toya kados angambah dharatan. Sadhatêngipun ing kadhaton sagantên lajêng sami pinarak ing kathil mas sakalihan, ingadhêp para pêri prayangan. Senapati Ngalaga eram aningali kadhatonipun Nyai Kidul, anglangkungi sae, ingkang kadamêl griya utawi pagêr banonipun sadaya mas sarta salaka, karikilipun ing palataran mirah, intên utawi sawarnine pêpêthetan ing pataman inggih sakalangkung sae, wowohan sarta sêsêkaranipun adi-adi sadaya, ing dharatan botên wontên sêsaminipun.
      Senapati wau ênggènipun pinarak adhêdhepelan kemawon lan Nyai Kidul. Sarta tansah anyantosakakên ing galih, emut yèn dede jinis. Wondene Nyai Kidul inggih anampèni ing sêmunipun Senapati, sarta tansah angujiwati Senapati Ngalaga mèsêm sarwi ngandika dhatêng Rara Kidul. Nimas ingsun arêp wêruh ing pasareanira, kaya apa rakite. Nyai Kidul matur, sumôngga botên wontên pakèwêdipun. Kula darmi têngga, sampeyan ingkang kagungan. Senapati astane lajêng dipun kanthi, kabêkta lumêbêt dhatêng ing pasarean, sami pinarak. Senapati alon ngandika, nimas, ingsun bangêt eram andêlêng paturonira, layake caritaning [cari...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎– 142 —
      [...taning] suwargan iya kaya iki, sajêg aku durung wêruh pêpajangan kaya iki, sêmbada lan kang duwe, dhasar ayu bisa angrêrakit. Ingsun aras-arasên mulih marang Mataram. Bakal katrêm ana ing kene, nanging cacade mung siji, dene ora nana wonge lanang, yèn ana wonge lanang kang bagus iba bêcike. Aturipun Nyai Rara Kidul. Sae lamban, jumênêng ratu èstri kemawon. Ing sakajêng-kajêng botên wontên kang amarentah. Senapati mèsêm sarwi ngandika, nimas, ingsun muga paringana tômba, ênggon ingsun kaedanan marang sira. Rara Kidul matur sarwi malerok. Kula botên sagêd ngaturi jêjampi, sabab kula dede dhukun, sampeyan ratu agêng, môngsa kiranga wanodya kang ngungkuli ing kula. Senapati manahipun kados dèn unggar, Rara Kidul lajêng pinondhong andumugèkakên karsanipun. Kacariyos Senapati anggènipun wontên sagantên kidul tigang dintên tigang dalu, tansah sih-sinisihan kalihan Rara Kidul. Senapati wau ing sabên dintên dipun wêjang ing ngèlmunipun tiyang umadêg ratu, ingkang ngèdhêpakên sakathahe manungsa lan jim pêri. Senapati angandika, bangêt panarimaningsun, ing sakèhe wurukira, lan ingsun ya pracaya, balikaning besuk. Yèn ingsun anêmu mungsuh, kang sun kongkon ngaturi ing sira sapa,
      — 143 —
      wong ing Mataram amêsthi ora ana kang wêruh marang ing sira. Rara Kidul matur, makatên punika gampil kemawon. Bilih sampeyan karsa animbali dhatêng kula, sêdhakêp suku tunggal, nuntên tumêngaa ing awang-awang, amêsthi kula enggal dhatêng, sarta kula ambêkta bala jim pêri prayangan lan sadêdamêling prang. Senapati ngandika malih, nimas, ingsun pamit mulih marang ing Mataram. Wêwêkasira kabèh ya bakal ingsun èstokakên.
      Senapati sampun mangkat, angambah toya sagantên kados angambah dharatan. Sarêng dumugi ing Parangtritis kagèt aningali dhatêng sang pandhita Sunan Kalijaga lênggah pitêkur wontên sangandhaping Parangtritis. Senapati enggal angujungi, sarta angrêrêpa nyuwun pangapuntên, amargi ênggèning ngatingalakên kasaktènipun angambah sagantên botên têlês. Susunan Kalijaga ngandika, Senapati, marenana ênggonira angêndêlake sakti digdayanira iku, dadi iku jênênge wong kibir, para wali ora gêlêm anganggo kaya mêngkono, amêsthi bakal kasiku ing Allah, yèn sira bakal sumêja tulus jumênêng ratu, anganggoa sokur ing satitahe bae, ayo marang Mataram. Ingsun arsa wêruh ing omahira. Lajêng sami mangkat, sampun dumugi ing Mataram. Sang Pandhita aningali [aninga...]
      — 144 —
      [...li] padalêmanipun Senapati dèrèng mawi pagêr lajêng ngandika, omahira ora nganggo pagêr bata, iku ora bêcik, dadi sira jênêng wong ujub riya kibir, angêndêlake kasêktèn sarta têguh digdayanira, upamane kêbo sapi tanpa kandhang mêsthi bakal ucul ing saparan-paran. Kêbo sapi mau bêcik cancangên. Yèn bêngi kandhangna, ing jaba jaganana uwong, sarta pasrahna ing Allah, mêngkono manèh ênggonira omah-omah bêcik nganggoa pagêr jaba, jênênge pagêr bumi, wong Mataram sabên katiga konên nyithak bata, yèn wis akèh gawea kutha bacingah. Sang pandhita lajêng nyandhak bêruk isi toya, dipun curakên mubêng sarwi dhikir, sang pandhita ngandika, yèn sira besuk gawe kutha iki turutên. Senapati matur sandika, sang pandhita lajêng pamit kondur.
      Kacariyos Kangjêng Sultan Pajang miyos sinewaka wontên ing pagêlaran. Para putra, santana, mantri bupati pêpak sadaya, para bupati sami matur, putra dalêm Senapati Ngalaga saèstu mirong badhe mêngsah ing panjênêngan dalêm. Pratandhanipun samangke sampun adamêl bètèng sarta lêlarèn wiyar. Sultan Pajang ngandika dhatêng Pangeran Banawa, putraningsun Ki Banawa sira mênyanga ing Mataram karo ipenira Adipati Tuban, lan Si Tumênggung Môncanagara gawanên. Kakangira Senapati [Sena...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 145 —
      [...pati] takonana, apa nyata dheweke sumêja amungsuh marang ingsun. Pangeran Banawa sarta Dipati Tuban, Tumênggung Môncanagara aturipun sandika, lajêng budhalan sabalanipun. Ing Pajang wontên mantri satunggil, anama Pangalasan. Sampun atêpang sae kalihan Senapati Ngalaga, Pangalasan wau enggal anglampahakên utusan dhatêng ing Mataram. Asuka pariksa Senapati, yèn Sultan Pajang anglampahakên utusan putranipun dhatêng Mataram, sarta ambêkta sadêdamêling pêrang. Senapati Ngalaga sarêng sampun tampi pawartos wau enggal amêthuk dhatêng ing Randhulawang, tiyang Mataram kêrig lampit, sarta sami ambêkta sêsêgah.
      Lampahipun Pangeran Banawa inggih sampun dumugi ing Randhulawang, sarêng aningali ingkang raka mêthuk, Pangeran Banawa enggal tumurun saking titihan, paran-pinaranan kalihan Senapati, lajêng sami rêrangkulan, kalih-kalihipun sami muwun. Sabab lami botên kêpanggih, sangêt ing kangênipun. Pangeran Banawa alon matur, kakang, sangêt kangên kula dhatêng sampeyan. Sabab sampun lami ênggèn kula botên kêpanggih, kaping kalihe kula dipun utus. Sarèhning rama jêngandika amirêng yèn sampeyan badhe amêngsah ing rama jêngandika, punika punapa yêktos punapa botên.
      — 146 —
      Kula mugi sampeyan bêlakani. Senapati amangsuli, adhi mas, môngsa boronga rama jêngandika kangjêng sultan, ratu sidik ing paningal. Punapa saosiking manah kula mêsthi sampun sumêrêp. sagêd kula samantên punika inggih saking pêparingipun rama jêngandika, ing Matawis kula botên rumaos gadhah, atas kagunganipun rama jêngandika, punika kula angaturakên sêsêgahipun abdi sampeyan ing Matawis, mugi kadhahara. Pangeran Banawa lawan sabalanipun lajêng sami anêdha waradin. Senapati Ngalaga ngandika malih, adhi mas, sampeyan kula aturi lajêng dhatêng Matawis. Sampun kula cawisi kalangênan tuwin arak waragang, sampeyan kasukana wontên ing Matawis. Sabab sampeyan gustine tiyang ing ngriki sadaya, sumôngga sampeyan kula aturi nitih gajah kalihan kula. Pangeran Banawa ngandika dhatêng Tumênggung Môncanagara, Tumênggung Môncanagara, pawarta kang katur ing kangjêng rama sultan iku goroh kabèh, dene iki Si kakang Senapati ora sumêja amungsuh marang kangjêng rama, aku ya angandêl marang kakang Senapati, pratandhane yèn ora sumêja amungsuh, sabab suguh sarta angajèni marang wong ing Pajang.
      Pangeran Banawa wau lajêng nitih gajah kalihan ingkang raka, bidhal saking ing ngriku lan sabalanipun. Sarawuhipun [Sa...]
      — 147 —
      [...rawuhipun] ing Matawis lajêng lumêbêt ing kadhaton. Sampun sami tata lênggah, nuntên sami kasukan dhêdhaharan inum-inuman. Sarta anabuh gamêlan Gala Ganjur, arame ênggènipun sami kasukan. Utawi balanipun Pangeran Banawa sarta balanipun adipati ing Tuban inggih sinêgahan piyambak wontên ing jawi. Adipati Tuban pitaken dhatêng Senapati, kakang Senapati Ngalaga, kula mirêng pawartos, yèn sampeyan rêmên ambêksa rangin. Senapati amangsuli, adhi, inggih rêmên, nanging tiyang Matawis botên wontên kang sagêd. Adipati Tuban lancang ing pangucap. Kêdah angatingalakên ing kasagêdan tuwin kadigdayane rencangipun. Lajêng parentah dhatêng rencangipun kinèn sami ambêksa rangin. Tiyang Tuban inggih sampun sami wiwit ambêksa, anêlasakên ing tênaganipun. Angungasakên ing kakêndêlan sarta katêguhanipun. Anuntên wontên putranipun Panêmbahan Senapati ingkang pambajêng, anama Radèn Rôngga, patutanipun kalihan èstri saking Kalinyamat rumiyin. Radèn Rôngga wau sakalangkung digdaya, rosa, têguh, panasbaran. Lajêng anjawil dhatêng ingkang rama, sumêja tumut ambêksa. Senapati Ngalaga sarèhning rêmên angêsorakên pambêkanipun, ingkang putra dipun sêntak. Adipati Tuban sumêrêp, yèn Radèn [Radè...]
      — 148 —
      [...n] Rôngga badhe sumêja tumut bêksa, nanging dipun pênging dhatêng ingkang rama, Adipati Tuban lajêng angatag dhatêng Radèn Rôngga, nanging botên purun. Senapati nuntên angatag bêksa dhatêng ingkang putra, sabab sampun dipun kèn kalihan Dipati Tuban. Radèn Rôngga enggal amundhut tamèng sarta towok. Tamèngipun wau kabêkta tiyang sakawan, towokipun inggih kabêkta tiyang sakawan. Sabab ngalangkungi agêngipun. Lajêng cinandhak kadamêl onclang. Adipati Tuban eram aningali malongok. Adipati Tuban lajêng parentah dhatêng rencangipun kang sami bêksa, dikakakên anêmêni dhatêng Radèn Rôngga, awit sampun pitados ing kadigdayanipun Radèn Rôngga, tiyang Tuban lajêng sami anyuduki sarta anumbaki sayêktos. Radèn Rôngga botên pasah, eca ambêksa kemawon. Sarta botên purun malês. Nuntên dipun dhawahi dhatêng Adipati Tuban sarta ingkang rama, dikakakên malês. Radèn Rôngga enggal malês kalih tangan. Tiyang Tuban dipun tabok satunggil, sirahipun pêcah sampun pêjah, lajêng gègèr, Pangeran Banawa lan Dipati Tuban sabalanipun bidhal tanpa pamit, sumêja mantuk dhatêng Pajang.
      Sadhatêngipun nagari Pajang lajêng sami sowan ing kangjêng sultan. Nanging Pangeran Banawa lan Dipati Tuban aturipun [aturipu...]

      3 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 149 —
      [...n] pradongdi, aturipun Pangeran Banawa, Senapati sakalangkung sae, sarta urmat sangêt dhatêng tiyang Pajang, botên wontên watawisipun, yèn sumêja amêngsah ing Pajang. Wondene aturipun Dipati Tuban lan Tumênggung Môncanagari, Senapati sayêktos yèn mirong, sumêja mungsuh ing Pajang, pratandhanipun sampun adamêl bètèng sarta ajêjagang, lan angungasakên kadigdayane putranipun kang anama Radèn Rôngga, anabok tiyang Tuban satunggil pêcah sirahipun pêjah. Kangjêng sultan sarêng mirêng atur makatên wau lajêng lêgêg. Adangu ênggènipun kèndêl. Dene ature putra lan ature nayaka sulaya, kangjêng sultan angandika, atur kabèh iku ora nana kang sun gugu, Ki Banawa iku ature ya bênêr, Senapati Ngalaga mokal yèn wani marang ingsun. Krana ingsun mundhut putra cilik mula, wus kaya putraningsun pambarêp, sarta akèh pawulang ingsun. Barêng wus diwasa ingsun muktèkake ana ing Mataram. Amêsthi Senapati mau sumêja malês kabêcikan marang ingsun. Dene Si Dipati Tuban lan Si Tumênggung Môncanagara ature ya bênêr, Senapati anggone sumêja angêndhih karaton ing Pajang awit sumurup wirayate Sunan Giri, môngka wirayate Sunan Giri mau upamane kêmbang, ing saiki wis mangsane mêkar. Tumênggung Môncanagara lan Dipati Tuban [Tuba...]
      — 150 —
      [...n] matur, kangjêng sultan. Ing Matawis punika kula upamèkakên latu sapêlik. Mupung dèrèng mraman, prayogi kasirama tumuntên. Kula ingkang anggêbag ing Matawis. Kangjêng sultan alon ngandika, ingsun wêdi ing Allah, lan wis pinêsthi karsa Allah, yèn ing Mataram bakal ana kang jumênêng ratu gêdhe, angrèh wong sa tanah Jawa kabèh, kapriye ênggonira anêkerah. Dipati Tuban lan Tumênggung Môncanagara sami tumungkul botên sagêd amangsuli, kangjêng sultan lajêng kondur angadhaton.
      Botên antawis lami ing nagari Pajang wontên bupati satunggil, ipenipun Senapati Ngalaga anama Tumênggung Mayang, Tumênggung Mayang wau gadhah putra jalêr satunggil, taksih anèm, sakalangkung bagus warninipun. Sanagari Pajang botên wontên kang mirib, sampun kalok sanagari Pajang bagusipun Radèn Pabelan wau, inggih punika putranipun Tumênggung Mayang, nanging Radèn Pabelan wau asring lampah awon. Angrong pasanakan, anyumur gumuling, sangêt ênggènipun brancah, dipun tantun krama dhatêng ingkang rama botên purun. Ki Tumênggung Mayang sampun kakên galihipun, awit pawulangipun botên dipun gêga, ingkang putra wau lajêng sumêja dipun krenah, supados pêjaha. Kala samantên Radèn Pabelan dipun timbali dhatêng ingkang rama, sadhatênge ing ngarsanipun ingkang rama [ra...]
      — 151 —
      [...ma] angandika, kulup, yèn kowe dhasar ora gêlêm rabi isih gêlêm laku ngiwa, karêpku aja katanggungan. Putrane wadon kangjêng sultan kang jênêng ratu sêkar kadhaton iku rahên, bedhangên. Sanajan kowe matia ucape bêcik. Yèn kabênêran kowe oleh pitulunging Allah bisa dadi bojomu, ora kaya solahmu kang wis kêlakon, ênggonmu sok ambedhang anake bojoning wong, iku ora bêcik. Yèn kongsia bilahi ucape bangêt ênggone nistha. Ingkang putra matur alon. Rama, kula botên sagêd yèn angangkah ambedhang ratu sêkar kadhaton. Sabab panggenanipun salêbêting kadhaton. Ki Tumênggung ngandika, iku gampang bae, sarèhning kalumrahane wong wadon iku amêsthi padha dhêmên kêmbang wangi-wangi, aku ya wis duwe isarat arupa kêmbang capaka, iki aturna marang kangjêng ratu, luwange isaratku iki, samangsane wong wadon wis anampani sarta andêlêng, amêsthi banjur bingung ora enak ênggone mangan sarta turu, lan amêsthi banjur kongkonan. Kowe angadhanga wong kaputrèn. Abdine kangjêng ratu kang sok diutus tuku kêmbang mênyang pasar, iku konên ngaturake marang ing gustine.
      Radèn Pabelan sampun anampèni sêkar capaka, kawadhahan ing conthong, salêbêting sêkar kadèkèkakên [ka...]
      — 152 —
      [...dèkèkakên] sêrat alit. Sakalangkung rêmit anggènipun andèkèkakên. Radèn Pabelan lajêng kesah dhatêng ing margi cêlak korining alun-alun. Anuntên wontên tiyang èstri satunggil. Abdinipun ratu sêkar kadhaton. Sumêja tumbas sêkar dhatêng ing pêkên. Lajêng dipun andhêg dhatêng Radèn Pabelan sarta dipun sukani sêkar ing conthong, kapurih angaturna ing gustinipun. Èstri wau sampun anampèni sêkar sarta sangêt bingahe manahipun. Sabab botên kangelan dhatêng pêkên lan botên mawi tumbas, lajêng pitakèn. Bilih gusti kula mangke andangu, nama sampeyan sintên. Radèn Pabelan sumaur ambêlakakakên namanipun. Tiyang èstri wau inggih lajêng mantuk dhatêng ing kadhaton, sarta sangêt kasmaraning manahipun, aningali bagusipun Radèn Pabelan. Sadhatêngipun ing kaputrèn sêkar lajêng kaaturakên ing kangjêng ratu, ratu sêkar kadhaton sarêng sampun nampèni sêkar ing conthong lajêng dipun bikak, sarta pinilihan. Anuntên ningali sêkar capaka satunggil wontên sêratipun. Enggal winaos. Ungêlipun. Saking Radèn Pabelan, sumêja ngabdi dhatêng kangjêng ratu, ing donya dumugi dêlahan. Ratu sêkar kadhaton sampuning maos sêrat, sangêt tarataban ing galihipun. Bawanipun èstri sampun [sa...]

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 153 —
      [...mpun] diwasa, dados sangêt kasmaranipun dhatêng ingkang ngaturi sêrat, kalih dene sampun asring mirêng para tiyang èstri kang sami micantên ing bagusipun Radèn Pabelan. Tiyang èstri kang sampun sami ningali angalêm sadaya, ratu sêkar kadhaton ngandika dhatêng abdinipun anama êmban Soka, biyung, kowe mêtua, anêmanana marang kang awèh kêmbang iki, yèn dhèwèke têmên anggone bakal angèngèr marang aku, mêngko bêngi konên malêbu marang kaputrèn. Êmban Soka aturipun sandika lajêng mêdal. Sampun kêpanggih kalihan Radèn Pabelan. Êmban soka wicantên, radèn dika mangke dalu dipun ajêng-ajêng dhatêng kangjêng ratu, sarta dipun cêcadhang dhêdhaharan tuwin agêm-agêman. Sampun tan botên mangke dalu sampeyan lumêbêta dhatêng kaputrèn. Radèn Pabelan wicantên. Ya bibi, matura ing kangjêng ratu, aja sumêlang galihe, mêngko bêngi aku mêsthi malêbu. Êmban Soka lajêng mantuk dhatêng kaputrèn. Radèn Pabelan nuntên sowan dhatêng ingkang rama Ki Tumênggung Mayang, Radèn Pabelan matur, rama, sêkar pêparing sampeyan sampun kêtampèn dhatêng kangjêng ratu, sarta lajêng utusan. Ing mangke dalu kula dipun timbali dhatêng kaputrèn. Kula inggih sampun sagah, nanging sangêt pakèwêding manah kula, anggèn kula badhe lumêbêt marginipun mêdal ing pundi. [pu...]
      — 154 —
      [...ndi.] Ingkang rama angandika, yèn kowe malêbu ing kaputrèn, aja mêtu ing lawang, manawa konangan wong nganglang, bêcik malumpata ing pagêr bata bae, ayo taktêrake, iki wis wayah sirêp wong.
      Ki tumênggung sarta ingkang putra lajêng sami mangkat. Sampun dumugi pagêr banon kaputrèn. Radèn Pabelan lajêng kawulang ngèlmu angandhapakên pagêr banon. Pangandikanipun ki tumênggung, yèn kowe bakal mêtu saka kaputrèn, ênggonku amuruk mau apalna, sarta angusap pagêr bata, amêsthi pagêr bata banjur mêndhak dhewe, Radèn Pabelan aturipun nuwun, nanging Radèn Pabelan wau kawulang sisip dhatêng ingkang rama, pamrihipun supados sampun sagêd mêdal. Ki Tumênggung Mayang lajêng andonga sarta angusap pagêr banon. Pagêr banon inggih sampun mêndhak. Radèn Pabelan enggal jumangkah malêbêt. Sarêng Radèn Pabelan sampun lumêbêt. Pagêr banon nuntên kausap malih dhatêng ki tumênggung, sampun inggil kados ingkang wau-wau, ki tumênggung lajêng mantuk. Radèn Pabelan lajêng andhodhot wontên ing kêbon wingkinge dalêmipun kangjêng ratu. Wondene ratu sêkar kadhaton inggih sampun dangu anggènipun angajêng-ajêng, sarêng ing wanci sirêp tiyang lajêng mêdal saking dalêm dhatêng ing kêbon pêpungkuran. Abdinipun èstri botên wontên kang uninga,
      — 155 —
      amung êmban Soka kang andhèrèk. Anuntên kêpanggih kalihan Radèn Pabelan, kalih-kalihipun sangêt anggènipun bingah, kados tiyang amanggih êmas sakranjang, sarta lajêng sami sasêtyan. Sampun tinakdir yèn Radèn Pabelan badhe dados bêbantêning nagari. Kathah tiyang èstri salêbêting kaputrèn. Abdinipun sang putri piyambak kawan dasa, utawi tiyang jalêr nganglang inggih kathah, nanging botên wontên kang uninga dhatêng Radèn Pabelan ing sadalu punika. Ratu sêkar kadhaton lajêng anganthi astanipun Radèn Pabelan. Kabêkta dhatêng pasarean. Andumugekakên ing karsanipun. Sarêng ing dalunipun malih Radèn Pabelan sumêja mantuk, nanging botên sagêd sabab pagêr banon kaputrèn dipun usap wali-wali botên sagêd mêndhak. Radèn Pabelan sampun anyipta yèn badhe pêjah, anuntên wangsul dhatêng ing dalêmipun sang putri malih, sanajan pêjah asarênga kalihan sang putri.
      Kacariyos Radèn Pabelan wau ênggènipun wontên salêbêting kaputrèn pitung dintên pitung dalu, botên wontên tiyang kang sumêrêp. Sarêng ing wolung dintên, inya tuwin êmbanipun sang putri sami anggraita, sabab sang putri awis-awis mêdal. Tansah wontên salêbêting pasarean. Inya tuwin êmban wau lajêng sami anginjên, sarta anilingakên pamirêng, lajêng sami [sa...]
      — 156 —
      [...mi] sumêrêp yèn gustinipun ulah lambang sari kalihan Radèn Pabelan. Inya tuwin êmban wau enggal angaturi uninga ing kangjêng sultan. Yèn ing kaputrèn kalêbêtan pandung aguna, anyidra ing rêsmi. Kangjêng sultan sarêng mirêng sakalangkung duka, enggal animbali lurah prajurit tamtama kêkalih, anama Wirakêrti kalih Suratanu, lanjaripun kalihdasa, sadhatêngipun ing ngarsane kangjêng sultan lajêng andikakakên mêjahi pandung kang wontên ing kaputrèn. Tiyang tamtama kalih likur enggal sami lumêbêt dhatêng kaputrèn. Nanging sadaya sami kèndêl wontên palataraning kaputrèn. Amung Ngabèi Wirakêrti piyambak kang lumêbêt dhatêng ing dalêmipun sang putri, Radèn Pabelan kêpanggih gêgulêtan kalihan sang putri, anyipta sarênga pêjah, Ngabèi Wirakarti wicantên saking katêbihan. Sabab ajrih cêlak kalihan sang rêtna, thole Radèn Pabelan, mrenea, kowe ngandêla ing calathuku, bapakmu Si kakang Tumênggung Mayang wis bêlaka marang aku bab solahmu iku, aku dikon amurih salamête awakmu, kang iku samêngko aku kang nanggung ing patimu, krana kangjêng sultan wis bangêt pangandêle marang aku, yèn prakara sajroning kadhaton, kowe ya sumurup dhewe, kowe bakal daksuwun ditêmokna bae karo kangjêng ratu, ayo tak jak seba marang kangjêng sultan.

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 157 —
      Sampun dilalah Radèn Pabelan manahipun gampil, angandêl dhatêng wicantênipun Ki Wirakêrti, uwal ênggènipun gêgulêtan, lajêng tut wingking dhatêng Ki Wirakêrti, sarêng dumugi ing palataran tiyang tamtama enggal anyuduki, Radèn Pabelan sampun pêjah tatunipun arang kranjang, jisimipun kabucal ing lèpèn Ngêlawiyan.
      Anuntên Ki Tumênggung Mayang kadukan ing kangjêng sultan. Kakesahakên dhatêng ing Samawis, dipun iringakên gêgaman sewu, têtindhihipun mantri ing Pajang wolung dasa. Garwanipun Ki Tumênggung Mayang taksih kantun wontên ing Pajang, enggal utusan asuka pariksa dhatêng Senapati ing Matawis. Senapati Ngalaga sarêng mirêng aturing utusan sakalangkung duka, lajêng ngandika dhatêng para mantri pamajêgan. Sanak-sanak kula pamajêgan kabèh, aku anjaluk gawemu, ipèkku kang jênêng Tumênggung Mayang iku ing saiki dibuwang marang ing Samarang, iku padha rêbutên ing saênggone kacandhak. Padha mêtua ing Kêdhu bae. Para mantri pamajêgan sadaya matur sandika, lajêng sami mangkat anumpak kapal. Lampahipun anjog nyongklang, lampahe gêgaman Pajang katututan wontên ing Jatijajar, para mantri pamajêgan lajêng sami nêrajang angamuk sarta waos, anumpak kapal. Bala ing Pajang kathah kang tatu tuwin pêjah, nuntên sami lumajêng sumêja [su...]
      — 158 —
      [...mêja] mantuk dhatêng Pajang, Ki Tumênggung Mayang sampun karêbat dhatêng para mantri pamajêgan. Kabêkta dhatêng ing Mataram, para mantri pamajêgan wau sami ambêkta sirahipun mantri Pajang kang sami pêjah, ingaturakên dhatêng Senapati.
      Palajêngipun bala ing Pajang sampun dumugi ing Pajang, sarta sampun katur ing kangjêng sultan. Kangjêng sultan sarêng mirêng atur makatên, lajêng anggraita yèn Senapati Ngalaga sayêktos balela, sabab adamêl wiwitan pêrang, nuntên parentah angrakit gêgamaning prang, sumêja ambêdhah ing Mataram. Para bupati môncanagara kang karèh ing Pajang inggih sampun ngalêmpak, tuwin putranipun mantu kangjêng sultan, Adipati Dêmak kalih Dipati Tuban, tiga dipati ing Bantên, inggih sampun sami wontên ing Pajang lan sabalanipun. Sarêng sampun samêkta kangjêng sultan nuntên bidhal. Balanipun sakalangkung kathah, gêgaman warni-warni, kangjêng sultan nitih gajah, lampahipun sampun dumugi ing Prambanan. Lajêng amasanggrahan, bala ing Pajang angêbêki papan.
      Kacariyos Senapati Ngalaga lan balanipun tiyang Mataram wolung atus sumêja amêthuk prang, sampun abaris wontên ing Randhulawang, sarta sami angatos-atos. Kyai Juru wicantên dhatêng Senapati. Senapati, kang dadi karêpku kowe aja kongsi prang karo kangjêng sultan. Sabab balamu ming sathithik. Bala
      — 159 —
      ing Pajang tanpa wilangan. Amêsthi bakal tumpês, sarta aku bangêt isin andêlêng wong ing Pajang, ayo padha nênêdha ing Allah, kang supaya wong Pajang padha girisa atine, kowe anagiha prajangjine Nyai Kidul. Aku tak nagih jangjine kakahyangan ing gunung Marapi, lan balamu konên baris ing Gunung Kidul sawêtara, ing Gunung Kidul konên numpuki kayu akèh dohe lêt sapambêdhil. Amratanana gunung iku, mêngko bêngi konên ngobong barêng. Makatên wau inggih nuntên kalampahan. Sarêng ing wanci sêrap srêngenge, Senapati lajêng angadêg sarta sidhakêp anênga ing awang-awang, Kyai Juru inggih makatên ugi, botên dangu nuntên jawah awor barat. Kêkajêngan kathah kang sêmpal tuwin sol. Ing awang-awang gumuruh swaranipun. Punika pratandhanipun yèn jim pêri prayangan sami dhatêng, sumêja têtulung prang, ing rêdi Marapi inggih nuntên murub. Swaranipun kados galudhug, angajrihi, sarta nuntên jawah awu, ing lèpèn Umpak mili ladhu, sela agêng-agêng sami minggah dhatêng dharatan. Ing Rêdi Kidul têtumpukan kajêng sarêng dipun obong, ing Rêdi Kidul dados latu sadaya, sarta bêndhe kang nama Ki Bicak tinabuh botên kèndêl-kèndêl.
      Kangjêng sultan pinuju lênggah wontên ing pasanggrahan cakêt lèpèn Umpak, ingadhêp para bupati, kangjêng sultan [sulta...]
      — 160 —
      [...n] alon ngandika, bocah bupati, ingsun andêlêng ing Gunung Kidul ika dadi gêni, utawa gunung Marapi ya murub. Sarta ing awang-awang iki swaraning apa, kaya swaraning gêgaman maju prang, bangêt girise atiningsun. Adipati ing Tuban matur alon. Kangjêng sultan, pangandika dalêm punika angajrihi ing tiyang kathah, ingkang kamirêng punika swaraning jawah lan barat, botên amatosi, kalih dene abdi dalêm ing Pajang sadaya botên wontên kang ajrih amêngsah prang kalihan Senapati, yèn wontên dhawah dalêm amêsthi tiyang Matawis ing sakêdhap tumpês dening kula sarta tiyang Pajang sadaya. Kangjêng sultan alon ngandika, anak ingsun Ki Dipati Tuban, sira aja wani amungsuh kakangira Senapati, wruhanira, ingsun bakal tumêka ing jangji, dene karaton ing Pajang amung ingsun dhewe kang jumênêng nata, nuli kagêntèn marang kakangira Senapati, saturune bakal angrèh ing tanah Jawa kabèh, dene ênggon ingsun marang Mataram iki, ingsun amung arêp andêlêng marang Ki Senapati, krana bangêt ênggon ingsun kangên. Sarta Ki Senapati ingsun kira ora wani amungsuh marang ingsun.
      Botên dangu nuntên ladhu aminggah dhatêng ing pasanggrahan. Sela agêng-agêng sami anggalundhungi bala ing Pajang, bala ing Pajang sami gègèr arêbut gêsang, lumajêng ing sapurug-purug. [sapuru...]

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 161 —
      [...g-purug.] Kangjêng sultan tuwin para dipati kèlu sami lumajêng, pangraosipun katêmpuh ing mêngsah, gêgaman agêng gusis sami sakal saking ing ngriku. Sarêng wanci enjing lampahipun kangjêng sultan dumugi ing Têmbayat. Karsanipun badhe angujung dhatêng ing astana Têmbayat, nanging korining pakuburan dipun sorog botên kenging, kangjêng sultan lajêng angujungi kori kemawon. Sasampuning ngujung nuntên ngandika dhatêng tiyang juru kunci pakuburan. Juru kunci yagene lawanging pasarean ora kêna disorog. Juru kunci matur, kangjêng sultan, pandugi kula panjênêngan dalêm sampun botên kalilan jumênêng ratu dening Gusti Allah, pratandhanipun kori pasarean punika kasorog botên kenging. Kangjêng sultan mirêng aturing juru kunci anglês galihipun, lajêng sipêng, ing dalu sare wontên ing griya bale kêncur, kangjêng sultan wau salaminipun gêsang dèrèng rumaos sare sakeca kados punika, ing enjingipun wungu lajêng bidhal kondur dhatêng Pajang, kangjêng sultan nitih gajah, wontên ing margi dhawah saking gajah, andadosakên gêrahipun, lajêng nitih tandhu, sakalangkung rêmbên lampahipun.
      Kacariyos Senapati Ngalaga mirêng wartos, yèn kangjêng sultan wontên ing margi gêrah, Senapati enggal anusul. Ambêkta bala kawan dasa, sami numpak [nu...]
      — 162 —
      [...mpak] kapal sadaya, andhèrèkakên saking katêbihan. Para putra tuwin para dipati ing Pajang sami uninga dhatêng Senapati, Pangeran Banawa matur ing kangjêng sultan. Punika Senapati Ngalaga anututi ing lampah dalêm. Untap-untapan kemawon. Bilih panjênêngan dalêm parêng badhe kula wangsuli, sumêja kula tumpês, mumpung balanipun sakêdhik, bala ing Pajang kathah. Kangjêng sultan ngandika alon. Putraningsun Pangeran Banawa, sira aja wani marang kakangira Ki Senapati, krana ing besuk yèn ingsun wis seda, amêsthi kakangira kang minôngka gêgêntiningsun. Dene ênggone nusul iku amung sumêja angatêrake marang ingsun. Sabab wis sumurup yèn ingsun gêrah, iku pratandhane yèn asih sarta urmat ênggone duwe bapa marang ingsun. Karo dene wêkas ingsun marang sira, besuk yèn ingsun wis seda, sira diatut lan kakangira Senapati, sarta dèn bêkti, sabab iku gêgêntiningsun. Ing samangsaning sira kongsi sulaya amêsthi sira bakal ora bisa jumênêng ratu ana ing Pajang. Pangeran Banawa tuwin sanèsipun kang sami mirêng ing pangandikanipun kangjêng sultan, sadaya sami anangis. Lampahipun sampun dumugi ing Pajang, lajêng lumêbêt ing kadhaton. Nanging gêrahipun kangjêng sultan sangsaya sangêt. Wondene Senapati lan sabalanipun inggih lajêng [la...]
      — 163 —
      [...jêng] mondhok ing dhusun Mayang, sakilèning kadhaton Pajang, kangjêng sultan sampun ingaturan pariksa dhatêng balanipun. Yèn Senapati mondhok ing dhusun Mayang, kangjêng sultan lajêng utusan animbali, nanging Senapati botên purun. Wangsulanipun dhatêng utusan, munjuka ing kangjêng sultan, aku ditimbali suthik, nanging aku ya ora mulih marang Mataram. Ana ing kene bae, lagi angêntèni karsaning Allah, utusan inggih sampun wangsul, sarta sampun matur ing kangjêng sultan.
      Wondene Senapati wau lajêng atumbas sêkar salasih sakalangkung kathah, tinumpuk wontên ing korining alun-alun kang kilèn. Ing wanci dalu Senapati alênggah pitêkur andêdonga ing Allah, anuntên wontên jim dhatêng, anama Juru Taman. Punika abdinipun kêkasih dhatêng Senapati, nanging kang uninga dhatêng Juru Taman amung Senapati piyambak, tiyang sanes botên wontên kang uninga, agêngipun angungkuli têtiyang. Juru Taman wau matur dhatêng Senapati, gusti, bilih sampeyan karsa ambêdhah nagari Pajang sarta amêjahi ing sultan, kula kemawon kadhawahana, amêsthi Sultan Pajang badhe pêjah dening kula. Senapati ngandika, Juru Taman, aturmu iku ya wis tak tarima, nanging aku ora duwe karêp mêngkono, dene kowe duwe niyat [ni...]
      — 164 —
      [...yat] dhewe apa sakarêpmu, aku ora akon ora mênging. Juru Taman lajêng kesah dhatêng kadhaton Pajang. Senapati nuntên bidhal, sumêja kondur dhatêng ing Matawis.
      Kala samantên kangjêng sultan pinuju lênggah wontên ing pasarean, sarta jinaganan para garwa, para putra inggih sami ngadhêp. Pangeran Banawa matur, pun kakang Senapati tumbas sêkar salasih kathah, katumpuk wontên korining alun-alun. Kangjêng sultan ngandika, kakangira iku bangêt trêsnane marang ingsun. Sarta wis sumurup yèn ingsun bakal seda. Anuntên Juru Taman wau dhatêng, nanging botên wontên kang uninga, lajêng andhodhog jajanipun kangjêng sultan, kangjêng sultan lajêng aniba botên èngêt gêrahipun saya sangêt. Antawis dangu nuntên seda, gumuruh swaraning tangis. Pangeran Banawa enggal utusan, angaturi Senapati, sanajan botêna purun inggih kapêksa dipun aturi, sabab dipun êntosi ênggènipun badhe anyirami layonipun kangjêng sultan. Utusan enggal mangkat asêsandêran. Senapati kacandhak wontên ing margi, sarêng dipun aturi dhatêng utusan, Senapati inggih enggal wangsul, anyandêr nyongklang, Kyai Juru botên kantun. Sadhatêngipun ing Pajang Senapati lajêng lumêbêt ing kadhaton. Anyungkêmi sukunipun kangjêng

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 165 —
      sultan sarta anangis. Layon nuntên dèn bêrsihi, sarta kasalatakên. Lajêng kapêtak ing Butuh.
      Ing sanèsipun dintên para putra santana tuwin para bupati punapadene Sunan Kudus sarta Senapati sami kalêmpakan wontên salêbêting kadhaton Pajang, Sunan Kudus ngandika dhatêng para bupati, para bupati, sira ingsun tari, mungguh para putrane sultan kang wus seda, sapa prayogane kang ênggêntenana jumênêng ratu ana ing Pajang. Para bupati sami matur, prayoginipun inggih Pangeran Banawa kang anggêntosana jumênêng ratu, sabab punika putra jalêr, sarta sampun wajibipun. Sunan Kudus ngandika, yèn Pangeran Banawa kang jumênêng anggêntèni, aku ora rêmbug. Krana iku putra nom. Adipati ing Dêmak kang prayoga anggêntenana marang sultan kang wus seda, sanajan iku putra mantu, sabab padha trahing ratu, karodene garwane Adipati Dêmak iku putrane sultan kang tuwa dhewe, dene Pangeran Banawa dadia dipati ing Jipang, kang minôngka warise. Senapati Ngalaga badhe anyambungi wicantên. Nuntên dipun saru dhatêng Kyai Juru, Senapati ing Ngalaga inggih lajêng kèndêl. Wondene karsanipun Sunan Kudus wau inggih sampun kalampahan. Pangeran Banawa ênggènipun wontên ing Jipang kapêksa, sarta sangêt sakite galihipun. Senapati Ngalaga [Ngala...]
      — 166 —
      [...ga] inggih lajêng mantuk dhatêng ing Matawis. Kyai Juru tansah amituturi dhatêng Senapati, thole, kowe aja dahwèn ênggone rêbut kamuktèn Pangeran Banawa lan dipati ing Dêmak. Wong padha sadulure dhewe, sanajan kongsia dadi pêrang ya cikmèn. Angur kowe sêdhêkaha, sarta angajèkna marang kang wus seda, supaya kowe oleha sawabe, Senapati inggih amiturut dhatêng ingkang paman.
      Kacariyos ing Pajang inggih saèstu Adipati Dêmak kang jumênêng wontên ing Pajang, sarta kathah babêktanipun tiyang saking Dêmak. Sami agêgriya ing Pajang, kala samantên sawarninipun tiyang ing Pajang kang sami gadhah lêlênggah sabin. Sadaya sami dipun longi sapratigan, kaparingakên dhatêng tiyang babêktan saking Dêmak. Sarta sami kajunjung lênggahipun, sapangkat-pangkat. Dene têtiyang kang sami dipun longi sabinipun wau, sadaya sami sakit manahipun, sarta pamujinipun sami awon. Andadosakên rêsahe nagari ing Pajang, kathah têtiyang alampah durjana, ambegal, ngampak, tuwin mandung, wontên ingkang tilar bale griyanipun, ngalih gêgriya ing Matawis. Mantri pangalasan ing Pajang utusan dhatêng Mataram, asuka pariksa dhatêng Senapati, yèn nagari Pajang samangke sakalangkung rêsah tatanipun, sarta ambêbangus dhatêng Senapati, supados puruna [pu...]
      — 167 —
      [...runa] ambêdhah nagari Pajang, lajêng jumênêng ratu wontên ing ngriku, ing samangsanipun Senapati purun ambêdhah ing Pajang, amêsthi bala ing Pajang sadaya sami ambalik, ambiyantoni dhatêng Senapati. Wangsulanipun Senapati dhatêng utusan. Kowe tutura marang pawong sanakku Ki Pangalasan. Wus bangêt ênggonku narima pangandêle marang aku, nanging aku durung duwe cipta mêngkono, dene yèn wis ana parentahing Allah aku andikakake jumênêng ratu gampang bae angrusak ing Pajang. Utusan wau inggih lajêng mantuk dhatêng Pajang.
      Kacariyos Pangeran Banawa kang wontên ing Jipang, sakalangkung ênggènipun prihatos, kirang dhahar sare, bilih wanci dalu sare naritis. Botên kauban griya. Kala samantên Pangeran Banawa ing dalu supêna, kêpanggih ingkang rama swargi, kadhawahan anyuwuna pitulung dhatêng Senapati ing Ngalaga. Sawungunipun enjing lajêng utusan dhatêng Matawis. Senapati dipun aturi dhatêng Jipang, utusan inggih nuntên mangkat. Sampun kêpanggih kalihan Senapati, ing sadhawahipun Pangeran Banawa inggih sampun kaaturakên sadaya. Panêbahan Senapati ngandika, kongkonan, kowe matura marang adhi mas. Aku diaturi marang Jipang gawene apa, yèn aku bakal dijak ngrêbut nagara [na...]
      — 168 —
      [...gara] ing Pajang, aku suthik. Wong rêbut nagara padha sadulure dhewe, aku suthik milu-milu, lan iku wong wis diparingi nagara dhewe marang kangjêng sultan swargi, ing Mataram iki kang môngka warisku, wis, matura mêngkono bae marang adhi mas. Utusan inggih lajêng mantuk dhatêng Jipang, punapa ing sadhawahipun Senapati inggih sampun kaaturakên sadaya. Pangeran Banawa ngandika, kowe balia maneh mênyang Mataram. Kowe matura marang kakang Senapati, yèn aku biyèn diwêkas marang kangjêng rama swargi, andikakake amiturut sabarang rèhe kakang Senapati, sabab iku kang minôngka gêgêntine kangjêng rama, lan nagara ing Pajang samêngko dakaturake marang si kakang, si kakang dakaturi jumênêng ratu ana ing Pajang, aku lila lair batin. Lan si kakang iku putrane pambarêp marang kangjêng rama swargi, wis wajib yèn anggêntenana jumênêng ratu, yèn Dipati Dêmak kang anggêntèni aku ora lila, angur aku tumuli matia, mênawa si kakang lila ing patiku amêsthi ora anuruti ing aturku iki, wis, tumuli mangkata. Utusan inggih enggal mangkat, sampun kêpanggih kalihan Senapati, sarta angaturakên ing sadhawahipun Pangeran Banawa, botên wontên kalangkungan. Senapati Ngalaga sarêng mirêng aturing utusan, sakalangkung suka galihipun.

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 169 —
      Sarta awêlas dhatêng ingkang rayi, tumuntên ngandika, yèn mêngkono kang dadi karsane adhi mas. Nagara Pajang iku bakal taktêmu pèk. Kowe matura marang adhi mas. Adhi mas dakaturi mrene, lan anggawaa bala sagêgamaning prang, mêtua ing tanah Gunung Kidul. Aku ya bakal amapak ing kono. Utusan lajêng pamit mantuk, lampahipun gêgancangan, sampun panggih kalihan Pangeran Banawa, sarta matur wiwitan dumugi ing wêkasan. Pangeran Banawa sarêng mirêng, sakalangkung suka galihipun. Enggal angundhangi balanipun. Samêkta sagêgamaning prang, lajêng bidhal. Senapati Ngalaga inggih sampun bidhal lan sabalanipun, dhatêng ing tanah Rêdi Kidul. Kèndêl wontên ing dhusun Wêru, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Banawa, lajêng sami rêrangkulan. Kalih-kalihipun sami muwun. Kèngêtan dhatêng kangjêng sultan kang sampun seda, lajêng sami amasanggrahan wontên ing ngriku, sarta sami apirêmbagan ênggènipun badhe ambêdhah nagari ing Pajang.
      Kacariyos bala ing Pajang ingkang lami-lami sampun sami mirêng wartos, yèn Pangeran Banawa akumpul kalihan Senapati, amasanggrahan ing dhusun Wêru, badhe ambêdhah nagari Pajang, bala ing Pajang wau lajêng kathah kang ambalik. Sami andhèrèk gustinipun lami. Wondene ingkang taksih wontên ing Pajang, amung kantun bala [ba...]
      — 170 —
      [...la] bêbêktan saking Dêmak kemawon. Senapati Ngalaga sarta Pangeran Banawa, sarêng aningali bala ing Pajang kathah kang sami êmbalik, sakalangkung suka galihipun. Anyipta yèn gampil bêdhahipun nagari ing Pajang. Senapati ngandika dhatêng Pangeran Banawa, adhi mas, sarèhning bala ing Pajang sampun kathah kang sami nungkul, sarta gêgaman puniki sampun kathah, ing dintên benjing-enjing sumôngga sami bidhal anggêbag ing Pajang, jêngandika anindhihana têtêlukan bala saking Pajang, amêdala korining kitha kang wetan. Kula lan tiyang Mataram sadaya amêdal korining kitha kang kilèn. Pangeran Banawa matur sandika. Ing enjingipun lajêng bidhal. Lampahing baris dados kêkalih, gêgaman tuwin bandera awarni-warni, yèn tiningalan sakalangkung asri. Wondene Adipati Dêmak kang jumênêng wontên ing Pajang, inggih sampun sumêrêp yèn badhe dipun inggahi dhatêng Pangeran Banawa sarta Senapati, Adipati ing Dêmak wau lajêng parentah dhatêng balanipun tuwin tiyang têtumbasan. Baturku têtukon kabèh, wong Bali, Bugis, Mêkasar, kowe padha dingati-ati, kowe bakal padha takdu prang karo Senapati, sakèhe duwèkku êmas lan salaka iki padha gawenên mimis. Sabab Senapati iku wis misuwur yèn kêndêl sarta têguh, lan sabalane kabèh, samangsane kobêdhil ing mimis mas [ma...]
      — 171 —
      [...s] amêsthi bakal pasah, lan satêngahing prang besuk, kowe aja ana kang mundur, amêsthi kowe bakal dakpatèni dhewe, sabab kowe wis padha taktuku. Tiyang têtumbasan wau aturipun sandika, lajêng sami mapan minggah dhatêng balowarti, tuwin tiyang kang saking Dêmak kang dede têtumbasan, inggih sampun sami minggah dhatêng palataraning biting, sarta gêgamanipun sampun sami pirantos, sanjata tuwin waos lan towok. Botên dangu Senapati lan sabalanipun dhatêng saking kilèn. Lajêng dipun karutug ing sanjata, mimis kados garimis. Nanging Senapati lan sabalanipun botên wontên pasah, sarta botên ajrih, Senapati anitih kuda ulês purnamasada, anama Bratayuda, sarêng kadhawahan mimis botên pasah, mimis sami tumèmplèk ing awaking kapal. Yèn tiningalan kados ulês dhawuk. Utawi kang dhawah ing jajanipun Senapati, yèn tiningalan amindha prana, ing awang-awang gumuruh suwaraning suraking jim, pêri, prayangan. Sami atêtulung ing prang dhatêng Senapati. Senapati ngandika sêru dhatêng mêngsahipun. Hèh wong têtukon kabèh, aja kapati-pati ênggonmu prang, kang korêbut apa, kowe ora milu duwe prakara, angur padha lumayua, yèn wis mênang ênggonku prang besuk padha mardikaa. Sakathahe tiyang têtumbasan, sarêng
      — 172 —
      mirêng enggal sami lumajêng, atilar gêgamanipun. Senapati lan sabalanipun sampun dumugi korining alun-alun kang kilèn. Kang baris ing kori ngriku mantri Pajang, anama Kyai Gêdhong sarta akanthi bala ing Dêmak. Senapati anêdha mênganing kori, tiyang Dêmak botên suka, lajêng dipun amuk dhatêng Kyai Gêdhong, bala ing Dêmak kang wontên ing kori kathah pêjah, nuntên sami lumajêng, kori lajêng dipun êngakakên dhatêng Kyai Gêdhong, Senapati sampun lumêbêt ing salêbêting kori, kêpanggih lan Kyai Gêdhong, lajêng ngabêkti. Senapati rumaos kapotangan dhatêng Kyai Gêdhong, lajêng ngandika, Kyai Gêdhong, bangêt panarima kula marang dika, besuk ing saturun dika mugi sampun pisah lan turun kula, yèn mukti ênggih milua, yèn lara ênggih milua. Kyai Gêdhong aturipun nuwun. Lajêng pamit ngamuk dhatêng tiyang Dêmak kang baris ing alun-alun. Senapati anglilani, Kyai Gêdhong nuntên majêng ngamuk. Tinadhahan ing kathah Kyai Gêdhong sampun pêjah. Senapati sakalangkung ngungun. Lajêng sumungkêm ing kêkêpuh, andêdonga ing Allah, ngêningakên tingal. Bala ing Dêmak kang sami baris wontên alun-alun wau lajêng sami prang amuk-amukan sami kancanipun piyambak. Kathah ingkang sami pêjah, nuntên sami lumajêng, pangraosipun Senapati angamuk. Kyai [Kya...]

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 173 —
      [...i] Juru enggal amurugi Senapati, sarta numpak kapal. Senapati taksih sumungkêm ing kêkêpuh, enggal dipun cêluk dhatêng Kyai Juru, Senapati, tangia, aja katungkul ngantuk bae, kowe apa lali yèn iki prang, Senapati kagèt. Lajêng wungu sarta pitakèn. Tiyang Dêmak kang sami baris wau samangke wontên ing pundi, Kyai Juru amangsuli, wis padha lumayu kabèh, ayo banjur nyang kadhaton. Dipati Dêmak kiraku wis wêdi, ora sumêja mapag pêrang, Senapati nuntên tumurun saking kapal. Lumampah dharat dhatêng kadhaton. Kyai Juru pitakèn. Yagene kowe mudhun sêka jaran. Rak bêcik nunggang bae, Senapati mangsuli, milanipun kula mudhun, ing pagêlaran sarta ing sitinggil punika tilas pinarakanipun kangjêng sultan swargi, Kyai Juru inggih lajêng tumut mudhun. Lampahipun sampun dumugi kori sapisan. Garwanipun Dipati Dêmak, putranipun dening sultan swargi enggal amêthukakên, anyungkêmi sukunipun Senapati matur sarwi nangis. Kakang Senapati, rayi sampeyan bojo kula sampun sampeyan pêjahi. Senapati sarêng ningali sarta mirêng aturipun ingkang rayi awêlas ing galihipun. Lajêng ngandika, yayi, wis, mênênga, aja nangis. Bojomu ora-orane dakpatèni, mung dakkapokake bae,
      — 174 —
      sabab ênggone dadi ratu ana ing Pajang iki ora bênêr, yèn bojomu wis ngrasa kalah, jakên marang ing sitinggil sarta bandanên. Pratandhane yèn wis kalah ênggone prang lan aku. Senapati lajêng dhatêng ing sitinggil, lênggah kalihan Ki Juru, Pangeran Banawa lan sabalanipun inggih sampun dhatêng wontên ing sitinggil. Wondene garwanipun Dipati Dêmak wau inggih lajêng lumêbêt ing kadhaton. Dipati Dêmak sampun binêsta ing cindhe, nuntên binêkta dhatêng sitinggil, ingiringakên garwanipun, sarta para èstri kathah, alênggah tumungkul wontên ing ngarsane Senapati sarta Pangeran Banawa. Senapati ngandika dhatêng Dipati Dêmak. Adipati Dêmak, karaton Pajang iki dudu warismu, kang duwe waris adhiku Pangeran Banawa, iku kang sayoga anggêntenana kangjêng sultan swargi, dene warismu dhewe ing Dêmak. Kowe tumuli muliha marang ing Dêmak. Hèh wongku ing Mataram, kowe padha angatêrna marang Adipati Dêmak. Sarta salong amikula tandhune, bêbandane aja kouculi, besuk yèn wis têka ing Dêmak bae uculana. Bala ing Mataram matur sandika, Dipati Dêmak sagarwaputranipun sampun kaangkatakên, dipun tandhu sarta ingurung-urung gêgaman.
      Senapati Ngalaga sarta Pangeran Banawa lan sabalanipun [sabala...]
      — 175 —
      [...nipun] lajêng sami kasukan. Bawanipun mêntas mênang prang, dados anutugakên ing sakarsa-karsanipun ênggènipun sami kasukan. Pangeran Banawa matur dhatêng ingkang raka Senapati, kakang, sampeyan kula aturi jumênêng ratu wontên ing Pajang ngriki, anggêntosana rama jêngandika swargi, sabab sampeyan putra kang sêpuh piyambak. Kula lila ing lair batin, sarta kula narima anyatriya kemawon. Punapa malih kang warni rajabrana têtilaranipun swargi, kula inggih anyumanggakakên ing sampeyan. Senapati amangsuli, adhi, sampun sangêt panrima kula ing pangandêl dika marang kula, nanging kula botên purun jumênêng ratu wontên ing Pajang ngriki, kula bakal jumênêng ratu wontên ing Mataram kemawon. Sabab punika pêparinge kangjêng rama sultan swargi, kalih dene sampun pinêsthi karsaning Allah, kula lan saturun kula bakal jumênêng ratu gêdhe wontên ing Mataram. Dene ing Pajang ngriki, jêngandika kang bakal kula jumênêngakên ratu, anggêntosana kangjêng rama sultan swargi, amung kang rupa barang wasiyate kemawon kula jaluk. Gong Kyai Sêkar Dalima, kêndhali Kyai Macan Guguh, cêkathakan Kyai Gathayu, lan sapanunggalane kang jênêng bêbêrkatan. Pangeran Banawa inggih nyumanggakakên. Lajêng sami lumêbêt ing kadhaton. Sarêng ing wanci enjing [e...]
      — 176 —
      [...njing] sawarnine babêrkatan ingkang rumiyin-rumiyin lajêng sami kawêdalakên saking kadhaton, badhe kabêkta dhatêng Matawis. Senapati Ngalaga sarta Pangeran Banawa nuntên miyos dhatêng pagêlaran. Senapati pinarak ing dhampar mas alêlèmèk babud. Ingadhêp para mantri tuwin para bupati, cahyanipun mancorong, Pangeran Banawa inggih kasandhing lênggah, Senapati angandika dhatêng kang sami sowan sadaya, para bupati mantri kabèh, sira padha nêksenana, yèn adhiningsun Pangeran Banawa ingsun jumênêngakên sultan, amêngku nagara Pajang, anggêntèni ingkang rama swargi. Para bupati mantri sadaya sami jumurung, sarta sami sangsaya ajrih dhatêng Senapati, sabab botên nyana yèn Pangeran Banawa ingkang dipun jumênêngakên. Senapati lajêng amulang dhatêng ingkang rayi, bab rumêksanipun ing nagari, sampun ngantos kirang ing pangatos-atos. Sarta kapurih gadhaha tiyang tigang prakawis. Kang rumiyin pandhita, kaping kalih tiyang petang iladuni palak palakiyah, kaping tiga tiyang ahli tapa, yèn dika pakèwêdan amranata nagara, atakena dhatêng pandhita, yèn dika ajêng sumêrêp ingkang dèrèng kêlampahan, atakena dhatêng tiyang petang iladuni palakiyah, yèn dika ajêng sumêrêp ing kasêktèn, atakena dhatêng tiyang ahli tapa. Pangeran Banawa aturipun nuwun. Senapati

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 177 —
      nuntên pamit. Sumêja kondur dhatêng ing Matawis. Lajêng bidhal sabalipun, sampun dumugi ing Matawis.
      Senapati Ngalaga lajêng jumênêng sultan wontên ing Matawis. Nanging botên karan, têtiyang kathah sami amastani Panêmbahan Senapati kemawon.
      Kala samantên Panêmbahan Senapati anjunjung nama dhatêng ingkang rayi, ingkang sami diwasa, Radèn Tompe kaparingan nama Pangeran Tumênggung Gagakbaning, radèn mantri kaparingan nama Pangeran Singasari, Radèn Jambu kaparingan nama Pangeran Mangkubumi, putranipun Panêmbahan Senapati satunggil jalêr sampun diwasa, patutanipun kalihan èstri saking Kalinyamat, putra wau anama Radèn Rôngga.
      Kacariyos Radèn Rôngga wau sakalangkung digdaya, rosa sarta têguh, watêkanipun panasbaran sarta cêngkiling, asring nampiling tiyang rêmuk sirahipun lajêng pêjah. Wontên tiyang nênêka saking Bantên satunggil, sumêja ngayoni karosanipun Senapati, lajêng dipun panggihi dhatêng Radèn Rôngga, sami ngabên karosan. Tiyang ing Bantên kawon. Inggih sampun pêjah amargi dipun tampiling. Sarêng kauningan ingkang rama, Radèn Rôngga dipun dukani, lajêng dipun kèn mutung jêmpole suku ingkang rama, Panêmbahan ngraos sakit. Radèn Rôngga
      — 178 —
      dipun kipatakên malêsat. Radèn Rôngga sangêt isin dhatêng tiyang kathah, lajêng sumêja kesah, botên purun mêdal ing kori, anumbuk pagêr banon. Pagêr bolong satiyang, Radèn Rôngga sumêja purik dhatêng Pathi, dipun kèn nututi dhatêng ingkang rama, kapurih wangsula, ingkang nututi lajêng dipun pipit ing suku sampun pêjah. Radèn Rôngga lajêng dhatêng ing Pathi tuwi ingkang paman. Sang dipati ing Pathi pinuju lênggah ing paseban jawi, sangajênge paseban ngriku wontên sela agêng satunggil. Sang dipati sarêng aningali kapenakanipun dhatêng, enggal dipun awe, Radèn Rôngga wau sarèhning ênggènipun lumampah lêrês ing panggenan sela, botên purun nyimpang, sela lajêng katumbuk balêdug. Tiyang ing Pathi sami eram sadaya. Sarêng sampun lami ênggènipun wontên Pathi, Radèn Rôngga nuntên mantuk dhatêng Matawis. Wontên ing margi ningali tiyang tapa satunggil. Asêsèndhèn wit asêm. Lajêng dipun candhak kasêmpal-sêmpal sampun pêjah, Radèn Rôngga lajêng lampahipun dumugi ing Matawis. Panêmbahan sarêng aningali ingkang putra dhatêng nuntên dipun timbali sarta andikakakên anggêguru dhatêng Ki Juru Martani, supados wêwaha ing kasêktènipun tuwin kasagêdan sanèsipun. Radèn Rôngga matur sandika, lajêng mangkat dhatêng dalêmipun kang eyang Kyai Juru, Radèn Rôngga wicantên salêbêting [sa...]
      — 179 —
      [...lêbêting] manah, aku iki wis angluwihi ing sapêpadhaku, môngka isih dikon ênggêguru marang eyang Juru, sing tak guroni apane. Lampahipun sampun dumugi ing dalême kang eyang, Kyai Juru pinuju salat wontên ing masjid alit. Radèn Rôngga lajêng lênggah wontên ing undhak-undhakaning masjid, kang dipun damêl sela kumlasa, sela kumlasa wau dipun cublêsi ing dariji dhatêng Radèn Rôngga kados anyublêsi siti ingkang êmpuk. Sela kumlasa pating dharêkok tatu dariji. Kyai Juru sabakdane salat luhur nuntên mêdal saking masjid. Kagèt aningali ingkang wayah anyublêsi sela, lajêng ngandika, Radèn Rôngga, watu kocublêsi iku apa ora atos. Sela wau inggih lajêng atos sami sakala, dipun cublês botên pasah, Radèn Rôngga wicantên salêbêting manah, bênêr rama Senapati, aku dikon anggêguru marang eyang Juru, wong tuwa mono ora kêna diungkuli marang wong nom, ing kasêktène utawa ngèlmu liyane. Radèn Rôngga lajêng nyuwun wulang dhatêng ingkang eyang, Kyai Juru inggih kathah pêparingipun wulang dhatêng ingkang wayah, Radèn Rôngga tumuntên mantuk.
      Sarêng sampun lami Radèn Rôngga mirêng pawartos, yèn ing Patalan wontên sawêr agêng, anglangkungi galak. Asring nguntal tiyang langkung, lajêng dipun purugi dhatêng Radèn [Radè...]
      — 180 —
      [...n] Rôngga, sawêr enggal anyandêr, nyakot sarta mulêt. Radèn Rôngga panggah, cinakot botên pasah, pinulêt botên ebah, sawêr lajêng kinêthok-kêthok sampun pêjah, Radèn Rôngga nuntên mantuk. Dumugining dalêm lajêng gêrah andadosakên ing sedanipun.
      Kacariyos Panêmbahan Senapati sampun tulus ênggènipun mukti wontên ing Mataram, sarta sampun apêputra sanga, pambajêngipun Radèn Rôngga kang sampun pêjah wau, ingkang rayi nama Pangeran Pugêr, tiga Pangeran Purbaya, sakawan Pangeran Jayaraga, gangsal Pangeran Juminah, nêm nama Panêmbahan Krapyak, timuripun anama Radèn Jolang, punika kang dipun gadhang anggêntosi jumênêng ratu, pitu Pangeran Pringgalaya, wolu èstri, krama angsal Radèn Dêmang Tanpanangkil, sanga èstri malih, krama angsal Pangeran Têpasana, Kyai Juru Martani kaangkat nama Dipati Môndaraka.
      Kacariyos Pangeran Banawa ing Pajang ênggènipun jumênêng sultan sawêg sataun lajêng seda, nuntên kagêntosan ingkang rayi Panêmbahan Senapati, anama Pangeran Gagakbaning, kadadosakên dipati ing Pajang, bala ing Pajang suyud sadaya, parentahipun ajêg, nanging botên purun ngênggèni padalêman lami, mingsêr mangetan, pagêring kitha kaêlar, ing ngriku wontên makam mukmin saking [sa...]

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 181 —
      [...king] Ngarab, inggih kalêbêtakên ing pagêr kitha, kapêndhêt sawabipun. Kitha ing Pajang samangke dhapur pasagi, botên lami Pangeran Gagakbaning wau lajêng seda, kapêtak ing Matawis. Nuntên kagêntosan ing putranipun anama Pangeran Pajang.
      Kala samantên Panêmbahan Senapati utusan dhatêng Giri sarta mawi sêrat. Panêmbahan Senapati badhe angyêktosakên wirayatipun Sunan Giri, kalanipun Sultan Pajang sowan dhatêng Giri rumiyin. Utusan inggih sampun mangkat. Sunan Giri nuju sineba ing balanipun. Utusan saking Matawis lajêng ngaturakên sêrat. Sunan Giri sasampuning maos sêrat mèsêm sarwi ngandika, kongkonan, kowe tutura marang Ki Senapati, yèn arêp anyatakake wirayatku, konên anglurug marang bang wetan. Wirayatku iki wis pinêsthi karsaning Allah, yèn ratu ing Mataram besuk bakal angrèh wong tanah Jawa kabèh, sanajan ing Giri kene besuk ya têluk marang ing Mataram. Sabab karsaning Allah iku wis ora kêna owah, ginawe jaman walikan. Gusti dadi kawula, kawula dadi gusti, pratandhane wis ana ing Pajang lan ing Mataram iku. Utusan lajêng pamit mantuk. Sampun dumugi ing Matawis, matur ing wiwitan dumugi ing wêkasan. Panêmbahan Senapati ngandika dhatêng kang paman Dipati [Dipa...]
      — 182 —
      [...ti] Môndaraka, paman, kula badhe tumuntên mangkat ngalurug dhatêng bang wetan. Angkat kula benjing wulan Mukaram. Kula anurut kalanipun Sultan Pajang sowan dhatêng Giri rumiyin pinuju wulan Mukaram. Kalih dene sampeyan amarentahana dhatêng Adipati ing Pathi, Dêmak, Garobogan, kang sampun sami karèh ing kula, sami asaosa gêgamaning prang, benjing yèn kula mangkat sampuna ngalêmpak wontên ing Pajang, Ki Dipati Môndaraka matur sandika. Sarêng dumugi ing wulan Mukaram, Panêmbahan lajêng bidhal lan sabalanipun, tuwin nagari kang sampun sami karèh tiyangipun inggih andhèrèk sadaya, sumêja anêlukakên nagari bang wetan kang dèrèng nungkul. Lampahipun anjujug ing Japan.
      Kacariyos pangeran ing Surabaya, punika kang dados pangagêngipun para bupati ing bang wetan, sampun mirêng pawartos yèn Senapati ing Mataram sumêja anêlukakên nagari bang wetan sadaya, Pangeran Surabaya wau enggal utusan. Angaturi para bupati ing Tuban. Sadayu, Lamongan, Garêsik, Lumajang, Kartasana, ing Malang, Pasuruan, Kadhiri, Wirasaba, Balitar, Pringgabaya, Pragunan, Lasêm, Madura, Sêmênêp, Pakacangan. Sadaya wau inggih sampun sami dhatêng sabalanipun wontên ing Japan. [Japa...]
      — 183 —
      [...n.] Sumêja sami mêthukakên prangipun Senapati, wondene Panêmbahan Senapati lan sabalanipun inggih sampun dhatêng wontên ing Japan. Gêgamanipun sampun sami ajêng-ajêngan. Anuntên wontên utusanipun Sunan giri, sarta ambêkta sêrat. Sadhatêngipun ing Japan, lajêng damêl pasanggrahan piyambak. Nuntên angaturi Panêmbahan Senapati, sarta Pangeran Surabaya tuwin para bupati sadaya, inggih sampun sami dhatêng wontên ing pasanggrahan ngriku, atata sami lênggah, utusan ing Giri wicantên. Para priyantun agêng-agêng sadaya, kula dipun utus ing Kangjêng Sinuhun Giri, amaringakên sêrat, kula waose piyambak, sami kamirêngêna, utusan Giri lajêng maos. Ungêling sêrat. Layang Ingsun Kangjêng Sunan Giri dhawuha marang putraningsun Senapati ing Mataram. Lan dhawuha marang putraningsun Pangeran Surabaya, liring layang, ênggonira bakal pêrangan iku ingsun ora anglilani, karana bakal akèh pêpati, angrusakake wong cilik. Ing mêngko sira wong loro amiliha, isi lan wadhah, yèn sira wis padha milih isi lan wadhah mau, ing sasênêngira dhewe-dhewe, tumuli padha atuta, lan padha sokura ing Allah, nuli padha muliha marang nagaranira dhewe-dhewe, lan ing besuk manawa ana karsaning Allah, [A...]
      — 184 —
      [...llah,] sira padha tinitah luhur utawa andhap, anarimaa ing papêsthèn. Titi. Senapati tumuntên ngandika dhatêng Pangeran Surabaya, adhi ing Surabaya, kadospundi kang dados karsa sampeyan, mênggah dhawahipun Sunan Giri, kula lan sampeyan andikakakên milih, isi lan wadhah, sampeyan milih kang pundi, kula nyarah kemawon. Pangeran Surabaya sumaur, kakang Senapati, kula amilih isi kemawon sampeyan wadhahipun. Panêmbahan Senapati inggih sampun narimah tampi wadhah. Sarêng sampun ênggènipun sami pilih-pinilih, lajêng sami bibar mantuk dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Utusan ing Giri inggih sampun mantuk, sarta sampun matur ing Gustinipun. Sunan Giri sarêng mirêng ing aturing utusan lajêng ngandika, wruhanira, wis pinêsthi karsa Allah, Senapati ênggone anampani wadhah iku wis kabênêran. Wadhah iku nagara, isi iku wonge, ing samangsane uwong ora anurut marang kang duwe bumi amêsthi bakal ditundhung. Kacariyos Pangeran Surabaya utusan ananêm Bupati wontên ing Warung tanah Blora, inggih sampun kêlampahan. Sarêng kauningan dhatêng Panêmbahan Senapati, lajêng katêlukakên. Yèn botên purun têluk, botên suka anganciki siti ing Warung Blora, [Blo…

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 185 —
      [...ra,] sabab siti ing ngriku wau gadhahanipun Senapati, bupatosipun inggih sampun têluk dhatêng Mataram. Utawi sakiwa têngên ing ngriku inggih sampun sami têluk dhatêng Mataram. Ingkang mogok kagêbag ing prang. Anuntên Panêmbahan ing Madiun kalêmpakan kalihan para bupati ing bang wetan, ingkang dèrèng sami têluk dhatêng ing Mataram. Sumêja sami badhe ambêdhah nagari ing Mataram. Sabab Senapati punika kaupamekakên latu sakonang, prayogi nuntên kasiram ing toya, supados sampun ngantos ngômbra-ngômbra, para bupati wau inggih sampun sami rêmbag. Nuntên sami anglêmpakakên bala wontên ing Madiun, sarta samêkta sagêgamaning prang, sakalangkung agêng barisipun.
      Wondene Panêmbahan Senapati inggih sampun ingaturan pariksa dhatêng abdinipun têlik yèn Panêmbahan Madiun akanthi bupati kathah, badhe anggêbag ing Matawis. Panêmbahan Senapati enggal angundhangi balanipun. Angrakit gêgamaning prang, lan angêrigi nagari kang sampun sami kaêrèh. Sarêng sampun sami ngalêmpak pinuju ing wulan Mukaram. Panêmbahan Senapati lajêng budhal sabalanipun. Kyai Dipati Môndaraka inggih tumut. Lampahipun sampun dumugi sakilèning kitha Madiun. Amasanggrahan ing dhusun Kalidhadhung, sakilèning bangawan Madiun, ajêng-ajêngan
      — 186 —
      kalihan mêngsah, nanging êlêt banawi. Panêmbahan Senapati sarêng sumêrêp mêngsahipun sakalangkung kathah, balanipun piyambak amung sakêdhik. Lajêng pirêmbagan kalihan Ki Dipati Môndaraka angupados akal. Sarêng sampun angsal akal, senapati nuntên ngandika dhatêng abdinipun èstri, anama Adisara, sakalangkung ayu warninipun. Adisara, kowe mênyanga kutha Madiun. Layangku iki aturna marang Panêmbahan Madiun. Unine layang iki, aku asêngadi têluk. Kang supaya ilanga pangati-atine, utawa ambubarna bêbarisane, kajabane nglayang môngsa bodhoa kowe gonmu murih lunture sihe marang aku, lan sira anganggo-anggoa sarta pêpaesa kang bêcik, sarta anungganga jolang, dene kang mikul jolangmu lan kang anggawa upacaramu prajuritku Jayataka wong patang puluh iku, yèn kowe dèn ganggu-ganggu marang para santana ing Madiun, ya ladenana sajabane paremana, naging aja nganti anjêroni. Bok Adisara aturipun sêndika, lajêng dandos busana kang sae-sae, sarta apêpaès. Warninipun sakalangkung ayu, kang aningali sami kasmaran. Nuntên mangkat anumpak jolang, sarta pinayungan, ingiring upacara amindha putri, lampahipun anêrak bêbarisan agêng ing Madiun. Tiyang ingkang bêbarisan [bê...]
      — 187 —
      [...barisan] botên wontên kang nyujanani, sabab sami sumêrêp yèn kang dèn dhèrèk priyantun èstri, malah sami ningali sarta pitakèn, punika sintên. Wangsulanipun tiyang Matawis. Punika raja kula ing Mataram angaturi panungkul. Tiyang ing bêbarisan sarêng mirêng sakalangkung sami suka manahipun, anyipta yèn botên siyos prang.
      Kacariyos Panêmbahan Madiun punika putranipun Sultan Dêmak. Ingkang nanêm bupatos Sultan Pajang swargi. Panêmbahan Madiun sampun pêputra kêkalih, èstri satunggil, jalêr satunggil, pambajêngipun èstri sakalangkung ayu warninipun sarta sampun diwasa, anama Rêtna Jumilah, ingkang rayi anama Mas Lonthang, Rêtna Jumilah wau dipun taros krama botên purun.
      Wangsulanipun, inggih badhe purun krama yèn wontên marasêpuh anyêmbah dhatêng mantunipun, lan gadhah pêpanggil lading panyukur, ing saupami tiyang jalêr kapêrang ing lading, panyukur botên pasah, Rêtna Jumilah inggih purun kapêndhet garwa, yèn botên makatên inggih botên purun krama ing salaminipun. Kala sêmantên Panêmbahan Madiun pinuju lênggah wontên ing dalêmipun, ingadhêp para santana tuwin putrinipun. Kagèt aningali dhatêngipun Bok Adisara, dumrojog tanpa larapan. Lajêng anyungkêmi sukunipun panêmbahan. [panêmbaha...]
      — 188 —
      [...n.] Panêmbahan alon andangu, kowe iki wong saka ngêndi lan jênêngmu sapa. Bok Adisara matur nêmbah, kula kengkenanipun abdi sampeyan Senapati ing Mataram. Nama kula pun Adisara, kula dipun utus angaturakên sêrat panungkul ing sampeyan. Sêrat lajêng tinampèn sarta winaos. Ungêling sêrat, Senapati anungkul sarta nêja ngawula, lan angaturakên nagari ing Matawis. Panêmbahan sasampuning maos sêrat lajêng ngandika, Adisara, kowe tutura marang anakku Senapati, aku ora niyat mungsuh marang dhèwèke, para bupati akèh iku kang bakal mungsuh marang Senapati, aku lan sabalaku dhewe ora milu-milu, sêrèhning bêndaramu wis sumêja nungkul marang aku mêngkono, para bupati akèh iku ya dakbubarne, sênajan padha abakal mungsuh marang Senapati aja pakumpulan ing nagara kene. Panêmbahan inggih lajêng angutus santananipun, andikakakên andhawahi para bupati ambibarna barisipun, sarta amisuwurakên yèn Senapati sampun têluk. Para bupati lan sabalanipun wau inggih lajêng wontên ingkang bibar, wontên ingkang taksih kantun wontên ing ngriku. Wondene bok Adisara wau sarêng mirêng pangandikanipun Panêmbahan Madiun, sakalangkung suka manahipun sarta matur, gusti, abdi [a...]

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 189 —
      [...bdi] sampeyan Senapati anyuwun kêkolohe pada sampeyan. Badhe dipun unjuk sarta kadamêl adus, supados andadosna kawilujêngan katêguhanipun. Akathah-kathah aturipun Bok Adisara wau gènipun amurih lunture sihipun panêmbahan dhatêng Senapati. Panêmbahan inggih lajêng anuruh padanipun ing toya, Adisara anadhahi ing bokor salaka, panêmbahan sarwi ngandika, Adisara, bêndaramu takpèk anak. Taksadulurake lan anakku loro, wadon siji, lanang siji, Adisara sakalangkung panuwunipun. Lajêng pamit mantuk dhatêng pasanggrahan. Senapati Ngalaga sarêng aningali Adisara taksih sae paèsipun, sakalangkung suka ing galihipun, lajêng andangu, Bok Adisara inggih matur ing wiwitan dumugi wêkasan, sarta matur yèn Panêmbahan Madiun darbe putra èstri, botên purun krama yèn botên wontên marasêpuh anyêmbah dhatêng mantunipun, sarta gadhah pêpanggil lading panyukur, Panêmbahan Senapati mirêng aturipun Bok Adisara sangêt suka ing galihipun. Sarta anggunggung dhatêng bok Adisara.
      Ki Dipati Môndaraka ngandika dhatêng Senapati, thole, sarèhning kowe sumêja dadi ratu, amêngku ing tanah Jawa kabèh, bêcike kowe sebaa ing Sunan [Su...]
      — 190 —
      [...nan] Kalijaga ing Ngadilangu, anyuwuna kagungane rasukan, Kangjêng Kyai Gundhil atawa Kyai Ôntakusuma, dene caritane Kyai Gundhil mau mangkene, nalikane para wali padha angêdêgake masjid Dêmak, iku banjur padha dhikir ana sajroning masjid. Nuli ana buntêlan tiba saka ing dhuwur, kang kabênêr anduwèni Sunan Kalijaga, buntêlan mau barêng didêlêng rupa walulang wêdhus. Pasujudane Kangjêng Nabi Mukhammad. Sarta rupa jarit sal agême Kangjêng Rasul. Banjur digawe klambi marang Sunan Kalijaga. Sunan Bonang takon sababe digawe klambi, Sunan Kalijaga amangsuli, mulane digawe klambi, sabab bakal dadi panganggone para ratu kang angrèh ing tanah Jawa. Kang iku Senapati, yèn kulambi mau kosuwun diparingake, bakal andadekake pratôndha, yèn kowe bakal tulus dadi ratu ana ing Mataram, tumurun ing anak putumu, yèn ora diparingake, ya bakal ora tulus ênggonmu dadi ratu. Senapati Ngalaga sarêng mirêng pangandikane kang paman sakalangkung suka manahipun. Lajêng mangkat amung ambêkta rencang sawatawis sami kêkapalan sadaya, ikang têngga bêbarisan Ki Dipati Môndaraka. Sadhatêngipun ing Ngadilangu inggih sampun kêpanggih kalihan sang pandhita, Senapati matur nyuwun saratipun tiyang prang, sampun ngantos [nganto...]
      — 191 —
      [...s] kadhawahan mimis supados wiyanaa, sang pandhita inggih lajêng amaringi rasukan kang nama Kyai Gundhil utawi Ôntakusuma wau. Senapati inggih nuntên wangsul dhatêng bêbarisan malih.
      Sarêng sanèsing dintên malih Senapati Ngalaga sumêrêp, yèn barisan ing Madiun salong bibar, ingkang taksih kantun sangêt weya, Senapati lajêng parentah anata balanipun kapara tiga, sumêja anggêbag bêbarisan Madiun, sampun sami jangji, ing wanci byar sampuna sami dumugi sawetan banawi, sarêng sampun sami samêkta, gêgaman agêng ing dalu lajêng sami nyabrang mangetan. Ing wanci byar sampun sami dumugi sabrang wetan. Lajêng sarêng umangsah ing prang, gumuruh swaraning surak. Sarta anitir bêndhe, sarwi ambêsmèni griya. Bala kang sami bêbarisan ing Madiun kagèt. Gugup ênggènipun nadhahi, lajêng prang rame, kathah kang sami pêjah. Senapati anitih kapal napas madu anama Puspakancana, sarta ngagêm rasukan Ôntakusuma, lajêng ngamuk kalihan waos. Bala bang wetan kathah kang pêjah, bala bang kilèn sakêdhik kang pêjah, lajêng dhadhal ing sapurug-purug. Sarêng wanci lingsir wetan titihanipun Senapati pêjah, amargi kataton. Nanging taksih kenging kadamêl prang, sarêng ing wanci lingsir kilèn Kyai Dipati Môndaraka sumêrêp sarta pitakèn. [pita...]
      — 192 —
      [...kèn.] Senapati, jaranmu iku wis mati, kok isih kotunggangi, kapal wau inggih lajêng rêbah, Senapati malumpat sarwi wicantên. Paman, sampeyan punika dahwèn. Kapal kula punika gènipun pêjah kala lingsir wetan. Sawêk ambruk sapuniki. Senapati lajêng ngandika prasapa, besuk saturunku aja ana kang nunggang jaran napas, manawa ora kaya aku, Senapati lajêng lampahipun sumêja lumêbêt kadhaton Madiun.
      Kacariyos Panêmbahan Madiun sampun ingaturan uninga dhatêng balanipun, yèn Senapati anggêbag ing prang, ênggènipun ngaturi sêrat panungkul rumiyin kadamêl samudana kemawon. Balanipun para Bupati bang wetan tuwin bala Madiun sampun kathah kang pêjah, ingkang taksih sami gêsang sampun sami lumajêng sadaya, kantun tiyang salêbêting kadhaton punika, sajawining kadhaton sampun sami dipun jarah rayah dhatêng bala Matawis. Panêmbahan sarêng mirêng sakalangkung gêtun, sarwi ngandika, aku ora nyana yèn kaya mêngkene karêpe Senapati, dadi kêna dijênêngake Martawisa, marta lahire, batine wisa. Panêmbahan lajêng parentah dandos dhatêng garwa tuwin putranipun jalêr, sumêja kabêkta lolos. Nuntên ngandika dhatêng putranipun èstri kang nama Rêtna Jumilah, anakku ni putri, kowe [

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 193 —
      [...we] kèria tunggu kadhatonmu, sabab wis lumrahe yèn wong kalah pêrang iku dirayah sabarang duweke, lan diboyong putrine, karo dene yèn kowe ora sumurup, mulane Senapati iku kapati-pati ambêdhah nagaraku, ya kowe kang dirêbut. Rêtna Jumilah sarêng mirêng dhawahipun ingkang rama, lajêng anangis sarta aniba ing siti botên emut. Ingkang ibu tuwin para abdi inggih tumut nangis sadaya. Panêmbahan ngandika dhatêng êmban tuwin inyanipun sang putri punapa dene abdi èstri ingkang badhe katilar, kowe padha kèria atunggu gustimu, ora-orane kowe nêmu pati, lan gustimu yèn mêngko wis eling, krisku wasiyat iki wèhêna, jênênge Si Gumarang. Dhuwung sampun katampèn dhatêng êmbanipun sang putri, panêmbahan lajêng bidhal. Garwa tuwin putranipun jalêr botên kantun. Lampahipun mangetan, sumêja dhatêng Wirasaba. Wondene sang putri ingkang katilar wau inggih sampun emut saking anggènipun kantaka, êmban angaturakên dhuwung, sang putri sarêng sampun nampèni dhuwung anyipta sarênga pêjah kalihan Senapati, sang putri nuntên dandos cara jalêr, angagêm dhuwung, anyothe pistul, anyanthing sarampang, lajêng lênggah satêngahing dalêm.
      Senapati Ngalaga inggih sampun sumêrêp ing wartos. [war...]
      — 194 —
      [...tos.] Yèn Panêmbahan Madiun sampun atilar nagari, putranipun èstri katilar wontên kadhaton. Senapati sakalangkung suka manahipun. Enggal lumêbêt ing kadhaton. Sarêng dumugi palataraning dalêm, lajêng dipun pistul dhatêng sang putri, nuntên kasawat ing sarampang, Senapati kenging jajanipun botên pasah, eca anggènipun lumampah kemawon. Sang putri enggal narik dhuwungipun wasiyat, sarta wicantên. Yèn kowe ora pasah taksuduk kêrisku iki nyata yèn têguh. Senapati sarêng aningali sang putri angunus dhuwungipun wasiyat, ajrih anyêlaki, nuntên kèndêl jumênêng wontên korining dalêm. sarta wicantên angrêrêpa aminta sihipun sang putri, akathah-kathah wicantênipun Senapati wau, amurih sang putri asiha dhatêng piyambakipun. Sang rêtna sarêng mirêng lajêng ical dukanipun. Karaos ing galihipun. Sariranipun lêsu, lênggah sarwi mengo, panyêpêngipun dhuwung rêntah botên sumêrêp. panêmbahan enggal amurugi, dhuwung sampun kapêndhêt kawrangkakakên lajêng cinêngkêlit.[1] Senapati lênggah nyandhing sang putri sarwi angungrum dhatêng sang putri, sang rêtna wicantên, Senapati, pêpanggilku kèri siji, yèn kowe ora pasah dakprang ladingku panyukur iki, aku ya gêlêm kopotha-potha, Senapati inggih lajêng dipun prang, lading panyukur ngantos melot [me...]
      — 195 —
      [...lot] landhêpipun. Senapati botên pasah, sang putri enggal pinodhong dhatêng pasarean, andumugèkakên karsanipun. Sang putri wau sampun kapundhut garwa dhatêng Senapati, dhuwung wasiyatipun sang putri kaêlih nama Kyai Gupita.
      Ing enjingipun Senapati miyos sinewaka ing balanipun, tuwin para bupati ingkang sami sampun kaêrèh inggih sowan sadaya, Dipati ing Pathi sumêrêp yèn Senapati amêndhêt garwa, sangêt sakite manahipun. Lajêng pamit mantuk asêngadi nagarinipun kadhatêngan mêngsah, dipun ampah botên kenging, amêksa mantuk, sampun bidhal. Sapêngkêripun Dipati Pathi Senapati ngandika dhatêng Ki Môndaraka, paman, yèn sampeyan botên sumêrêp, pun adhi ing Pathi badhe ambalik. Sumêja amêngsah ing kula, Ki Dipati Môndaraka sangêt anggènipun gêtun. Senapati Ngalaga lajêng bidhal sabalanipun. Sumêja ambêdhah ing Pasuruan. Garwanipun putri ing Madiun inggih binêkta, lampahipun sampun dumugi watêse nagari Pasuruan. Lajêng masanggrahan wontên ing ngriku.
      Kacariyos Dipati Pasuruan sampun mirêng pawartos. Yèn nagarinipun badhe kabêdhah dhatêng Senapati, Dipati Pasuruan sangêt ajrih, sumêja nungkul kemawon. Sampun acawis rajabrana, badhe kaaturakên [kaatur...]
      — 196 —
      [...akên] kang minôngka pratôndha ing panungkulipun.
      Anuntên wontên kalerehanipun bupati satunggil, anama Kanitèn. Punika sagah amêthukakên prangipun Senapati, atandhing sami ijèn. Inggih sampun dipun kèn mangkat dhatêng Dipati Pasuruan. Ki Kanitèn inggih lajêng mangkat, ingiring bala sawêtawis. Wondene Senapati inggih sampun sumêrêp, yèn wontên tiyang kang badhe mêthukakên prangipun. Senapati nuntên bidhal saking pasanggrahan, angagêm busana sarwa wulung sarta numpak kapal. Amung ambêkta bala kawan dasa, inggih sami ngangge sarwa wulung, asikêp waos sadaya. Wontên ing margi nuntên kêpêthuk kalihan Ki Kanitèn. Sarta dipun takèni, wangsulanipun Senapati, angakên lurah prajurit numbak cêmêng abdinipun Senapati, kautus amêthukakên prangipun Ki Kanitèn. Ki Kanitèn inggih pitados kemawon. Lajêng sami prang ijèn sarta numpak kapal. Balanipun sami nyuraki kemawon. Dangu anggènipun sami prang waos. Senapati nuntên andêdonga ing Allah, supados sagêda angawonakên pêrangipun Ki Kanitèn. Senapati nuntên amaos. Ki Kanitèn kenging gandhunipun botên pasah nanging lajêng dhawah saking kapal. Sarta lajêng kumpuh,[2] karosanipun ical. Ki Kanitèn nuntên dipun tumpakakên [tumpa...]

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 197 —
      [...kakên] kapal èstri lêlagaran pincang kêndhangsulipun dhadhung, kaantukakên dhatêng kitha Pasuruan. Ingiringakên tiyang kawan dasa wau, Senapati wangsul dhatêng pasanggrahanipun. Wondene Ki Kanitèn inggih sampun dhatêng ngarsanipun sang Dipati Pasuruan. Matur yèn sampun kawon prangipun kalihan lurah numbak cêmêng ing Matawis. Sang Dipati Pasuruan ngandika, yèn kowe ora sumurup. Baturmu prang mau ya ika Senapati, Ki Kanitèn matur malih, upami yèn kula wau sumêrapa, kang prang kalihan kula punika Senapati, amêsthi kula botên purun mantuk. Kula pilalah pêjah. Sang dipati mirêng atur mêkatên lajêng duka, Ki Kanitèn andikakakên madung gulunipun. Wadungipun ngantos tugêl. Ki Kanitèn botên pasah, lajêng dipun soki worworan timah cangkêmipun, Ki Kanitèn sampun pêjah.
      Sang dipati nuntên angganjar dhatêng tiyang kawan dasa abdinipun Senapati wau, sarta anglampahakên utusan angaturakên panungkul rajabrana warni-warni, lan angaturakên nagari ing Pasuruan. Utusan inggih lajêng mangkat. Sampun kêpanggih kalihan Senapati, sarta angaturakên bêbêktanipun sadaya. Senapati sakalangkung suka ing galihipun, sarta ngandika, kongkonan, matura marang gustimu, aku banjur mulih marang
      — 198 —
      Mataram. Gustimu têtêpa ana nagarane bae, dene yèn ana parentahe para bupati ing bang wetan kene, ya dituruta bae, aja ambêngkalahi. Senapati lan sabalanipun lajêng bidhal kondur dhatêng ing Matawis.
      Kacariyos tiyang kang sami kawon prang kalihan Senapati wau, kathah kang sami ngungsi dhatêng Surabaya, punapa dene putranipun jalêr Panêmbahan Madiun kang nama Mas Calonthang, inggih angungsi dhatêng Surabaya, sampun kapundhut mantu dhatêng Pangeran Surabaya, lajêng kadadosakên bupati wontên ing Japan. Ing Wirasaba inggih katanêman bupati, anama Rôngga Pramana, dene ing Kadhiri ingkang dados bupati anama Pangeran Mas. Gadhah sadhèrèk sakawan. Satunggil nama Senapati ing Kadhiri, kalih Saradipa, tiga Kenthol Jajanggu, sakawan nama Kartimasa. Ing sasedanipun Pangeran Mas wau lajêng dipun tanêmi bupati saking Pangeran Surabaya, anama Ratu Jalu. Senapati ing Kadhiri lan sasêdhèrèkipun sami sakit manahipun. Lajêng anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng ing Matawis, sumêja têluk sarta angabdi dhatêng Panêmbahan Senapati ing Matawis. Ingkang dipun utus anama Nayakarti, sêrat sampun kaaturakên ing Panêmbahan. Lajêng winaos. Panêmbahan Senapati,
      — 199 —
      sasampuning maos sêrat sangêt suka ing galihipun. Lajêng ngandika dhatêng Pangeran Wiramênggala, Wiramênggala, sira mênyanga ing Kadhiri, amapaga Si Senapati, sira sun kanthèni Si Tumênggung Alap-alap, lan mantri pamajêgan. Sarta Bupati Pajang, ing Dêmak. Jagaraga lan sabalane kabèh, Si Tumênggung Alap-alap dadia kamituwaning laku andhèrèka ing sira, kongkonan ing Kadhiri iku sira anggawaa[3] barêng, manawa Senapati Kadhiri wis kumpul lan sira, nuli gawanên mulih marang Mataram. Si Tumênggung Alap-alap lan Bupati Dêmak, ing Pajang sira kon abacuk ambêdhah ing Ngrawa. Pangeran Wiramênggala lan ingkang sami kadhawahan wau sadaya aturipun sandika, lajêng sami mangkat. Sampun dumugi ing Kadhiri, amasanggrahan ing dhusun Pakuncèn sakilèning kitha Kadhiri.
      Wondene Bupati ing Kadhiri kang nama Ratu Jalu inggih sampun amêpak bala, sumêja mêthuk ing prang, sarêng ing wanci dalu, Senapati Kadhiri lan sasadhèrèkipun tuwin putra garwanipun lajêng sami lolos sakulawangsanipun antawis tiyang kalih atus. Sumêja kumpul kalihan tiyang Mataram. Sarêng Ratu Jalu sumêrêp nuntên dipun tututi, sumêja katumpês. Kacandhak wontên ing Krakal. Lajêng sami prang, bala Matawis enggal anulungi, arame prangipun namung sakêdhap. Balanipun Ratu [Ra...]

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 200 —
      [...tu] Jalu kêplajêng, lajêng tutup lawanging biting, tiyang Matawis botên anututi, putranipun mantu Senapati Kadhiri, anama Mas Balimbing kataton. Wondene Pangeran Wiramênggala inggih lajêng bidhal sumêja kondur, sarta ambêkta senapati, kèndêl wontên ing Jagaraga. Ki Tumênggung Alap-Alap lajêng dhatêng Ngrawa, ing Ngrawa inggih sampun bêdhah, èstrinipun binoyongan. Rajabrana tuwin rajakaya jinarahan. Ki Tumênggung Alap-alap nuntên bidhal dhatêng Jagaraga, sampun kumpul kalihan Pangeran Wiramênggala, lajêng bidhal dhatêng ing Matawis. Jarahan tuwin boyongan punapa dene senapati ing Kadhiri lan sakulawangsanipun inggih sampun katur ing Panêmbahan Senapati, senapati ing Kadhiri sampun pinaringan padalêman sasadhèrèkipun sadaya, sarta sami ginanjar busana kang sae-sae. Senapati Kadhiri wau pinundhut putra pambajêng dhatêng Panêmbahan, sarta sakalangkung dipun sihi, sampun pinaringan lêlênggah siti dhusun kalih bêlah èwu karya, sadhèrèkipun inggih sami dipun paringi siti dhusun sapantêsipun.
      Kala samantên Panêmbahan arsa adamêl pagêr banon kitha, ingkang dipun angge banon abrit lan banon pêthak. Ingkang anjênêngi nyambut damêl senapati Kadhiri, botên lami nuntên dados kutha bacingah, sakalangkung [saka...]
      — 201 —
      [...langkung] prayogi, sinêngkalan 1509. Panêmbahan ngandika dhatêng Senapati, yagenea kutha iki ora sira dokoki lompongan pirantining bêdhil. Aturipun senapati Kadhiri, bilih wontên mêngsah dhatêng, sumêja kula pêthukakên sajawining nagari Matawis. Sampun ngantos mriki. Panêmbahan ngandika malih, ingsun ngrungu wirayat. Yèn ing Mataram iki besuk bakal rinusak marang wong bang wetan. Wong Mataram bakal kalah prange, iku sira apa ngrungu wirayat mêngkono, senapati matur, yèn taksih gêsang kula, kados botên badhe kêlampahan. Sabab kula ingkang sagah numpês tiyang bang wetan. Panêmbahan sakalangkung suka galihipun.
      Kacariyos para bupati bang wetan sami kaklêmpakan wontên ing Madiun. Sumêja ambêdhah ing Matawis. Ingkang dados pangagênging bupati anama Dipati Gêndhing kalih Dipati Pasagi, anuntên sami mangkat. Lampahing gêgaman dados kêkalih, Dipati Gêndhing nindhihi gêgaman sapalih, lampahipun mêdal salère rêdi Lawu, Dipati Pasagi sarta gêgaman sapalih mêdal sakiduling rêdi Lawu, sakalangkung agêng gêgamanipun. Wondene Panêmbahan Senapati inggih sampun ingaturan uninga dhatêng têlikipun, yèn bupati môncanagara bang wetan sumêja ambêdhah ing Matawis. [Matawi...]
      — 202 —
      [...s.] Lampahing gêgaman maju ro. Panêmbahan lajêng amêpak bala, para putra santana tuwin para bupati Matawis sampun sami pêpak. Senapati Kadhiri nyuwun dados têtindhihing prang, Panêmbahan sampun ngantos têdhak piyambak. Panêmbahan inggih anuruti, gêgaman agêng sampun budhal. Têtindhihipun senapati Kadhiri, sarêng dumugi ing Taji gêgaman kapalih, Pangeran Purbaya angirit gêgaman sapalih, badhe amêthukakên mêngsah kang saking lèr, senapati Kadhiri angirid gêgaman kang sapalih, badhe amêthukakên mêngsah kang saking kidul. Anjog ing dhusun Ngutêr. Anuntên sarêng mangkat. Sampun sami kêpêthuk kalihan mêngsah, lajêng sami prang rame, bala bang wetan kathah kang pêjah, bala Matawis amung sakêdhik kang pêjah, senapati Kadhiri prang ijèn kalihan pamanipun kang nama Dipati Pasagi wau, awit sampun lami anggènipun sêsatron. Kalih-kalihipun sarêng pêjah sampyuh, para santana Matawis sarêng sumêrêp enggal sami ngamuk. Tiyang bang wetan kathah kang pêjah, lajêng dhadhal larut sadaya. Têtiyang Matawis sami ambêbandhang, nuntên bidhal mantuk. Sarta ambêkta jisimipun senapati, lan angrumiyinakên utusan angaturi uninga ing Panêmbahan, yèn senapati pêjah. Panêmbahan sangêt ngungun. Jisimipun senapati andikakakên mêtak ing dhusun Wêdhi, bala Matawis sampun [sa...]
      — 203 —
      [...mpun] sami mantuk dhatêng ing Matawis. Panêmbahan lajêng anggêganjar ing balanipun sadaya kang sami mênang prang. Wondene adhinipun senapati kang nama Saradipa lajêng kaangkat dados bupati anama Martalaya, Ki Jajanggu kaangkat nama Dipati Supônta, Ki Kartimasa kaangkat nama Saradipa, Ki Mas Sari kadadosakên Dipati Dêmak. Utawi sanèsipun kang sami jinunjung lênggah.
      Kacariyos bupati ing Pathi sumêja balela badhe amêngsah ing Matawis. Dipun ampah dhatêng para santananipun botên kenging, lajêng utusan dhatêng Matawis, anyuwun ngêrèh siti dhusun salère rêdi Kêndhêng sadaya, sarta anyuwun waos salandheyanipun, kathahipun satus. Utusan inggih sampun mangkat. Sampun kêpanggih kalihan Panêmbahan. Sarta angaturakên ing panyuwunipun ingkang rayi. Panêmbahan inggih lajêng amaringakên siti dhusun salère rêdi Kêndhêng sadaya, wondene waos inggih kaparingakên. Ananging waos kemawon, botên mawi landheyan. Utusan lajêng mantuk. Ing sapungkuring utusan, Panêmbahan ngandika wêwartos dhatêng Dipati Môndaraka, yèn dipati ing Pathi badhe ambalik. Ki Dipati Môndaraka sakalangkung ngungun. Wondene utusan ing Pathi wau inggih sampun matur dhatêng sang dipati lajêng parentah ambêbahak anêlukakên tiyang siti dhusun salère rêdi Kêndhêng, [Kê...]

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 204 —
      [...ndhêng,] sadaya inggih sampun sami nungkul. Amung nagari Dêmak ingkang bôangga, amapag prang muwêr salêbêting biting.
      Adipati Pragola ing Pathi sarêng sampun kathah balanipun lajêng bidhal. Anglurug dhatêng Matawis, lan sabalanipun. Lampahing gêgaman sakalangkung rêsah, samargi-margi tansah anjarah ambêboyong, Adipati Pajang enggal ngaturi uninga dhatêng ing Matawis, yèn Dipati Pathi sumêja ambêdhah ing Matawis. Panêmbahan sarêng mirêng aturipun Dipati Pajang lajêng ngandika dhatêng putranipun ingkang nama Pangeran Dipati Anom. Thole, kowe mangkata lan wong Mataram kabèh, amapagna pamanmu ing Pathi, nanging aja kolawani prang, elingna bae, ewadene yèn mêksa lali iya ladenana, tumbakku iki ênggonên. Dipati Môndaraka sumambung, kapriye dene anakmu bae kang kokongkon mapag prang, takkira ora kêlar anadhahi prange Dipati Pathi. Panêmbahan amangsuli, paman, mila wayah sampeyan kemawon kang kula kèn mêthukakên. Pun adhi ing Pathi kula purih èngêta, lan môngsa kolua amêngsah prang kalihan anak kula. Ki Dipati Môndaraka inggih lajêng kèndêl. Pangeran dipati wau nuntên bidhal lan sabalanipun, kèndêl wontên ing Prambanan.
      Wondene gêgaman agêng ing Pathi sampun dumugi ing Kêmalon. Arêrêb wontên ing ngriku, sarêng enjingipun [e...]
      — 205 —
      [...njingipun] lajêng bidhal majêng, pangeran dipati ing Matawis inggih nuntên bidhal. Amung ambêkta bala kang angampil upacara kemawon. Balanipun ingkang kathah sami katilar wontên ing Prambanan. Botên dangu nuntên kêpêthuk gêgaman ing Pathi, Sang Dipati Pathi kagèt aningali wontên priyantun amêthukakên lampahipun amung kairing ing upacara, dangu-dangu sang dipati botên pandung yèn ingkang putra kapenakan. Sang dipati sangêt kanggêg galihipun, sarta lingsêm. Enggal amurugi taksih numpak kapal sarta pitakèn, thole, bapakmu ana ngêndi, lan kowe mrene iku gawemu apa. Pangeran dipati matur taksih numpak kapal. Raka jêngandika taksih wontên ing wingking, kula dipun utus matur dhatêng sampeyan. Mênggah êggèn sampeyan badhe dhatêng Matawis punika damêlipun punapa, yèn badhe ngrêbat nagari ing Matawis punika tiyang kagungan sampeyan piyambak, sami ugi lan ing Pathi, sampeyan andikakakên wangsul kemawon. Sang Dipati Pragola ngandika sarta malengos. Aku wong wis sumurup watêke bapakmu iku, mung sok ngenaki ati bae, saiki kowe balia, bapakmu konên mrene, anêmonana aku padha tuwa. Pangeran dipati matur, bilih sampeyan botên karsa wangsul, sarta botên karsa èngêt anggèn sampeyan gadhah sadhèrèk [sa...]
      — 206 —
      [...dhèrèk] dhatêng kangjêng rama, kula andikakakên angladosi ing sakarsa sampeyan. Sang dipati sarêng mirêng sangêt duka, sarta wicantên. Bapakmu iku bangêt ênggone mêjanani marang aku, kowe dudu tandhingku prang, kang dakancam-ancam bapakmu, bakal dakjak ngadu karosan sarta katêguhan. Kowe môngsa kêlara anadhahi prangku, kêbat balia bae, ngundanga bapakmu. Pangeran dipati mirêng wicantên sakalangkung duka, ingkang paman lajêng dipun tumbak. Sang dipati sangêt anjola, nanging botên pasah, sarta wicantên. Kowe iki bocah ora kêna digawe bêcik. Wis dikêbat balia, bapakmu bae konên mrene, pangeran dipati mêksa numbaki, sang dipati kraos sakit, nanging botên pasah, enggal nyandhak tumbak. Ingkang putra dipun buntar kenging jajanipun, aniba saking kapal karungkêb ing siti botên emut. Nuntên karêbat dhatêng balanipun, kabêkta dhatêng pasanggrahan Prambanan. Sarta sami ngaturi uninga dhatêng Panêmbahan. Dene sang dipati ing Pathi inggih lajêng kèndêl lan sabalanipun wontên ing ngriku cakêt lèpèn Dêngkèng sarta abêbiting, kang dipun damêl galugu. Panêmbahan Senapati sarêng dipun aturi uninga yèn ingkang putra katèmpêr, sangêt anggènipun kagèt. Lajêng angandika dhatêng garwanipun kang saking Pathi, bakyunipun dening Sang Dipati Pathi, nimas,
      — 207 —
      adhimu wis lali têmênan. Pratandhane dene kolu anumbak kaponakane. Ingkang garwa matur, yèn mêngkatên kula inggih sampun lila pêjahipun rayi sampeyan, sabab sampun awon.
      Panêmbahan lajêng dandos. Sarêng sampun samêkta nuntên bidhalan bala kêkapal sadaya, lampahipun asêsandêran. Dumuginipun ing pasanggrahan Prambanan sampun dalu. Panêmbahan kèndêl sakêdhap anata bala, sarêng sampun tata lajêng bidhal wanci lingsir dalu, Ki Dipati Môndaraka botên kantun. Lampahing baris sampun cakêt lan bitingipun dipati, bala Matawis sami surak, bêndhe Kyai Bicak tinabuh, swaranipun angungkung, bala ing Pathi gègèr sami lumajêng ing sapurug-purug. Panêmbahan badhe lumêbêt ing biting botên pinanggih marginipun. Ki Dipati Môndaraka enggal anarik dhuwungipun. Anama Kyai Culik. Lajêng kapancasakên ing bètèng galugu, rantas têtiga, Kyai Môndaraka adêdah margi dhatêng ingkang putra, Panêmbahan enggal lumêbêt sakapalipun sarta bala ing Matawis. Lajêng sami ngamuk. Bala ing Pathi botên wontên kang sagêd malês. Kathah ingkang pêjah, Sang Dipati Pathi sarta balanipun kang taksih gêsang sami lumajêng atilar biting, kasarêngan lèpèn Dêngkèng banjir ladhu, bala ing Pathi sami ambyur, kathah kang pêjah dening toya, palajêngipun sang dipati [di...]

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 208 —
      [...pati] lan sabalanipun sumêja mantuk dhatêng ing Pathi, Panêmbahan lan sabalanipun anglud. Sang dipati sarêng dumugi ing nagarinipun, enggal utusan anêdha bantu dhatêng para bupati kang cêlak-cêlak ing Pathi, para bupati wau inggih sami ambantoni prajurit. Lajêng sami tata baris wontên ing Pathi. Panêmbahan inggih nuntên dhatêng lan sabalanipun, lajêng prang, tiyang ing Pathi kawon. Kathah kang pêjah, sami lumajêng ambyur ing lèpèn banjir, kathah kang pêjah dening toya, sang dipati ing Pathi botên kantênan pêjah tuwin gêsangipun. Bala Matawis sami angrêrayah, sarta ambêboyongi, bêdhahing Pathi sinêngkalan 1551. Panêmbahan nuntên kondur dhatêng Matawis lan sabalanipun.
      Kala samantên Panêmbahan Senapati sampun tulus anggènipun jumênêng ratu, nagari Matawis sakalangkung gêmah raharja, Ki Dipati Môndaraka matur, Panêmbahan dipun aturi anggêbag nagari bang wetan kang dèrèng nungkul. Wangsulanipun Panêmbahan, paman, sapunika dèrèng mangsanipun. Benjing putu kula kang anêlukakên tiyang tanah Jawi sadaya, jumênêng ratu agêng tanpa timbang, kula punika amung abêbadhe kemawon, kalih dene benjing yèn kula sampun tinêkakakên ing jaji,[4] kang kula lilani anggêntosi kula jumênêng ratu ing Matawis, anak kula pun Jolang, sanajan anèm. [anè...]
      — 209 —
      [...m.] Sabab badhe anurunakên, wiji anak-anak kula sadaya, bilih wontên kang botên angestokakên ing wêwêling kula punika, sami kenginga bêbênduning Allah, sampeyan sarta pun adhi Mangkubumi ingkang sami anjumênêngêna ratu ing wayah sampeyan. Ki Dipati Môndaraka matur sandika. Kala samantên Panêmbahan Senapati anggènipun jumênêng ratu sampun tigang taun. Panêmbahan lajêng gêrah sangêt andadosakên sedanipun. Kasarèkakên sakilèning masjid, ing dagane kang rama, sinêngkalan 1552.
      Sarêng ing dintên Soma Ki Dipati Môndaraka sarta Pangeran Mangkubumi miyos dhatêng ing sitinggil. Anganthi Pangeran Dipati Anom. Pangeran dipati kalênggahakên ing dhampar mas. Dipati Môndaraka lan Pangeran Mangkubumi angapit kiwa têngên. Pangeran Mangkubumi jumênêng sarta ngandika sêru, sarupane wong Mataram kabèh sira padha anêksenana, yèn pangeran dipati samêngko jumênêng sultan. Anggêntèni ingkang rama, manawa ana wong kang masgul atine sarta ora ngestokake, padha têkakna budimu ing saiki, aku mungsuhe prang. Tiyang ing Mataram sadaya saurpêksi jumurung, para santana tuwin bupati mantri lajêng sami ngabêkti ing sang prabu, sang nata nuntên kondur angadhaton.
      Kacariyos salaminipun jumênêng sang prabu anyar wau,
      — 210 —
      nagarinipun gêmah raharja, ajêg adil ukumipun, kukuh ing agaminipun. Kala samantên sang nata parentah dhatêng balanipun, andikakakên andamêlakên patamanan ing Danalaya, prênah sakilèning kadhaton. Karsanipun sang prabu badhe kadamêl panggenan kalangênanipun panakawan tiyang bule satunggil anama Juru Taman. Sabab angrêsahi ing kadhaton. Asring amindha warninipun sang prabu, para garwa sêliripun sang nata kathah kang sami kalintu, dipun nyana sang prabu, salaminipun makatên pratingkahipun Juru Taman, bala ing Matawis sadaya inggih lajêng sami anggarap taman. Botên lami tumuntên dados. Pun Juru Taman wau inggih sampun kaprênahakên ing ngriku.
      Sang nata nuju ing dintên Rêspati miyos sinewaka, para santana tuwin mantri bupati pêpak sami sowan sadaya, amung ingkang raka sang prabu, kang nama Pangeran Pugêr botên sowan. Sabab isin bilih sowan alênggah ing ngandhap. Karsanipun adarbea cangkok nagari piyambak. Nanging botên purun agadhah panyuwun dhatêng ingkang rayi. Sang prabu sadangunipun sineba aningali ingkang raka botên sowan, lajêng ngandika dhatêng Ki Dipati Môndaraka, eyang, kadospundi rêmbag sampeyan prakawis Kangmas Pugêr, punika pamanah kula sangêt pakèwêdipun yèn taksiha wontên ing
      — 211 —
      Matawis ngriki, ingkang dados pikajêngan kula, badhe kula dadosakên bupati wontên ing Dêmak. Ki Dipati Môndaraka tuwin para santana sadaya inggih sami amrayogèkakên ing karsanipun sang prabu, malih dadosa tampingipun nagari Matawis. Sang nata lajêng utusan angaturi ingkang raka Pangeran Pugêr, Pangeran Pugêr inggih enggal dhatêng, lajêng ingaturan lênggah jèjèr kalihan ingkang rayi, sang nata angandika, kangmas, sampeyan kula dadosakên bupati wontên ing Dêmak. Amuktia wontên ing ngriku, dadosa tamping rumêksa nagari Matawis. Pangeran Pugêr matur nuwun. Sang nata lajêng kondur angadhaton. Ing enjingipun Pangeran Pugêr nuntên mangkat. Lan saputragarwanipun boyong dhatêng ing Dêmak, tiyang ing Dêmak suyud sadaya. Pangeran Pugêr sampun mukti sangêt. Sarêng ing lami-lami Pangera Pugêr wau supe yèn kalèrèh dhatêng ingkang rayi sang prabu, sumêja balela, arêbat waris ing karaton. Awit kenging pambangusipun kalerehanipun bupati, kang nama Dipati Gêndhing, kaaturan jumênêng nata, sabab putra sêpuh piyambak. Sampun wajib anggêntosi ingkang rama jumênêng ratu. Pangeran Pugêr wau inggih lajêng amiturut. Nuntên andhawahakên parentah dhatêng balanipun. Andikakakên

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 212 —
      ngirup tanah salère rêdi Kêndhêng sadaya. Pangeran Pugêr sampun kathah balanipun. Ing sabên dintên tansah tata gêgamaning prang sumêja ambêdhah nagari Matawis. Ingkang minôngka andêl-andêlipun anama Dipati Gêndhing kalih Dipati Panjêr. Sarêng sampun samêkta lajêng bidhal. Gêgaman sakalangkung agêng, Pangeran Pugêr anindhihi piyambak. Ing samargi-margi tansah angrayah sarta ambêboyong.
      Adipati ing Pajang sarêng mirêng pawartos, enggal angaturi uninga dhatêng ing Matawis. Sang prabu pinuju miyos sinewaka, Adipati Pajang matur, yèn ingkang raka ing Dêmak samangke balela, sumêja anggêcak ing Matawis. Sampun apacak baris wontên ing dhusun Tambakuwos. Sang prabu sarêng mirêng sakalangkung ngungun. Nuntên angundhangi bala, angrakit gêgamaning prang, sang nata badhe tindak piyambak. Ingkang sami kadhawahan matur sandika, sang prabu lajêng angangkat nama ingkang rayi kêkalih, Radèn Tambaga kaangkat nama Pangeran Pugêr, Radèn Kadawung kaangkat nama Pangeran Dêmang Tanpanangkil. Sang nata lajêng kondur angadhaton. Sasampuning samêkta sang prabu lajêng bidhal lan sabala sadaya, lampahing gêgaman sampun dumugi ing Tambakuwos, ajêngan kalihan tiyang Dêmak, sarêng enjingipun lajêng têmpuh prang rame, bala ing Dêmak karoban, kathah kang pêjah, [pê...]
      — 213 —
      [...jah,] Dipati Gêndhing tuwin Dipati Panjêr sampun pêjah, Pangeran Pugêr ing Dêmak sampun kacêpêng wontên satêngahing paprangan. Lajêng binêsta katumpakakên ing tandhu, bala ing Dêmak kang taksih gêsang sampun larud lumajêng sadaya. Bala Matawis sami matur ing sang prabu, yèn ingkang raka sampun kacêpêng, timbalanipun sang nata, ingkang raka wau andikakakên mêrnahake ing Kudus, lan sagarwaputranipun. Sampun ngantos kasukanan rencang, ingkang kadhawuhan matur sandika, Pangeran Pugêr wau sampun kadèkèkakên ing Kudus, sakalangkung mêmêlas.
      Wondene sang nata inggih sampun kondur dhatêng Matawis, sarta anggêganjar dhatêng balanipun. Lan anjunjung lênggahing kang abdi lurah ganjur, kang nama Ki Gada Mastaka, kadadosakên bupati wontên ing Dêmak, kaparingan nama Tumênggung Endranata. Ingkang rayi sang prabu, kang nama Pangeran Jayaraga, katanêm Bupati ing Panaraga sarta angrèh Bupati sakawan. Pangeran Jayaraga, katanêm bupati ing Panaraga sarta angrèh bupati sakawan. Pangeran Jayaraga sampun mukti wontên ing ngriku, kalerehanipun bupati sakawan wau anama Pangeran Rôngga, kalih Panji Wirabumi, tiga Malang Sumirang, sakawan Nayaita. Sarêng lami-lami Pangeran Jayaraga wau kalimput ing kamuktèn. Sumêja jumênêng nata, badhe angrêbat karaton ing Matawis. Dipun pêpalangi karsanipun dhatêng
      — 214 —
      bupati sakawan botên kenging, bupati sakawan wau sampun sami rêmbag angaturi uninga dhatêng ing Matawis. Lajêng sami mangkat. Abdinipun Pangeran Jayaraga para lurah sarêng sumêrêp yèn bupati sakawan sami dhatêng ing Matawis sangêt ing kajrihanipun. Para lurah enggal sami nusul dhatêng Matawis. Sadhatêngipun ing Matawis sang prabu pinuju miyos sinewaka, Pangeran Rôngga lan sakancanipun lajêng sami pepe sakidule waringin kurung, sang nata kagèt aningali, enggal utusan amariksa, Pangeran Rôngga lan sakancanipun matur balaka, yèn ingkang rayi sumêja balela, sang nata sarêng mirêng atur makatên sakalangkung duka, lajêng ngandika dhatêng ingkang rayi nama Pangeran Pringgalaya, adhi mas, sira mênyanga ing Panaraga, lan Si Martalaya, kakangira Pangeran Jayaraga tundhungên saking Panaraga lan saanakbojone, dokokna ing Masjid Watu, sabarang duwèke jarahana, mênawa ana bature kang bôngga padha patenana, dene Pangeran Rôngga iku lan sakancane gawanên bali marang Panaraga. Pangeran Pringgalaya lan Tumênggung Martalaya matur sandika, lajêng mangkat sabalanipun. Tuwin Pangeran Rôngga wau inggih tumut. Lampahipun sampun dumugi ing Panaraga, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Jayaraga, Pangeran Jayaraga sarêng kadhawuhan timbalan dalêm [dalê...]
      — 215 —
      [...m] aturipun sandika, sarta sangêt kaduwungipun. Angraos yèn kalêpatan. Anuntên pradandosan. Lajêng dipun angkatakên dhatêng ing masjid watu, dene Pangeran Pringgalaya lan sabalanipun inggih sampun bidhal kondur dhatêng ing Matawis sarta ambêkta jarahan. Pangeran Rôngga lan sakancanipun inggih tumut wangsul dhatêng ing Matawis malih, sadhatêngipun ing Matawis sampun katur ing sang prabu, yèn ingkang rayi sampun kakesahan dhatêng ing masjid watu, botên kabêktanan rencang, amung lan garwa putranipun. Sabarang darbèkipun sampun katur sadaya, sang prabu sakalangkung suka, lajêng ngandika dhatêng Pangeran Rôngga, Pangeran Rôngga, sira muliha marang Panaraga lan sakancanira kabèh, nagara Panaraga tatanên kang bêcik. Pangeran Rôngga matur sakalangkung nuwun. Nuntên mangkat mantuk dhatêng Panaraga. Sang nata ngandika malih dhatêng para santana tuwin para bupati, bocah ingsun kabèh, apa dene sanak-sanak ingsun, sira padha sumurupa, wêwalêre kangjêng rama swargi, sanak-sanak ingsun kabèh andikakake padha atut. Sapa kang ora ngestokake, amêsthi padha ora nêmu salamêt, samêngko wis ana kanyataane, Kangmas Pugêr karo si adhi Jayaraga, karo-karone padha anêmu papa, sang nata lajêng kondur angadhaton.
      Kala samantên sang nata sampun pêputra gangsal. Pambajêngipun [Pamba...]

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎— 216 —
      [...jêngipun] anama Mas Rangsang, kalih èstri anama Ratu Pandhan, tiga Dèn Mas Pamênang, sakawan Radèn Mas Martapura, agadhah sakit ewah nanging mêmangsan. Wuragilipun anama Dèn Mas Cakra. Dene Pangeran Mangkubumi inggih sampun pêputra kêkalih, ingkang pambajêng sampun dados bupati, anama Dipati Sokawati, ingkang rayi anama Bagus Pethak. Dados bupati ing Madiun. Pangeran Singasari putranipun satunggil anama Pangeran Balitar, Pangeran Pringgalaya putranipun kathah nanging ingkang kacariyos amung kêkalih, satunggil anama Radèn Prawirataruna, kalih anama Dipati Martasana. Adipati Môndaraka putranipun sakawan. Pambajêngipun anama Pangeran Mandura, kalih Dipati Wirapraba, tiga anama Panêmbahan Jurukithing, wuragilipun èstri krama angsal dipati ing Batang, Pangeran Mandura wau sampun pêputra kêkalih, anama Pangeran Mandurarêja, kalih anama Pangeran Upasônta.
      Kacariyos sang nata anggènipun jumênêng ratu sampun kalih wêlas taun. Kala samantên gêrah sangêt. Pinuju wontên ing Krapyak, ingadhêp para putra tuwin santana, sang prabu angandika dhatêng kang eyang Dipati Môndaraka, lan dhatêng kang raka Pangeran Purbaya, eyang, ki mas, benjing ing sapêngkêr kula ingkang kula lilani jumênêng
      — 217 —
      ratu anggêntosi ing kula, buyut sampeyan Dèn Mas Rangsang, karatonipun punjul angungkuli kula, tiyang ing tanah Jawi badhe sumuyud sadaya, ananging sarèhning kala rumiyin kula gadhah kêkudangan, pun Martapura kula kudang jumênêng nata, punika mugi sampeyan jumênêngakên ratu sakêdhap, minôngka isarat angluwari kêkudangan. Tumuntên sèlèha karaton dhatêng pun Rangsang, sang nata lajêng ngandika dhatêng para putra tuwin santana, sanak-sanakku kabèh, dibêcik sarta diatut ênggone padha saduluran. Sapa kang miwiti ala muga aja nêmu slamêt. Wis padha dibêcik kèri. Sang nata sampun seda, tangis gumêrah, layon sampun karêsikan. Lajêng kasarèkakên sakilèning masjid. Ing dagane kang rama tuwin kang eyang, sinêngkalan 1565.
      Radèn Martapura lajêng kajumênêngakên nata dhatêng Ki Dipati Môndaraka tuwin Pangeran Purbaya, sarêng ing dintên Soma sang nata dipun aturi miyos sinewaka, Sang Prabu Martapura inggih lajêng miyos sinewaka, pinarak ing dhampar mas. Ki Dipati Môndaraka sarta Pangeran Purbaya angapit kiwa têngên. Ki Dipati Môndaraka abisik-bisik dhatêng sang prabu, kinèn lumungsur, apasraha karaton dhatêng Dèn Mas Rangsang saking wêwêlingipun ingkang rama swargi, Sang Prabu Martapura inggih enggal
      — 218 —
      lumungsur, ingkang raka Dèn Mas Rangsang kaaturan lênggah ing dhampar. Pangeran Purbaya angandika sora, hèh sarupane wong Mataram, sira padha nêksènana, yèn Radèn Mas Rangsang jumênêng nata anggêntèni ingkang rama, ajêjuluk Kangjêng Sultan Agung, Senapati Ing Ngalaga Ngandurahman. Sapa wong Mataram kang ora ngestokake utawa masgul, ing saiki têkakna ing kaniyatane, aku mungsuhe prang. Sakathahe bala Matawis sami saurpêksi jumurung sadaya, sang prabu anyar lajêng kondur angadhaton.
      Kacariyos kala panjênênganipun sang prabu punika, nagari Matawis sakalangkung gêmah raharja, misuwur yèn ratu agêng ambêk adil paramarta, angungkuli kang rama swargi, balanipun sami ajrih asih, dene jêjulukipun Kangjêng sultan Agung Prabu Pandhita Anyakrakusuma, sarta misuwur yèn sakalangkung sêkti, ing sabên dintên Jumungah sang prabu asring sêmbahyang dhatêng ing Mêkah. Dene Ki Dipati Môndaraka apanjang umuripun. Ngantos mêningi ratu têtiga, kala samantên Ki Dipati Môndaraka sampun seda, kasarèkakên ing Matawis. Dene putranipun kang nama Pangeran Mandura sarta kang nama Dipati Wirapraba, inggih sampun sami seda, kapêtak ing Gambiran. Kang taksih gêsang amung Ki Jurukithing inggih apanjang umuripun.
      — 219 —
      Kala samantên kangjêng sultan miyos sinewaka, para santana tuwin bupati mantri sapangandhap inggih sampun sami sowan sadaya, kangjêng sultan ngandika dhatêng Ki Tumênggung Suratani, Suratani, sira ngluruga marang ing bang wetan. Bala ing Mataram kabèh sarta para santananingsun sira gawaa, adunên prang, sira kang dadi senapati, yèn ana wong Mataram kang mundur satêngahing prang uwisna. Ki Tumênggung Suratani matur sandika, lajêng pradandosan. Sarêng sampun samêkta lajêng budhal. Wondene nagari pasisir tuwin môncanagari kang sampun karèh dhatêng Matawis sadaya inggih sampun tumut. Mila gêgamanipun Ki Suratani sakalangkung agêng. Ing saangkatipun Ki Suratani kangjêng sultan lajêng dhawuh dhatêng Radèn Jayasupônta andikakakên nusul ngalurug, angulatna prangipun bala ing Matawis, ingkang awon lan ingkang sae damêlipun. Sarta andhawahana dhatêng Radèn Suratani, yèn ing Pasuruan botên kalilan ambêdhah, sabab dèrèng mangsanipun. Kaliwatana kemawon. Ki Jayasupônta matur sandika, lajêng mangkat. Sampun anunggil kalihan Radèn Suratani, lampahipun gêgaman agêng sampun dumugi ing Winongan, lajêng masanggrahan sarta arêropoh. Wondene ki bupati ing Balambangan tuwin bupati ingkang dèrèng karèh dhatêng ing Matawis inggih sampun sami kêmirêngan yèn dipun lurugi, sarta sampun [sampu...]

      2 hours ago · Like
    • Trah Limansantoso ‎….. BERSAMBUNG KEHALAMAN II ……

    • Mazandre Cokro manteb sanget

      5 minutes ago · Like
    • Damar Shashangka OMG. ini karangan pujangga Jawa Baru jaman Mataram.

      4 minutes ago · Like
    •  

      Indra Prayana OMG, ini kitab suci Indonesia Asli … akhirnya Indonesia Punya kitab suci sendiri. :D

      2 minutes ago · Like

5 comments on “BABAD – TANAH – JAWA

  1. salam kenal dari kami untuk semua…yang merindukan islam rahmatan lil alamin
    “andri susanto”

  2. assslamualaikum wrwb,,,
    dimana saya bisa kelanjutanya,,,,
    terima kasih karna telah berbagi wawasan yang sangat -sangat berguna
    wassalam

  3. It’s very simple to find out any matter on net as compared to textbooks, as I found this paragraph at this web site.

  4. What’s up, its fastidious piece of writing regarding media print, we all understand media is a enormous source of data.

  5. There are also varied websites that can acquaint you with
    the government involvement as well. You will
    be paid extra for the electricity that you export.
    At about 8′ down depending on your climate the ground stays 68 degrees.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Catatan Safari ANS

Terlambat Satu Detik Kerugian Satu Milyar

Women Terrace

to say something that i never talk before

Kanzunqalam's Blog

AKAL tanpa WAHYU, akan berbuah, IMAN tanpa ILMU

Cahayapelangi

Cakrawala, menapaki kehidupan nusantara & dunia

religiku

hacking the religion

SANGKAN PARANING DUMADI

Just another WordPress.com site

WordPress.com

WordPress.com is the best place for your personal blog or business site.

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

Bergabunglah dengan 4.979 pengikut lainnya.

%d bloggers like this: